Mamik Yuniantri, Rehati-ne Wong Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 12 Februari 2021 06:37 WIB)
- Tokoh
Kadhung wis mangkat ngerungokaken Radio Blambangan FM aju rungu suwarane Rehati lan Juma’i gesah-gesahan kari wenjong usingane. Pokoke hang ngerungokaken mesthi kerasa kaya ana ring Banyuwangi temenanan. Masaalah, usinge deles seru. Kerasa temenan, paran maning ewer-ewerane sing kaya digawe-gawe gangsar kaya banyu mili nong kalen hang santer. Hang ngerungokena nyang suwarane Rehati mesthi nduwe gambaran nyang uwonge hang ayu temenan, crincing dhuwur manis masiya ana tompele. Sapa sakbenere Rehati iki. Reporter belambangan.com nyeja nemoni Mbok Rehati ana ring Radio Blambangan FM Banyuwangi.
Unyike meledhek lan guyune semelamber langsung nyang kuping nduduhaken kadhung wong siji iki pancen wong hang sumeh lan enak diajak gesah. Wong wadon hang lair ana ring tanggal, 4 Juni 1976 teka emak lan bapak hang aran Siti Mar’ah lan Basuni iki magih katon teges lan awet enom.
Mbok Rehati iki saktemene wis nduwe anak siji hang aran Diva Meidina Pambudi, saiki wis kuliyah ana ring ISI Surakarta semester VI, gediku ngakune wong wadon kuning langsat hang wis dirabi ambi Eko Luhur Pambudi, SE.
Makene gamblang sapa sakbenere Rehati iki, ring kene kanggo ngerteni sampek sakbenere Rehati iku, repoter belambangan.com nemoni langsung ana ring studio Jl. Melati No. 08 Giri Banyuwangi.
Assalamualaikum Mbok Rehati,…Milu bungah atinisun merga bisa nemoni penyiar idolanisun sakat isun magih lancing. Saktemene aranrika iki sapa yuh? Aselinetah wis...
Waalaikum salam Kang,…asline aran isun iki Mamik Yuniantri. Kadung rika wis weruh suaranisun sakat tahun 1994 ana ring Radio Mandala mesthi rika kaget sakjane isun iki ya wis kawak ana ring radio. Bengen isun nggawa acara radio “Rujak Singgul”, ilingtah rika?
Seru ilinge Mbok. Byek wis ngoyot rika iki dadi penyiar. Sakat kapan rika megawe ana ring radio?
Sakat tahun 1994 sampek 2013 bengen ana ring Radio Mandala, aju isun nerusaken ngalih panggonan ana ring Radio Khusus Pemerintah Daerah Blambangan (RKPD Blambangan) hang saiki dadi LPPL (Lembaga Publik Lokal) Blambangan FM sampek saiki iki.
Kadhung sunrungok-rungokaken rika iki salah sijine penyiar Banyuwangi hang wis duwe karakter lan bisa diterima ana ring atine masyarakat Banyuwangi iki, paran rahasiane Mbok?
Bener iku Kang, Penyiar iku sing kudu mung bisa nyetel lagu lan bisa ngomong ana ring mik bain naming kudu bisa mbangun image nyang pendengare, lan bisa mbangun imajinasi nyang hang ngerungokaken. Alhamdulillah acara-acara kaya “Rujak Singgul” lan “Juma’i-Rehati” bisa mbangun teater of mind, kaya-kayane tokoh hang dinanakaken iku ana temenan ring urip hang nyata iki.
Byek…sing gampang ya Mbok gawe hang gediku iku. Tapi sunmaklumi rika ya dudu wong sore ana ring radio. Taping suwaranrika kadung dirungokaken kaya lare perawan hang buru cengkir ya Mbok.
Iya sakjane isun iki ya wis sing enom maning, anakisun bain wis kuliyah ana ring ISI Surakarta ya Kang.
Alhamdulillah Mbok naming suwaranrika sing uwah magih kaya bengen, rung-rungu rika uga magih kober nggendhong indhit ana ring pegaweyan liya?
Sakliyane megawe ana ring kene (Radio Blambangan FM) isun uga magih dipercaya ana ring marketing programer Yasmin Woman Club lan Yasmin Kids ring Rumah Sakit Yasmin. Lan siji maning sakat tahun 2015 milu megawe ana ring Marketing Garden Family Resto.
Nggumun isun weruh rika akeh kegiyatane naming magih bisa kober ngurus rumah tangganrika. Paran resepe iku Mbok?
Hang penting kabeh diniyati ihlas Kang, lan maning kudu munyik makene sing dadi abote pikir (ambi gemuyu kaya guyune Rehati)
Jempol temenan rika. Kang pungkasan Mbok Kelendi nasibe Basa Using saiki ana ring Radio, utamamane ana ring radionrika.
Sakjane magih ana saiki iki Kang, ring radio kene porsine ana ring jam 18.00 sapek 21.00. Masiya paradigma saiki wis beda ambi bengen. Saiki ya kudu milu nyang perkembangan informasi lan komunikasi hang saiki hang wis nganggo multi-platform. Rikues-rikuesan liwat tilpun kaya bengen wis sing ana saiki, wis diganti ambi voice note hang aju dicreate ambi tim kreatip aju diunggahaken ana ring radio.
Hang penting Basa Using magih dadi identitase wong Banyuwangi ana ring radio iki ya Mbok?
Temenan iku Kang isun ya setuju nyang hang iku.
Muga bain yo Mbok… Rika terus diweni kesehatan makne bisa gawe hang anyar-anyar maning kanggone terus nguripaken Basa Using ana ring Radio Blambangan iki.
Amin Kang dongane, muga diijabahi ambi Pengeran. Amin ya robbal alamin
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : tokoh
Editor: Antariksawan Jusuf