Mak Poniti, Gurune Akeh Gandrung Banyuwangi

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 08 Juni 2020 14:46 WIB)
- Tokoh



Innalillahi wainna ilaihi rojiun. Wis nemoni pesthine Gandrung Poniti dina iki (Senin, 8 Juni 2020) ring RSUD Blambangan, Banyuwangi. Sak durunge, Mak Pon, gedigu biyasahe diceluk, dirawat inap ring Puskesmas merga infeksi cangkem lan abuh gorokane. Aju kisuke dirujuk nyang RSUD Blambangan, merga alat medhise lebih jangkep. Sedina dirawat, bengine aju operasi ringan kanggo ngerijigi kotoran ring gorokane. Operasi melaku lancar, Mak Pon hang sakdurunge operasi ngelakoni rapid tes, mulai kerasa enak lang sedina sak uwisw ulih mangan bubur.

Kayane loro marek operasi gorokan durung ilang, buktine jare keponakane hang njaga, ruwahe pating gelibegan. Dulur-dulur seniman padha teka nyambangi, masiya sing bisa omong-omongan. Semono uga gandrung-gandrung sepuh hang tau sinau nyang iyane. Rasa perihatin nyang emak hang ngajari nggandrung sing keneng disengidakaken, kayata Gandrung Temu, Supinah lan Dartik.

Rencanane ruwahe arep dipetek ring Dusun Tegalmojo, Desa Kemiri, Kecamatan Singojuruh, yaiku kampung kang dipanggoni pungkasan ambi ruwahe. Muga-muga ruwahe husnul khotimah, padhang dalane lan jembar kubure. Dsiepura kabeh dosane lan diterima kabeh amal lan ibadahe. Amin Allahummah amin.

GANDRUNG PONITI JENGGIRAT TANGI

Mak Pon utawa Poniti, Gandrung lawas asale teka Genitri, Gendoh Sempu. Naming ring pungkasan uripe manggon ring Tegalmojo, Desa Kemiri kecamatan Singojuruh, Banyuwangi. Aja takon pirang album kaset rekamane, wis sing keitung. Belajar nggandrung sakat umur wolung tahun, penter nganji lan dadi juara Qiroah ring kampunge.

Sakat taun 1963, kira-kira umure magih welasan taun, Mak Pon cilik wis didapuk dadi gandrung propesional. Pirang-pirang kelompok kesenian Gandrung ring sak ubenge Mangir, Temuguruh lan Singojuruh wis dipiloni. Mak Pon ya ngerasakaken, tau sing ulih dadi gandrung wayah ana kedadeyan G 30/PKI taun 1965.

Mak Pon buru nggandrung maning, sak uwise Pemkab Banyuwangi liwat Bupati Joko Supaat Slamet ngulihi lan nguweni panggonan hang apik noring gandrung. Sakdurunge, gandrung iku ngamen keliling kampung, naming marek iku sing ulih lan diweni panggon ring acara resmi lan wong duwe ewuh, utawa duwe gawe sunatan lan penganten.. Gandrung dadi lebih aji, timbang keliling ngamen.

Sak liyane rame tanggapan, Mak Pon ya kerep melebu rekaman kaset mulai kawitan taun 1970-an Mak Pon uga dadi jujugane calon gandrung ring Banyuwangi, arep belajar njoged lan nembang Gandrung. Malah Mak Pon iki nduwe cara dhewek kadhung arep ndadekaken Gandrung, masiya tawis ring lare gandrung dhidhikane mau Mak Pon diceluki kejem lan bengis. Iki mau dilakoki Mak Pon, mane gandrung iku temenanan ulihe nembang lan njoged.

Salah sijine gandrung ring Banyuwangi ngaku, kadhung iyane bengen tau didelep-delepaken ring kedhung wayah subuh, malah kadhang ya dalu-dalu. Iku mau kanggo ngelatih suwara hang diasilaken mane apik sing pingseng. Iku salah siji carane Mak Pon, alae jaman semono kadjung arep ngukur suwara biyasahe mung kon ngomong ngadhep tembok.

Mak Pon umah-umah ambi Bajuri utawa Kik Juri, pangsiunan Perkebunan hang uga tukang ider sampur dhonge wayah ana gandrung. Mak Pon ngakoni, belajar urip dadi seniman gandrung, akeh piwulang teka ruwahe lakine. Mangkane tepak ninggal donya ambi lakine, Mak Pon kaya wong melaku kelangan teken. Dibelani menyang Jakarta, urip dadi buruh. Tapi lakon uripe tambah kesiya-siya jaman, kerep diapusi uwong lan pungkasane milu anake hang umah-umah ring Kalimantan.

Rungu jare kanca hang tau ngerti Mak Pon, ambekaneya urip saben dinane magih susah, kadhung dijaluki tulung, iyane melaku lan teka paling sulung. Mak Pon uga kerep diajak ngelatih kesenian Banyuwangi hang urip ring boroan. Tangan adheme, ndadekaken Mak Pon akeh hang nyenengi.

Serta urusane mbantu ngerumat putu wis mari, Mak Pon aju milih mulih nang Genitri. Pungkasane milih maggon nang Tegalmojo, Desa Kemiri Kecamatan Singojuruh sampek nemoninHang Kuwasa, naming aran Mak Pon lan ubede nang kesenian Gandrung jaman bengene akeh hang lali. Malah ana hang ngelali, kadhung Mak Pon iku duwe labuh nang mekar merujuke Gandrung Banyuwangi.

MECUNGUL KESILEP URIPE MAK PON

Tahun 1980-an dadi taun emase Mak Pon, merga taun sakmono akeh tanggapan sampek tekan njabane Banyuwangi. Gandrung hang  duwe suwara ulem lan durung ana hang ngembari iki, tau urip seneng. Masiya dadi rabine Kik Juri (Bajuri) hang nomer loro, Mak Pon rumangsa seneng lan tentrem. Jaman sakmono umahe ring Genitri ya gedhe, bisa diarani wong cukup.

“Kakikira Juri, Lik, ambekana Isun rabine hang keloro taping welase seru gedhene nang Isun. Merga Isun bisa ngeladeni paran hang dikarepaken. Pancen Isun anake wong tani, tandang iku sarwa telikas. Kik Juri iku maning enak diajak ngomong lan gelem ngemong, paran maning beda umur ambi Isun. Iyane sing tau ngelarang Isun nggandrung. Malah disokong, angger nampa tanggapan hang ring njabane Banyuwangi. Jaman sakmono kerep tanggapan ring Jember sampek Probolinggo," jare Mak Pon ambi ngangen-angen jaman bengen.

Tau duwe anak ambi Bajuri, naming aju sing ana umur. Mak Pon aju njuwut anak pupon teka dulur-dulure ring Genitri. Sampek gedhe lan umah-umah, saiki wis duwe putu. Mak Pon aju kerasa uripe mulai kedhungsang-dhungsang, serta ditinggal Kik Juri taun 1995 kepungkur. Sakat iku uripe mulai sing kakaruwan, utang merono-merene. “Isun belani megawe paran bain, angger bisa mbayar utang. Jamane Bupati Samsul Hadi, rada bisa lega nutupi utang. Kerep diundang nang Pendhapa lan diwani sangu. Malah Pak Samsul takon, paran hang Isun butuhaken," jare Mak Pon hang tau dadi babu lan buruh nandur iki.

Masiya urip susah, Mak Pon karepe sing gelem ngerepoti dulure lan wong liya. Ana salah siji anak angkate hang dirabi Polisi, saiki urip seneng. Karepe Mak Pon diajak manggon nang umahe, sing usah sara-sara megawe. Malah dijaluk ngelatih Gandrung putu teka anak angkate mau, naming Mak Pon sing gelem merga sungkan nang mantu angkate. “Isun iku, urip sak anane. Pokok sing duwe utang wis lega Lik,"  jare Mak Pon hang magih kuwat nyetir sepidhah montor dhewek tepak magih ana umur.

Mak Pon saiki katon seneng penyawange. Merga wis akeh hang nggatekaken. Masiya sing duwe anak kandhung, taping lare-lare enom, utamane para seniman akeh hang gati nang Mak Pon. Ana Guru Tari teka Kemiren aran Samsul, iku sakat Mak Pon menyang Jakarta sampek Kalimatan terus nfgoleti. Pungkasane kecaruk nang Genitri. “Kula belani madosi pirang-pirang ulan, serta rungu Mak Pon dugi Kalimantan. Kula sak perlu ngajanei teng jasa-jasane Mak Pon, merga kadhung mbonten kula lan rencang-rencang, aju sinten malih hang gelem ngajeni Mak Pon," jare Samsul hang ajeg nekani Angklung Soren sak perlu ngurubi tekade Mak Mon.

“Kadhung wis digu, seneng Isun iku nana tandhingane wis. Lare-lare iki wis kaya anak dhewek, kadhung ana rejeki, Emake ya diciprati, sonder njaluk. Malah Isun kadhung saiki akeh hang nggandholi lan diundang nang endi-nedi, aju katon nang lare-lare hang gelem ngangkat Isun teka kesilipe ring kedhung panguripan. Isun kerep nangis Lik ambekana dudu anak dhewek, kok magih ana lare-lare hang duwe kawigaten. Alae dudu sanak, duduk kadang. Naming wigatine nana watese”, ujare Mak Pon ambi mberabak.

GANDRUNG REGANE AWAK WONG BANYUWANGI

Masiya arang nerima tanggapan gandrung, merga wis tuwek lan mung milih dadi sinden. Naming Mak Pon terus miloni mulur mekroke Gandrung ring jagad kesenian Banyuwangi. Mak Pon ngakoni, pancen aken hang nganggep gandrung iku kurang tepak. Naming sing gelem nyalahaken anggepan iku mau, mergane pancen ana wong-wong hang nganggep Gandrung kurang tepak. Sing weruh lan bisa nepakaken awake. Gampang kepilu nang penjaluke penonton, paran maning penanggap.

