Mbalekaken Jogedan Lawas Nyang Gandrung Enom (1)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 08 Januari 2020 13:39 WIB)
- Opini



Festival Gandrung Sewu hang wis anjrah nyang endi-endi, sampek tekan manca negara. Temekaken sing nambahi wong-wong utawa penari Gandrung Terop, paran maning penari Gandrung Sanggar,  gelem meruhi lan belajar jogedan Gandrung lawas hang wis dadi pakem. Malah akeh pakem tata urutan pentas Gandrung hang dilencati, ambi alesan macem-macem. Mulai kentekan waktu, merga ngelayane wong-wongf hang Ngerepen lan Paju., utawa alasan liyane. Urutan hang ditinggalaken iku antarane Gandrung Topengan lan Seblang Subuh.

"Teka masalah iku, mulane isun sak kanca ngerasa prihatin aju gawe Sendratari "Sang Pewaris  Legenda  Gandrung". Isine mulai cerita Mbah Semi, Gandrung wadon kawitan hang nampa Omprok teka Gandrung Lanang Marsan. Aju joged Gandrung Topengan, Jejer Gandrung, Rempenan lan Paju Gandrung, aju  ditutup Seblang Subuh. Teka urut-urutan mau, hang akeh ditinggalaken  Gandrung Topengan ambi Seblang Subuh, iku merga Gandrung saiki utamane Gandrung Terop, kurang omes olihe ginau nyang pakem Gandrung hang ana. Suwe-suwe kadhung digenekaken, pakem iki mendelep lan dianggep sing tau ana", digu ujare Haidi Bing Slamet, sutradara hang nata tabuhan.

Kanggo mbalekaken nyang pamore jogedan bengen, pentas ring Taman Gandrung Terakota Jiwa Jawa Ijen Banyuwangi (Rabu,1/1/2020), sengaja nekakaken Gandrung Lawas lan Pemaju Lawas, ambi ditemokan Gandrung-gandrung enom hang magih dadi Gandrung Terop, utawa magih belajar Gandrung.

"Mergane Gandrung saiki, sak liyane akeh ninggalaken pakem merga sing paham. Akeh uga hang sing apal nyang gendhing-gendhing hang dadi bagian teka pakem iku mau. Teka acara gedigi, lare-lare enom bisa belajar langsung nyang gandrung lan tukang paju lawas. Mane katon ana asilem pentas kaya digi kudu dianaken terus-terusan, Using damakaken gandrung tanggapan ring wong ewuh bain", gedigu ujare Panjak uga Tukang Paju lawas teka Sukoirejo, Singojuruh, Juwono utawa Kang Ju.

 

Sumber Potrek Youtube Kang Ju

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf