Lirih-lirih Nyang Dusun Rembang

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Sabtu, 03 Desember 2022 10:04 WIB)
- Kuliner



Lirih-lirih Nyang Dusun Rembang

Nemu Gula Aren Ambi ‘Nyamplung’

 

 

Pirang dina kepungkur, isun ambi kanca-kanca media ciber diweni kesempatan ambi Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kabupaten Banyuwangi, milu lirih-lirih/melaku-melaku (Famtrip) nung sak kupenge Kecamatan Songgon ambi Licin. Hang dikarepaken ambi Disbudpar liwat acara Famtrip iki, yaiku ngangkat potensi wisata lan ekonomi kreatip hang ana ring wilayah-wilayah desa.

Salah sijine panggonan hang diampiri kala lirih-lirih iku yaiku Dusun Rembang, Desa Banjar, Kecamatan Licin. Nong kampungan hang ana ring pinggiran alas iku, kala arep ndeleng carane wong ngolah Sajeng (Nira) didadekaken Gula Abang, malah nemu panganan hang arane sing pati diweruhi ambi wong akeh yaiku ‘Nyamplung’ utawa ‘Cimplung’. Kamangka panganan iku rasane wenak seru, gurih-gurih manis.

Setemene bain panganan iki ya wis ana sakat bengen noring kalangan masarakat Banyuwangi, naming sing kabeh uwong weruh nang panganan iki. Mergane, panganan hang arane Nyamplung – uga ana hang ngarani Cimplung – iki anane mung nung sak kupenge desa utawa dusun hang ana wong nderes aren hang diolah dienggo badhene gula abang utawa gula aren.

Kaya hang dijelasaken ambi Lurah Desa Banjar, Sunandi, Dusun Rembang iku salah sijine wilayah Dusun hang dadi sentra produksi gula aren. “Warga Dusun Rembang kene iki akeh-akehe padha nggawe gula aren. Mulane, kadhung ana tamu suguhane ya mesthi Nyamplung ambi Kopi Uthek iku wis,” jare Pak Lurah Sunandi.

Kadine, kanggone wong Dusun Rembang, Nyamplung iki wis dadi panganan biyasah, hang uga kerep dienggo suguhan nyang dhayoh. Nyamplung iki digawe teka sawi hang dicemplungaken nung sajeng hang digodhog dienggo badhene gula, sampek mateng.

Miturut Suroso, salah sijine warga Dusun Rembang hang wis biyasah nderes aren nung alas, biyasahe Nyamplung iku disuguhaken bareng ambi kopi pait hang ning lumure wis didelehi keplikan gula aren. "Mangan Nyamplung iki hang pas ya kudu ambi ngombe kopi pait. Kadhung uwong hang sing duyan pait, wis dicawisi gula keplikan nung lumure kopi, hang kudu dicokot sulung, buru diombeni kopi," ujare Man Suroso ambi nduduhaken carane.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : liputan

Editor: Hani Z. Noor