“Kudune gandrung iku tetep ngugemi pelanggeran hang ana, masiya sing ketulis. Jaman bengen iku, ana maning penonton lan tukang paju, hang nanggap lan duwe picis bain sing ulih ketemu gandrung. Penanggap mau mung bisa nemoni ketua rombongan gandrung, sing bisa ngatur-atur Gandrung. Paju lan ngerepen, iku sing sembarangan gandrung bisa dikapak-kapak. Tukang keluncing bisa morang-moring, lan sing sing sungkan-sungkan nuthuk endhase tukang paju kadung wis kurang ajar nang Gandrung," njelentrehe Mak Pon.

Jare Mak Pon, kadhung gandrung kepingin tetep lestari, kudu dibalikaken maning nang pelanggeran hang ana. Arep aran Gandrung Terob, Joged Gandrung, kadhung wis nggawa aran gandrung kudu dibalekaken nang tradhisi hang ana lan dibecikaken hang bengkong-bengkong iku. “Gandrung iku regane awake wong Banyuwangi, kadhung ana hang ngerusak lan uga nggeningaken rusake gandrung, iku padha bain sing nduwe kawigaten nang awake dhewek," ujare Mak Pon ambi ngenes.

Tau ana kedadeyan, Mak Pon wayah diundang wong Banyuwangi kidulan, kebeneran wong Jawa hang sugih ring kono. Iyane karepe nggoleti Mak Pon sak durunge pentas, naming dicegah ambi rombongane. Wayah sakmono, Kik Juri uga milu tanggapan, merga ambi dadi pengider sampur. “Wong hang nanggap mau ya ngengkel kepingin ketemu nang lakinisun, alae hang diajak omong mau lakinisun. Bek Kik Juri iku sabar, masiya gedigu tetep diadhepi sing kathik muring. Aleya jaman sakmono, wong hang nanggap iku arep paran bain bisa. Merga Kik Juri lan sak kanca rumangsa gandrung iku regane awake dhewek, kelendi bain kudu dijaga lan ditamengi mane sing rusak," jare Mak Pon ambi meh temetes iluhe.

DIREGANI AMBI GUBERNUR KHOFIFAH

Kaya sing ana rugine Mak Pon mecungul, merga akeh hang ngangeni temakaken. Suwara hase Mak Pon pancen akeh hang kurang gati, ale iki 'aset' hang angel digoleti kembarane. Acak kadhung gelem ngeklik ARTEVAC CHANEL noring youtube, ring kono akeh albume Mak Pon hang dipindhah teka pita kaset  nang file. Tekane Ketua DKB nang acara Tabuhan Soren, nduduhaken kadhung iki penting lan kudu disokong.

Seminggu sedurune, aran Mak Pon mara-mara diundang nerima "Apresiasi" teka Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa. Diweni kabar iku, Mak Pon antarane seneng lan bingung dadi siji. Seneng merga wis ana pejabat hang gelem nggatekaken, malah sampek tingkat Provinsi. Bingung, merga kudu njaluk tulung sapa ngeteraken sampek tekan Surabaya mau. Alhamdulillah, ana kanca gelem ngeteraken lan nyewakaken kendaraan. Masiya gedigu, Mak Pon karepe nak nyumbang gawe mbayar kendaraan, merga engko ulih picis teka Gubernur. Mesti bain karepe Mak Pon mau ditolak, merga wis diniati mbantu sonder kepingin njaluk balen.

Rabu, 23 April 2019 soren, Mak Pon sak rombongan gadug Gedung Cak Durasim, Sekretariat Dewan Kesenian Jawa Timur (DKJT) sak perlu nampa penghargaan Apresiasi Seni teka bidang Seni Tari. Bareng Mak Pon ana Mbok Trik, teka Pancoran, Glagah Banyuwangi, uga gandrung lawas masiya magih ngisore Mak Pon adoh. Jare Ketua DKJT Jatim, Taufiq Hidayat alias Taufiq Monyong, acara iki bagian teka Program Gubernur Jawa Timur, Jatim Harmoni, yaiku kanggo ngeregani seniman mane bisa 'berkarya' hang apik.

Seneng lan bungahe Mak Pon kaya sing bisa disengidakaken, buru iki olih penghargaan sampek tingkat Propinsi. Marek iku Mak Pon milu diitung, angger ana kegiyatan ring Pemkab Banyuwangi ambi para seniman ya dikatutaken. Pungkasan wayah buka bareng seniman ambi Pemkab Banyuwangi, Mak Pon ya diundang lan ketemu kanca-kanca seniman hang wis padha tuweke. Seneng atine sing bisa diukur, merga arang-arang duwe kesempatan kumpul wong akeh lan para pejabat. Iyane kaya diuja, angger wong hang ketemu nyapa ambi nyeluk arane. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf