Lomba Cerita Cendhek Using 2020, Cathetan Juri

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 28 Desember 2020 06:31 WIB)
- Opini



Dhemen rasane isun bisa nyaruki maning nyang Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using ring taun iki. Masiya keberet-beret lan kesangglek-sangglek nong alangan mangsa pageblug naming pungkasane bisa mari lan bisa diumumaken pemenange ring tanggal 27 Desember 2020 sore.

Lomba hang dianakaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB) iki wis dadi agenda rutin taunan hang ajeg dianakaken sakat 2013 nana selane. Taun iki katone magih akeh hang bisa milu ring kategori mahasiswa lan umum naming rada suda ring kategori SMP-SMA. Keneng dimaklumi mula rada angel sithik ngumpulaken lare ring mangsa pandemi, hang sakat ulan Maret 2020 sampai pungkase taun 2020 iki lalare sekolah mung ana ring umahe merga sekolahan sing nganakaken sekolah reguler kaya biyasahe merga pandemi covid-19 hang saya ndadi ring pungkas-pungkase taun. Lare SMP-SMA kecathet mung ana pitung peserta lan kategori Mahasiswa-Umum ana rongpuluh peserta.

Ring kategori SMP-SMA masiya mung sithik naming hang milu iki nyatane dudu mung milu merga kepaksa sebabe pitung peserta iku anggit-anggitane kabeh keneng dipercaya lan kegolong cerita cendhek hang apik-apik.

“Sorote Lintang” hang kepilih dadi juwara siji mula kuwat ring masalah basane. Kabeh aturan penulisan basa Usinge wis ketata kaya ana ring ejaan basa Using hang bener lan cocog ambi aturan penulisan Basa Using Baku ketimbang peserta liyane. “Sorote Lintang” kelebu cerita cendhek hang bisa nggawa atine hang maca milu nyang cerita, merga alure ketata apik lan enak sing ngganjel, paran maning ring ending (pungkase cerita) bisa rada ngagetaken hang maca merga ana getune lakon wis nganggep salah awake dhewek nyang emboke hang dianggep dadi sorote lintang iku mau.

“Suwara Bengi” hang kepilih ring juwara loro kegolong cerita hang apik masiya ana masalah ring bab penulisan basa Usinge. Magih ana basa Jawa hang melebu-melebu ring ukarane iku mau. Naming “Suwara Bengi” iki bener temenan anggone milih tema hang beda ambi peserta liyane. Strukture apik lan katon kadhung ditulis ambi lare hang duwe bakat kuwat ring penulisan cerita cendhek.

“Kaku” hang kepilih dadi juwara telu apik ring bab penulisan basane. Alure enak diwaca, mili kaya banyu hang metu teka perengane gunung. Naming ring ending (pungkase cerita) kurang ana gereget, tapi iki magih bisa dilatih maning . Ring kene penganggite magih bisa saya akeh ngangsu pengalaman ring penulisan cerita cendhek.

Maca cerita cendhek hang milu ring kategori SMA iki ndadekaken bungahe awakisun merga wis ana lare nom-noman hang duwe bakat kuwat ring bab penulisan cerita cendhek. Naming kadhung mung duwe bakat thok sing tau diungkal bakat iku mau bakale ilang kegawa angin sing karu-karuwan. Pesenisun ya kudu terus diungkal makene kaya gaman hang wesine wesi aji aju saban dina diungkal bisa dadi landhep lan mencorong.

Ring kategori umum, sawangane rada mudhun kuwalitase dibandhingaken taun-taun sedurunge. Rada kaget sing kaya biayasahe ring taun-taun sedurunge milih hang dadi juwara seru angele merga kabeh cerita emeh apik kabeh. Hang taun iki kariya gampang anggone nyidhit tulisan hang sing melebu nong keriteria. Magih ana cerita hang pedhot, magih ana uga cerita hang sing jangkep merga ending (pungkase cerita) sing ketulis. Magih ana uga hang nulis kaya reportase wartawan hang arupa berita. Mesthine iki dadi cathetane panitiya kanggo nganakaken workshop utawa diklat nyang para penulis umum lan mahasiswa bab penulisan cerita cendhek hang bener maning.

“Kekarepan Sakwera Kedhokan” kegolong cerita apik merga gamblang anggone ngudhar rasane penganggit arupa tulisan. Katone penganggite wis duwe pengalaman apik ring bab penulisan cerita cendhek. Sing gampang nulis hang sakmajade naming bisa nggawe hang maca katut nyang alure. Pesen ring njero tulisan bisa kebungkus apik ring cerita sing ngaton-ngatonaken nduduhi cetha nyang hang maca. Hang maca bakal sing kerasa kadhung wis diejak nyang ajaran hang bener kaya kekarepane hang nganggit.

“Becake Man Sagiyan” hang kepilih dadi juwara loro katon dhung bisa nggawa hang maca nyang nyatane urip hang dilakokaken ring cerita. Hang maca bisa kewela-wela kaya ndeleng pilem masiya mung maca ana ring cerita cendhek.

“Getun” hang kepilih dadi juwara telu kerasa temenan ring susunan ceritane. Ana galur pikire penganggit gawe polah ring alur. Alure digawe molak-malik nggarai hang maca kepingin mbalik maning nyang tulisan hang wis mari diwaca. Iki kegolong apik. Naming kudu ati-ati anggone nggawe raket sambunge. Dhung luput nggawe raket sambunge cerita bisa sewelan sing karu-karuwan.

Hang durung kepilih ring juwara kudune bisa digawe pengalaman nganggit cerita cendhek hang apik. Maca cerita-cerita hang wis ana bisa nggugah ati lan bisa didadekaken pengalaman batin kanggo nulis sakteruse. Muga-muga bain hang durung kepilih sing mutung dadi mung sakmene naming bisa tambah mempeng anggone sinau makene taun ngarep bisa kepilih dadi juwara. Aamiin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf