Laras Belambangan Tansaya Ilang (Bagiyan 2, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 18 April 2024 06:07 WIB)
- Opini



Hang dadi pitakonan ikitah hang aran kemajuan, singtah iki hang aran kemunduran? Saktemene iki keneng diarani rekadaya hang arep minggiraken Laras Belambangan (Tangga nada Banyuwangi) iku dhewek.  Pancen ring panggonan hang liya iki dadi wadhah kanggone murid-murid nguri-uri lan njunjung potensi lan kreatipitas ring tetabuhan Banyuwangi kaya dene hang diucapaken bupati Banyuwangi ring sambutan Festival Drumband Etnik.
   Temenan prihatin, anggone wong Banyuwangi hang wis diwarisi Laras Belambangan arupa Tangga Nada Banyuwangi taping hing pati njaga. Sing gampang temenan anggone para empu tetabuhan bengen gawe laras iku mau. Hang paling diwedeni kadhung wis kabeh seru dhemene nyang laras diatonis aju terus ana kolaborasi tabuhan Banyuwangi hang wis dilaras nganggo Tangga Nada diatonis Barat. Suwen-suwene wong-wong iku mau kaget kadhung weruh utawa rungu laras Belambangan iku dhewek muni. Sing kerasa tambah suwe aran kupinge wong Banyuwangi kelagot nyang diatonis iku mau. Serta wis dadi adate serta rungu tabuhane dhewek yaiku Laras Belambangan malah bisa ngarani seliring.
   Laras Belambangan (selendro Banyuwangian) hang wis lawas anjrah nong bumi Nusantara iki sakat bengen wis nduwe harmoni lan pelanggeran dhewek kanggo wong Banyuwangi. Nyatane bengen wong-wong Nusantara ya wis bisa nerima gendhing-gendhing angklung Banyuwangi hang nganggo laras Belambangan iku mau, umpamane “Genjer-genjer”, “Ulan Andhung-andhung”, utawa“Luk-luk Lumbu” hang nyatane bisa ngerambah jagat.
   Laras Belambangan hang wis digawe ambi para empu Banyuwangi nganggo ritual hang sing gampang kayata tirakat, melekan lan puwasa dienggo nggolet wangsit makene bisa nemu laras iku mau kudune ya diregani ring anak-putune hang saiki. Iku kabeh nyatane nggawe wong manca terus kaju lan nggumun nyang rekadayane wong Banyuwange ring anggone gawe tabuhan Banyuwangi. Kabeh iku mau nduduhaken aluse rasa hang diduweni wong Banyuwangi nyang tabuhan khas Banyuwangi iki.
   Mupakate kudune ya diupayakaken anggone wong Banyuwangi terus nguri-uri Laras Belambangan. Pestipal-pestipal hang nganggo tabuhan Banyuwangi kudu diwanti-wanti temenan nganggo laras hang aseli Belambangan. Yayasan utawa Perguruan Tinggi uga peneliti kudu duwe tekad hang carem anggone nyelametaken Laras Belambangan mauka. Seminar, diskusi lan gesah kudu terus diuri-uri makne bisa nemu kelendi carane Laras belambangan iki lestari lan tambah ajeg ring bumi Belambangan iki.

Moh. Syaiful

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Moh. Syaiful