Leroban, Jangan Jangkep Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 25 April 2020 08:43 WIB)
- Kuliner



Sing kaya jangan hang siji iki, aran jangan leroban pancen olah-olahane wong Banyuwangi hang paling jangkep ramonan lan ragine. Sing salah kadhung jangan iki sing saban dina diolah wong Banyuwangi.  Mergane ramonan lan ngolahe sing gampang kaya jangan-jangan liyane.

Taping kadhung urusan rasane aja takon maning, seru enjonge. Rasane ya jangkep pisan. Ana pedhes-pedhese, ana seger-segere, lan ana uga manis lan kecute sithik. Paran maning kadhung jangan iki wis nginep suwengi utawa rong bengi. Rasane tambah gurih lan ngangeni.

  1. Resep Rahasiane

Jare Wak Mik mertuwane Mbok Komah hang wis biyasah olah jangan leroban resep rahasiane ana ring belundhuk. Paran belundhuk iku? Belundhuk yaiku santen hang wis ndhidhihi serta wis digulakaken wolak-walikan ping telu utawa ping pat. Kadhung wis belundhuk munggah sampek nututi panci buru hang aran ramonan diceburaken. Naming aja ditinggal sampek belundhuk asat, bisa-bisa rika sing njangan naming ngeletik. Belundhuk dadi lenga lan belothong.

Kirane belundhuk wis mumpluk ana ring panci ramonan wis ulih diceburaken. Sakdurunge kudu disejekaken antarane ramonan hang gampang ludhuh lan ramonan hang suwe ludhuhe. Merga ramonan hang suwe ludhuhe kudu melebu panci sulung.

Lerobane Wak Mik iki seru kawentare ring kampung Mabang merga rasane beda. Iki kabeh merga wayahe mejeki parudan kelapane sing nganggo banyu tawa naming nganggo banyune kelapa. Iki uga kelebu resep rahasiane.

B. Ragi, ramonan lan bahan liyane;

  1. Ragi hang digerus; Lobok abang limang iji kadhung loboke gedhe-gedhe, 2. Lobok cilik pitung iji, kemiri sangang iji, 4. Bawang abang limang bungkul, 5. Bawang putih limang siyung, 6. Kencur gedhene sakwuku, 7. Laos rong jempolan sikil, 8. Terasi rong wuku bain, 9. Uyah telung sendhok mangan, 10. Gula abang setengah ons, 11. Sereh rong lencer. Kabeh ragi iki digerus alus.
  2. Ramonan hang gampang ludhuhe antarane bain; pakis rong iket, godhong singkil rong kethem (15 lembar), bung hang wis dikulub sulung rong wit, godhong sawi rong unting.
  3. Ramonan hang suwi ludhuhe antarane bain; keluwih siji, kates enom siji, ontong loro, lan godhong salam sangang lembar.
  4. Sereh wutuh rong gagang.
  5. Santen kira-kira sak liter setengah.

C. Carane Olah-olah

Santen diceburaken panci sampek gemulak dadi belundhuk. Kadhung belundhuk wis mumpluk lan minggir ana ring pinggire, panci ramonan hang suwe ludhuhe diceburaken. Kadhung wis gemulak sepisan aju ramonan hang gampang ludhuhe diceburaken. Kira-kira gemulak pindho ragi hang wis digerus alus mauka diceburaken ambi sereh wutuh hang wis digepleng aju diceburaken.

Antenana jangan gemulak maning. Dhung wis gemulak lan ambune wis arum jangan leroban wis mateng.

Cathetan:

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Mbok Komah

Editor: Antariksawan Jusuf