Lare Banyuwangi Milu Juwara Tembung Internasional

HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Rabu, 23 Agustus 2023 06:23 WIB)
- Tokoh



Fairus Al Alifi Kurniawan, murid kelas pitu SMPU Habibulloh Banyuwangi ambi sak kancaan mboyong piyala juwara 1 tembung ring Malaysia. Iyane dadi salah siji anggota tim U12 makili Indonesia. Menyang teka Banyuwangi dina Kemis (17/8), mulihe mboyong piala Juara 1, ngalahaken wakil teka negara Malaysia, Thailand, Kamboja, lan Lao PDR/Laos kang milu nong pertandingan Internasional Club Football League (ICFL ASEAN) kang dianakaken tanggal 18-21 Agustus 2023.

Fairuz celukane, lair ring Banyuwangi 10 Maret 2011. Anak nomer telu lan kemunjilan teka pasangan Abdul Raji ambi Suhartini warga Perum Ketapang Baru A13 Jl. Lingkar Ketapang desa Ketapang, kecamatan Kalipuro. “Anakisun telu, kang penggarep lan kang tengah lulusan Habibulloh. Temune adhike kang kemunjilan Sun lebokaken ring kene pisan (SMPU Habibulloh). Fairuz larene aktip, sakat cilik Sun pilokaken kursus-kursus ya renang, sepak bola, kang didhemeni larene. Minangka wong tuwek Isun kari ngetutaken karepe anak, kang penting teka ring apike. Diomesi bain masiya kudu ngateraken lan nyusuli. Untunge pihak pondhok pesanteren Habibulloh ngumani kelonggaran, ngidini siswa kang duwe aktivitas ring jaba. Kesuwun kanggo Askab Banyuwangi, bapak/ibu Guru, ustad/ustadah, pengurus ponpes lan kabeh kang wis aweh ndhukung lan ndonga”, gedigu gesahe Pak Abdul Raji bapake Fairus bangete ngateraken anake melaku mondhok.

Setemene Fairuz mula nduweni bakat nong bidhang olahraga. Wis akeh prestasi kang tau digape sakat SD. Juwara renang tingkat kabupaten Banyuwangi, juwara renang tingkat Lumajang lan Jember, juwara lomba sepatu roda pisan, sing nggawe larene kerasa cukup. Iyane sakat magih SD milu klub sepak bola kang ana ring parek umahe, Ketapang. Wong tuweke ndhukung iyane kanggo milu seleksi kang dianakaken ambi Askab PSSI Banyuwangi ring Pesanggaran kanggo tandhing makili Indonesia. Fairuz dadi salah sijine peserta kang lulus seleksi.

“Miturut Isun, lamuna ana murid kang nduweni bakat lan bisa nduwe perestasi, sing kudu nggawa bendera sekolahan. Milu klub sepak bola/futsal endi bain, mangga. Milu seleksi nong njaba ya sing digandholi. Bebas, kang penting lare bisa ngembangaken bakate lan nggawe perestasi. Ring SMPU Habibulloh sakat taun sore ana ekstrakurikuler futsal lan taekwondo. Saben lare yara nduweni bakat kang beda-beda. Kanggo ndeleng bakate lare iku carane ana loro; kawitan dideleng teka perakteke, lan dideleng teknik dhasare. Ibarate lare Si A kang bakat lan teknik dhasare apik nong bidhang taekwondo aju dilatih lan dibecikaken gerakane makene lebih sampurna. Si B kang bakat lan teknik dhasare apik nong bidhang futsal aju bain dilatih. Lalare iku seliyane dilatih uga disurung makene gelem milu klub utawa persatuan. Dadi lare sing mung nyageraken latihan teka sekolahan. Mergane waktune pelajaran olahraga nong sekolahan yara diwatesi. Merga murid kelas 6,7,8, lan 9 wajib mondhok, mesthi bain murid kang idin latihan tetep kudu manut ambi aturan pondhok pesanteren”, gedigu Pak Roni guru Olahraha Habibulloh njelentrehaken carane nyurung muride makene bisa nggape perestasi.

Ndeleng perestasine, Fairus nyatakaken gok sing ana alangan kanggo santeri kang mondhok, sing ana kang ngeruwedi kanggo nggayuh perestasi. Kang penting teka walimurid lan pengasuh pondhok pesanteren ana koordinasi kang apik kanggo ngembangaken bakate santeri lan nyurung santerine sampek bisa nggape perestasi. Kadhung sukses mesthi bain sithik akeh bisa nyakup arane wong tuwek, sekolahane, desa utawa kutha, lan klub/persatuan kang dipiloni.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor