Lomba Lukisan Anak, Apuwa Kudu Ana hang Menang?
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 29 April 2025 07:45 WIB)
- Opini

(Cathetan Juri ring Porseni MI Kabupaten Banyuwangi 2025)
Lomba lukis dadi salah sijine panggonan hang mesthine dianteni murid-murid sekolah makene bisa ulih penghargaan. Sak cuwik kertas sertipikat mesthine bisa nggawe atine mongkog uga bisa dadi salah sijine bukti kanggo bisa diterima ring sekolah hang sakteruse liwat jalur prestasi. Sak kelerepan iki katone dadi kegiyatan hang positip masiya ana uga sisi negatipe kadhung dititeni temenanan.
Murid-murid padha kemerungsung kadhung wis melebu ulan Mei merga akeh lomba-lomba hang dianakaken lembaga-lembaga pendhidhikan kaya dene Kementrian Pendidikan, Kementrian Agama, lan lembaga-lembaga suwasta liyane. Hari Pendidikan Nasional hang ana ring sakjerone ulan Mei dadi dhasar kanggo nganakaken lomba-lomba tingkat siswa ring sekolahan.
Kawitane murid lan gurune padha girang ngawiti milu lomba naming serta wis wayahe pengumuman pemenang pungkasane padha mbegog merga akeh hang sing bisa nerima nyang keputusane juri lan panitiyane. Mesthine iki wis anjerah ring kana-kene kadhung ana lomba seni lan kesenian. Umpamane bain akehan hang ulih penghargaan ketimbang hang sing ulih mesthine ya sing dadi gedigu.
Sing ngarti nyang karepe lomba. Akeh peserta lan pembina murid hang durung paham temenan nyang paran hang dikarepakaken nyang anane kegiyatan lomba kesenian. Nong kekarepane mung bisa menang lomba makene bisa ulih piyagam lan piyala. Paran maning bisa dadi wakile sekolah kecamatan lan kabupaten hang ngungguli peserta teka sekolah kecamatan lan kabupaten liyane.
Ngelukis kanggone murid iki arupa kegiyatan berekspresi. Ngupaya lan mbudidaya pikiran lan angen-angen mujudaken ring media visual kaya dene kertas lan kanvas. Hang arane olah pikir lan mujudaken angen-angen mauka mesthi bain sing gampang anggone mbiji kadhung dipadhakaken ambi lomba balapan karung hang mesthi bain hang paling anter lan nomer siji gadug pinis mesthi dadi juwarane. Lomba Lukis sing kaya gedigu. Lukisan iki lebih akeh faktor subyektif hang kuwat mupakate ring keyakinan pikiran lan atine hang nggawe lukisan. Mula iku lukisan sing ana salah lan benere merga faktor subyektif iku mau.
Kudu paham juknis lan uger-ugere lomba. Peserta lomba sakdurunge milu lomba lukis kudune duwe tujuwan sing mung menang bain naming uga bisa ndadekaken panggonan lomba dadi saranane ngasah lan latihan ningkataken kompetensi ring lukisan. Kadhung mung juwara lomba hang didadekaken tujuwan pungkasane akeh ngersulane timbang usahane kanggo ningkataken kompetensi iku mau. Alih-alih ulih piala lan sertifikat pungkasane ngelalekaken tujuwan utamane. Mbegog lan ngambul bain hang diulihi merga sing bisa menang. Ditambah maning sekolahan hang ngirim muride aju kapok arep miloni lomba-lomba maning sakmarine kalah.
Sing kabeh hang menang ring lomba lukis iku kelebu paling apik. Hang menang iku bisa uga mung merga nuruti paran hang ana ring juknis lan uger-ugere lomba Lukis. Kadhang uga ana hang menang merga sing nabrak ketentuan lan aturan-aturan lomba hang wis disepakati ring temu teknis lomba.
Mula iku dadi murid aja gampang mbegog lan ngersula sulung kadhung kalah milu lomba Lukis. Semono uga kadhung dadi Pembina murid ring lomba lukis aja gampang kapok lan ngambulan merga muride durung menang. Dadekena kegiyatan iku mau jalarane bisa menang ring lomba tembe mburiyan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf