Laras Patrol Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Agustus 2024 07:52 WIB)
- Opini



Laras Patrol Banyuwangi
Ditulis ring Moh. Syaiful

    Laras thethek patrol Banyuwangi iki biyasahe sing kewates mung ana ring laras selendro bain naming uga bisa laras pelog utawa laras diatonic. Mergane kekuwatane patrol ana ring timpalan thethekan (ritmis) sing ana ring titi nada (melodis).
    Pilihan nyang laras selendro, pelog, utawa diatonic dicocogaken ambi gendhing-gendhing hang digawa. Melodi suling biyasahe sangu loro yaiku suling pelog lan suling selendro. Umpama arep nggawa gendhing salawatan thethek patrol bisa uga nabuhi, iki merga patrol pekakas tabuhe akeh-akehe pekakas ritmis dudu melodis. Nggawane gendhing paran jare sindhen utawa gandrunge.
   Gendhing thethek patrol biyasahe nggawa gendhing salawatan. Iki mergane patrol hang saiki iki dienggo nggugah wong saur. Ulan Pasa patrol nyatane ana butuhe maning yaiku mau kanggo nggugah wong hang arep saur hang ngelakoni puwasa ring dina engkisuke.
    Gendhing wajib hang dipilih panitiya lomba patrol nyatane ya gendhing hang dikarepaken gendhing hang cocog anggone ring ulan Pasa yaiku umpamane “Tamba Ati”, “Muji Syukur”, “Salawatun Nabi”, “Lelepak Lelepung”, “Muruk Ngaji”, lan gendhing islami liyane.
 
Instrumen ring patrol:
1. Gong jajang 1
2. Gong Cilik (Dhundhung) 1
3. Kempul 1
4. Othek, bisa 2 wilah yaiku othek lan tempal
5. Uluk-uluk (saron jajang) 2, paling akeh nganggo 4 wilah
6. Uluk-uluk cilik (pethit jajang) 2, paling akeh 4 wilah
7. Theruthuk 3 bisa muni 3 laras
8.  Suling jajang 1, bisa selendro utawa pelog
9. Vokalis/Sindhen/Gandrung 2, bisa lanang utawa wadon, bisa ngerangkep nabuh
10. Kluncing1, bisa ngerangkep sindhen

  Jenggirate thethek patrol iki kudune terus dijaga. Anane Festival Patrol ring "Banyuwangi Festival" kapara nyata wis nggugah kerentege ati nguri-uri tradhisi Banyuwangi. Sing kariya penting hang aran sapa hang menang hang penting kesenian Banyuwangi bisa lestari sakdawane jaman. Muga bain ana event-event liyane kanggo nerusaken Festival Patrol iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Moh. Syaiful

Editor: Hani Z. Noor