Laras Belambangan Tansaya Ilang (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 17 April 2024 08:13 WIB)
- Opini
Anane Festival-festival hang ana ring Banyuwangi saiki iki akeh temenan maceme. Emeh 100 macem akehe Festival Banyuwangi saiki. Ikitah hang dikarepaken kepingin nduduhaken ubege Banyuwangi nyang macem-maceme kegiyatan hang ana ring Banyuwangi? Mesthi bain salah siji kekarepan hang wis mesthi katon yaiku promosi wisata. Pungkase cerita bisa nekokaken wong ngelencer nyang Banyuwangi lan bisa nyangking devisa kanggone pendapatan Banyuwangi.
Kadhung diarani rame ya pancen rame, kadhung diarani ndhemenaken ya engko sulung, ndhemenaken kanggone sapa sulung? Iki kasunyatane hang aran Festival Banyuwangi ring tahun-tahun iki ana hang nggawe dhemen naming ana uga hang gawe priyatin.
Kudune priyatin, acaketah ematena hang temenanan. Ring sakanane Festival Banyuwangi iku, yaiku ring pestipal hang magih nggawa kesenian Banyuwangi hang dadi punjere, umpamane pestipal hang magih nggawa tabuhan tradhisi Banyuwangi. Tabuhan tradhisi iku nyatane ring pestipal-pestipal iku wis nggawe kolaborasi antarane tabuhan Banyuwangi hang tradhisional ambi musik-musik modheren, kayata: BEC (Banyuwangi Ethno Carnival), Lalare Orkestra Konser, Jazz Pantai lan Jazz Gunung lan magih ana ring liyan-liyane. Iya tahwis diweni jempol papat hang gediku iku. Kepingine nggawe barang anyar makene sing bolak-balik gediku bain, iku arane kreatif. Dhung milu ngerasakaken gediku rasane kaya nak metek dhadha.
Sabene ring Festival Marching Band Etnik Ala Banyuwangi, Lalare Orkestra Konser, lan BEC ana campuran antarane tabuhan Banyuwangi laras selendro ambi tabuhan moderen hang diunekaken bareng kolaborasi musik moderen drumband (klarinet, saxophone, drum, terompet, lan simbal) lan tabuhan Banyuwangi kayata angklung, suling, kendhang, lan saron. Ana hang ngomong iku apik seru.
Sulungtah sulung. Nyatane nyampur antarane tabuhan Banyuwangi hang duwe laras selendro iku nyatane ya sing gampang, jare ilmu musike kudu ana ilmu harmoni. Hang gediku iku sing gampang digathuk-gathukaken. Kadhung awak dhewek titi ngerungokaken unine mesthine ana kontras harmoni, merga siji-sijine nggawa titi laras hang beda ring ukuran unine ring siji-sijine wilahan. Diibarataken kadhung loro-lorone muni bareng kaya ana tabrakan prekuensi hang nyatane ning kuping sing enak seru. Hang siji titi laras selendro (tangga nada –kadhung ring musik barat) selendro Banyuwangian ambi tangga nada musik barat hang titi nadane pentatonis barat. Ring kene penulis ngarani kontra harmoni.
Aransemen musik hang digelar ring kana nggawa gendhing-gendhing klasik Banyuwangi hang wis anjrah nong kupinge wong Banyuwangi kayata: Ulan Andhung-Andhung, Gerajagan, Kali Elo, Dhonge Mekar, Bang Cilang-cilung lan Tanah Kelahiran. Kerungune seliring anggone serta ditabuhi ambi tabuhan Banyuwangi hang digathukaken nyang musik-musik modheren iku. Paran maning nganggo Keyboard balaira, terompet, trombon lan sakpinunggalane.
Kadhung dirungokaken maning kerasa njomplang unine gendhing hang dibarengaken antarane unine instrumen drum band (balaira, klarinet, saxophone, terompet) lan ambi tabuhan Banyuwangi laras selendro Banyuwangian kayadene saron, selenthem, lan peking. Aja maning dibarengaken main gentenan bain kuping kudu mapak-mapakaken sulung, paran maning dibarengaken.
Magih enget bengen ring tahun 90-an, ruwahe Inisisri musisi nasional hang kreatif nggawe kolaborasi musik Banyuwangi hang dipendhekari ruwahe Kang Adnan Cungking. Wangune Inisisri pinter nggawe campuran iku. Inisisri ngarti temenan anggone ngolaborasi tabuhan Banyuwangi hang ritmik ambi suarane drum barat hang kuat. Inisisri hang uga personile Kantata Takwa iki sing nguthik antarane titi Laras Banyuwangi lan Tangga Nada Pentatonis barat mauka iyane milih perkusi Banyuwangi lan perkusi barat hang sing nganggo titi laras. Iku kabeh kelebu aman lan bisa diterima ring masyarakat musik. Kolaborasi antarane Inisisiri ring perkusi barat lan Kang Adnan ring perkusi Banyuwangi nyatane bisa anjrah nong bumi Nusantara lan negara manca.
(Ana sambungane)
Moh. Syaiful
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Antariksawan Jusuf