Mboro Megawe Adoh Kepingin Nawakaken Olah-Olahan Using

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Januari 2020 12:47 WIB)
- Kuliner



Masiya kerep nguripi kesenian Banyuwangi ring kadohan, wayah ring Tarakan Kalimatan Timur lan Malang, taping sak temene pagawean Taufik Saleh, Bapak enom teka Krajan, Singolatren, Kecamatan Singuruh iki, tukang olah-olah. Pegaweane pindah-pindah restoran lan rumah makan, sakat lulus SMA Sultan Agung Rogojampi taun 1997. Bunci olah-olah diduweni turun temurun, merga daerah Wijenan, hang ates-ates kampung muka panggone wong penter olah-olah sakat jaman Kedaton Macan Putih.

"Jare embah buyut bengen, wong Wijenan bengen pencake Danyang Olah-olah Kedaton Macan Putih hang tau pindah ring Wijenan. Mangkane aju nular sak kiwa tengene, kelebu isun ya bisa olah-olah model paran bain, utamane olah-olahane wong Using", jare Taufik hang duwe aran ring dunya awang-awang Kifuat Ozink iki.

Kepingine ngeloproh adoh lan megawe ring boroan, mula ditekadi sakat bengen. Iyane sing kepingin urip gedigu-gedigu bain kaya kanca sak pantarane, ambi bunci ijazah SMA iyane wani uncat teka tanah kelahiran sak perlu golek pegawean. "Ninggalaken Singolatren sakat lulus SMA Sultang Agung Rogojampi taun 1997/1998. Kawit megawe ring Surabaya nyang Restauran Bima Jl.Gentengkali. Aju nyang Restoran Raja Udang kawasan Manyar. Marek iku aju nyang Mie Hotplet Tujungan Plaza. Pakuwon Trade Center, Pungkasan nyang Restoran Wapo Jl.Kayoon, Surabaya. Aju melaku nyang kota Tarakan, Kalimantan Timur, sak perlu kontrak kerja nyang Restoran Royal Crown, gawe nyediani mangane Atelit PON ke-17" gedigu jelentreh lakon uripe Taufik Saleh alias Kifuat iki. 

Masiya pengalaman megawe keliling lan pindah-pindah teka Retoran siji nyang Restoran liyane, naming kepingin mulih lan nyambung urip ring tanah kelahiran seru gedhene. Ambi karen-karen bunci olehe megawe ring boroan, Kifuat nyacak urip, puser pegawean hang dikarepaken tetep noring panganan lan olah-olahan. "Aju mulih kampung dodolan jajan, pelasan, iwak iwakan, keliling Rogojampi-Banyuwangi. Panganan hang didol keliling iku, sebagian olah dhewek sebagian maning njuwut nyang Kampung Jajan ring Gladag, Rogojampi" jare Bapak teka anak 2 wadon lan 1 lanang iku.

Tau Gagal Ping Kaping-Kaping
Tahun 2009 dodolan keliling iku, setemene wis mulai ana asile. Naming merga emake loro keneng Kanker Servik lan kudu ngamar nyang RUS Dr. Soetomo Surabaya, dodolan kerep ditinggal ngeboti njaga wong tuweke wadon. "Kawitane obat jalan, wira-wiri Banyuwangi-Surabaya, pungkasane kudu rawat inep nyang Surabaya. Isun langsung mutusi mandeg teka dodol panganan keliling, manggon Surabaya ambi njaga emak. Sak suwene njaga ring rumah sakit, isun ambi megawe milu kanca lan kenalan hang duwe warung lan cafe. Alhamdulillah bisa kanggo nyambung urip", gedigu ucape Taufik ambi nerawang adoh penyawange.

Gudha lakon uripe Taufik sing terima iku, sak durunge ping papat nyacak usaha dhewek dodol panganan naming sing tau ana asil. Ale iyane yakin seru, gok iku hang dibisani lan sing kalah ambi liyane kadhung dirasakaken. 

"Kawitan tahun 2003, isun tau buka Warung Lalapan ring Jl. Dukuh Kupang Barat Surabaya. Mung melaku 7 ulan aju tutup. merga asile sing nyucuk. Tahun 2004 buka Catering Keliling Counter Foodcort lan plaza, nggawe mangane karyawan, tapi mung melaku setahun.  Sak marek ngurusi emak, tahun 2016 nyacak maning Warung Lalapan ring Tunggulwulung, Malang. Malah iki nemen, mung 3 ulan wis sing kuwat nerusaken. Pungkasan taun 2017, buka warung Bakso ring Blimbing, Malang. Nasibe ya padha mung 5 ulan tutup", ceritane Taufik nang lakone mbuka usaha panganan.

Masiya gagal terus wayah mbukak usaha dhewek, naming Taufik sing arep kapok. Magih ana bain hang mercaya nang iyane, kanggo ngurusi panganan, utawa sing adoh-adoh ambi kepenterane olah-olah. Saiki Kifuat iki dipecaya ngolahaken panganan kanggo 400 Karyawan Hawai Waterpak, Malang. Olah-olahane mau, kabeh umume olah-olahan panganan Indonesia. Kadhang ana pesenan rombongan, akehe sampek ewonan. "Naming kanggo karyawan, kadhang isun selingi ambi olah-olahan has wong Using. Jangan kelor, Pitik Pedhes, Sambel Tempong lan liya-lyane. Alhamdullillah akeh hang seneng, malah kerep wekas olahan iku kadhung suwe sing diolahaken", jare lakine A'an Mardiana, hang saiki tetep manggon ring Kepung, Kediri.

Apake Nabila Shofi, Febri Tamimam lan Irham Amru iki, akeh hang nawani megawe bareng mbuka warung husus olah-olahan Banyuwangi. Naming serehne tau gagal ping papat, ajakan mau magih dipendhem jeru-jeru. Kaya magih durung ilang lan sing bisa dilalekaken, kelendi rasane wong ugagal usaha. Paran maning serta ndeleng anak wis gendhe-gendhe butuh biaya pasti kanggo sekolahe.

"Ya njaluk pendungane bain Kang, isun mane ilang mamange. Kadhung ndeleng kondange olah-olahan Banyuwangi kaya saiki-iki, pancen ana pengarep-arep gedhe bisa asil. Namin iki mikire kudu temenanan,  merga isun sing gelem kecemplung maning ring panggonan hang padha", gedigu pungkase Taufik.

 

 

 


 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Nur Holipah