Mas Aji Lan Novel Sejarah Wilis
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 27 Juni 2021 06:42 WIB)
- Opini
Sapa iku Wong Agung Wilis? Apuwa gok sebutane Mas Sirna? Sirna parane? Apuwa iyane tukar ambi kakange Prabu Danuningrat? Kok bisa ana wong Bali merentah nong Belambangan tepak jaman iku? Belambangan dijajah ambi Balitah? Apuwa Wilis manggon nong Bali?
Akeh pitakonan hang ana, aja maning teka wong njaban, wong Banyuwangi hang dadi buyute bain akeh hang durung weruh. Polae hing akeh bahan wacanan hang bisa digawe rujukan, paran maning hang ditulis wong Banyuwangi dhewek, nganggo sudut pandang Banyuwangi.
Mas Hidayat Aji Ramawidi hang kerep diceluk Aji Wirabumi, njelentrehaken dalan urip lan sebab-sebab liyane sak ubengan uripe Wilis.
Ring novele hang diluncuraken dina Sabtu 26 Juni sore ring Pendhapa Sonangkara, Kecamatan kota Banyuwangi, Mas Aji nyeritakaken pisan wit perkawit dadine naskah iku. Tepak ulan September 2016, Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nganakaken Pelatihan Menulis, iyane milu merga wis didaptaraken ring salah siji sesepuh Ikawangi ring Jakarta hang uga nduweni wigati gedhe nong sejarah Banyuwangi yaiku pak Sumono Abdul Hamid.
Ring Pelatihan iku, nara sumbere penulis novel sejarah nasional hang wis kawentar sak donya yaiku Langit Kresna Hariadi, kelairan Tegaldlimo. Kang Langit iki mbagi ilmune kelendi carane iyane bisa nulis sedina pirangane halaman cerita-cerita hang alure iku cerita sejarah kayata pentalogi Gajahmada, Perang Paregrek, Menakjinggo Sekar Kedaton lan sepiturute. Hang milu Pelatihan hang dianakaken ring restoran Cinnamon mburine rumah sakit Yasmin iku ana wong 25.
Sak mareke Pelatihan iku Mas Aji takon nong isun minangka penerbit, "Kadhung naskahisun wis dadi, gelem tah SKB nerbitaken?" Sakkal hun jawab, "Apuwa sing gelem?"
Mas Aji meneng-meneng netepi janjine kelawan ngirim naskah setaun sakuwise. Marek nampa naskahe, isun kok ngerasa naskah hang seru apike iki kudune hing mung dadi wacanan wong-wong Banyuwangi. Isine kudune diwaca pisan ambi wong-wong njaban hang gerayang-gerayang golet wacanan bab Banyuwangi. Pungkasane naskahe hun lebokaken nang Penerbit Republika. Penerbit iki bengen taun 2013 tau nerbitaken novel sair dwi basa Using-Indonesia hang kawitan yaiku Nawi BKL Inah. Kira-kira rong ulan, aju ana jawaban teka Penerbit Republika: "Novele iki terlalu sejarah, kurang rasa fiksine."
Aju naskah dikirim nyang Kang Langit nawi bisa mbantu ngelebokaken nong penerbit nasional liyane. Tepak Kang Langit dadi salah siji penulis Indonesia hang diejak nyang pameran lan festival buku ring Frankfurt Jerman, iyane njaluk draft naskahe Mas Aji digawa nang Jerman. Cumpu, naskahe balik maning, "Kurang konflik."
Dikarepaken minangka karya fiksi, jare kurang fiksi. Kadhung karya mambu sejarah jare seru kenthel sejarahe. Pungkasane, naskah balik maning nang SKB lan hunjaluk kadhung diterbitaken SKB kudu ana basa Usinge. Pilihane nang Mbok Uun Hariyati, pensiunan penyiar radio RKPD Blambangan iki, wis tau pisan nggarap alihbasa Using novele wak Hasnan Singodimayan "Niti Negari Bala Abangan."
"Kabeh aran-aran hang ana ring novel iki aran temenanan hang ana wonge kecathet ring sumber-sumber sejarah," jare Mas Aji.
Ngomongaken sejarah Belambangan, Mas Aji, ring novel iku ngelebokaken wilayah sak ubengane kayata Medura, Prabalingga (Probolinggo), Mengwi, Lumajang lan Banyuwangi dhewek. Taping setting utamane tetep ring Belambangan.
Apuwa Probolinggo? Ana babad Wilis, hang ditulis ring Purasastra, ditulise iku ring Prabalingga.
"Setting novel iki plek ketiplek kaya hang ana ring babad Wilis iku," jare Mas Aji. Buru diselingi ring kahanan hang ana ring wilayah liyane, lan ditambahi ragi cerita.
Ring diskusi sore iku ana pitakonan teka Hari Pramono kelendi maksude fiksi sejarah. Kadhung sejarah ya sejarah dudu fiksi. Kadhung fiksi hing bisa dicampur sejarah. Kadhung using, fiksi sejarah mung "kebohongan" (gubab), lan minangka sejarah hing "otentik" (kaya kedadeyan aseline).
Dene teka Moh. Syaiful, guru senirupa teka SMPN 1 Banyuwangi iki hang taun 2017 novele Agul-Agul Belambangan menang penghargaan Rancage nakokaken bab modhel udheng hang dienggo ring Wilis hang kayane modhel udheng anyar.
Kelendi-kelendiya, Mas Aji wis milu generasi Banyuwangi hang nulis bab Banyuwangi lan sejarah Banyuwangi. Sedurunge, Mas Aji iki wis nulis buku sejarah Suluh Blambangan lan Suluh Belambangan 2 (hang diterbitaken SKB).
Donganisun, muga-muga buku iki bisa dadi tuladha nang generasi Banyuwangi kanggo njugeri sejarahe dhewek lan nulis paran hang dilakoni embah buyute bengen. Lan uga njejegaken sastra Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.