Lare Banyuwangi Ngadhepi Kapal China

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 02 Oktober 2020 07:29 WIB)
- Tokoh



Magih enget kedadeyan viral kira-kira ulan Desember 2019 tepak ana kapal Indonesia ngusir kapal Penjaga Pantai China hang melebu wilayah segara Indonesia? Magih enget ana lare wadon hang komunikasi ambi kapal China ngewarahi gok iki perairan Indonesia? Lare iku, Bintang Dimas Maharani arane, lare Lateng Banyuwangi!
Hang durung tau ndeleng, duleken nong kene https://youtu.be/ZjQyh-47QVg
Ring ndhuwure KM Tanjung Datu iku. Bintang mula mung dadi petugas bintara Komunikasi ring kapale Badan Keamanan Laut (Bakamla) panggonane megawe. Instruksi teka komandane mesthi dialihbasa nang Basa Inggris makene petugas Komunikasi nong kapal China iku ngarti peringatan hang diabraki teka kapal Indonesia.
"Kapalrika nong pelataran segara Indonesia, metuwa teka kene," gedigu kira-kira omongane Bintang nang kapal China iku hang ngiring kapal nelayan China iku.
Kapal nelayan China iku mula pungkase metu teka perairan Indonesia tapi ambi nggembol iwak ulihe nangkep nong perairan Indonesia.
Sakmareke kedadeyan iku, kapale Bakamla minggir, nyandhar nong Pulo Bunguran hang ana ring Selat Lampa, parek ambi pangkalan TNI Angkatan Laut. Ngaso mung sedina, kisuke mangkat maning. Hang ditemoni malah kapal nelayan China tambah akeh, ana 66 kapal. Emane Bakamla ditulungi ambi kapal Penjaga Pantai Indonesia telung kapal lan kapal Surveillance (KKP) rong kapal. Sampek pungkasane Kapal Negara Pulau Nipah sampek milu mudhun.
Saiki, Bintang hang tau kuliyah ring Untag sampek semester enem ring Fakultas Ekonomi jurusan Akutansi iki wis dipindhah megawe nong kantor dharat. Taping sakwayah-wayah iyane bisa ulih tugas nong ndhuwur kapal maning.
Iyane ngaku masiya wis milu pelatihan dasar militer 3 ulan, magih tetap ngerasa dheg-dhegan tepak ana kedadeyan ambi kapal China iku. Endi kapal Bakamla hing nduwe senjata dikerubut kapal nelayan China sampek limang kapal.
Sak suwene megawe patroli nong perairan Pulo Natuna, kerep komunikasi ambi kapal liya, taping kahanane damai.
"Sore iku mula rada ndheredheg. Sempat ngobrol nganggo basa Mandarin pisan," jare Bintang hang sakat lair sampek kuliyah semester enem durung tau metu teka Banyuwangi.
Ulihe megawe ring Bakamla, marek iyane milu ngelamar penerimaan calon pegawai negeri sipil daring tahun 2017.
Kepinterane ngomong basa Inggris perawan kelairan Banyuwangi teka bapak Surabaya lan emak Using iki ulihe sinau dhewek lan basa Mandarin dhasar iyane sinau ana ring SMAN Glagah hang nduwe mata pelajaran basa asing.
Ring kapal Bakamla iku ana 37 kru, kelebu pitung kru lare wadon ring bagian Komunikasi, Kesehatan, koki, lan Penanting Perwira.
Hang dadi kepriatinane, masalah perbatasan ring Natuna durung marek.
"Tau sepi marek iku, aju rame maning pelanggaran teka kapal China. Malah kasuse sampek nong Malaysia pisan."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor