Mangu-mangu Nganteni Jenang Sagu
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 05 Desember 2020 06:25 WIB)
- Kuliner
Sagu mula wis kawentar teka Ambon, taping ring Banyuwangi uga ring dhaerah liya sagu uga didadekaken olahan jajanan. Kaya ring Banyuwangi, Jenang Sagu ya dikenal pisan ring antarane jenang-jenangan kaya jenang Sumsum, jenang Bedhil, jenang Mutiyara lan sepiturute.
Olahan jenang-jenangan iki biyasahe ring Banyuwangi dienggo jajanan isuk, dienggo sarapan kaya dene Sega Cawuk, Ketan Kirip, dhanggoreng lan liya-liyane.
Dina iki nak nyacak ngedum resepe Jenang Sagu.
Bahan-bahan kang dibutuhaken:
Telung lempeng sagu garing
Setengah on gula abang
Rong sendhok mangan gula pasir utawa secukupe
Rong ler godhong pandhan wangi
Setengah liter santen kenthel teka 1/2 iji kelapa utawa sak bungkus santen instan
Uyah secukupe
Banyu secukupe
Carane:
Lempengan sagu garing diekum ring banyu kira-kira sak jam sampek telung jam (polae sagu beda-beda atos empuke).
Kadhung wis katon rada mbegar, buwangen banyune.
Sagu mau diwejeg nganggo enthong utawa canthuk sampek ajur.
Ana hang dhemen pisan dialusaken nganggo blender ya hing paran-paran.
Delehen sulung.
Siyapaken wanci diisi banyu kira-kira setengah liter, cemplungaken gula abang ambi sak ler godhong pandhan wangi, digodhog sampek gemulak.
Gula pasir seja sing dikatutaken sulung merga niliki manise gula abang hang kadhang beda-beda.
Kadhung wis gemulak, cilikaken barake genine, cemplungaken sagu hang wis alus mauka, aju digaluh sampek gemulak maning. Tilikana rasane, kadhung kurang manis buru tambahana gula pasir ambi sak jimpit uyah.
Digaluh maning sampek kenthel kaya wujude jenang aju diangkat teka kompor. Sisihaken sulung.
Saiki siyapaken panci liyane kanggo nggawe juruhe.
Santen ditublek nong panci, tambahana sak ler godhong pandhan wangi lan sak jimpit uyah aju digodhog kelawan digaluh makene sing bencah santene.
Kadhung wis gemulak, kompore dipateni.
Saiki jenang sagu wis siyap dirahabi.
Delehen jenang sagu nong jembung aju disiram kokoh santen, keneng dienggo sarapan utawa jajanan soren-soren. Timbang mung mangu-mangu gancang cacaken nggawe jenang sagu.
Windhul.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.