Matairo, Mataira, tah Matanira?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 Mei 2025 07:09 WIB)
- Kolom Bahasa Using

Ana pideo cendhek hang nduduhaken aran "Warung Matairo", embuh ring endi panggonane hing diceritakaken. Mung ana sak kelerepan pideone wong hang dodol hang disapa kelawan aran "Mbok Jum".
Isun hing nak ngenceti omongane Mbok Jum hang kerasa Usinge, nyapa dulure hang mideo "Paran celeng, asu," aju disusul "mataira."
Kayane aran warunge dijuwut teka ucap pisuhan dhemenane Mbok Jum "mataira".
Iki embuh ucap dialek desa iku tah ucap husus teka Mbok Jum dhewek, merga anjrahe wong Using ngucap "matanira" dudu "mataira". Malah kadhang merga akase diucap "tanira".
Pak Hasan Ali ring bukune "Tata Bahasa Bahasa Using" nyebutaken keterangan milik ring basa Using kanggo "-nya" iku ana "-e/-ne".
Maksude kelendi? Kadhung ana ucap-ucap hang hurup/uni pungkase iku konsonan, nganggo -e.
Tuladha:
umah --> umahe
kasur --> kasure
Dene ucap hang hurup/uni pungkase iku vokal, nganggo -ne.
Tuladha:
sapi --> sapine
buku --> bukune
Semono uga keterangan milik -isun. Kadhung kecaruk ucap hang uni pungkase konsonan, bisa langsung digandhengaken. Kadhung ucap hang uni pungkase vokal, ditambahi -nisun. Nganggo -n merga kadhung diucapaken, mula lebih enak ana seselan -n ne.
Tuladha:
umah --> umahisun
kasur --> kasurisun
dene
sapi --> sapinisun
buku --> bukunisun
Hing ana (lan hing enak diucapaken) sapiisun utawa bukuisun.
Keterangan milik -mu, ring basa Using iku dijuwut teka sira/hira/ira.
Ring ucap-ucap saben dina, -sira/-hira arang dienggo, hang kerep dienggo yaiku -ira, dadi -ira/-nira. Ira kanggo ucap kelawan uni pungkas konsonan, -nira kanggo ucap hang uni pungkase vokal.
Tuladha:
umah -->umahira
kasur --> kasurira
dene
sapi --> sapinira
buku --> bukunira
Pak Hasan malah ngomong hing ana ucap: sapi sira (ucap iki diwani bintang ambi Pak Hasan merga luput kadhung diitung nganggo itungan tata bahasa lan hing bisa diterima nganggo cara sosio linguistik (grammatically incorrect and sociolinguistically unacceptable).
Balik maning nang aran warung "Matairo" mau kelendi? Ambekaneya, nganggo cara itungan tata bahasa luput, ya geningaken bain. Merga iku "merek" (brand), sakkarepe hang duwe, wong liya terima wutuhan bain.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.