Mbungkus Upacara Adat Tetanen Dadi Atraksi Wisata
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 05 Desember 2019 14:36 WIB)
- Opini
Akeh upacara adhat melaku paran anane, malah kaya dinggatekaken ambi kahanan jaman saikine. Sing sithik uga, upacara adat mau ilang, merga sing ana hang bisa ngerumat. Paran maning ana pawongan enom-enom hang duwe anggepan, kadhung tradhisi lan upacara adat iku ketinggalan jaman. Kelebu uga tradisi ring njerune penguripane para tani, saiki akeh hang ditinggalaken. Para tani lebih seneng ngupaya, kelendi carane asil panene akeh. Naming sonder mikir kelendi lestarine alam hang ditanduri, kelebu dunga-dunga teka hang kuasa.
Tradhisi Pethik Pari masyarakat Desa Sumberasri, kecamatan Purwoharjo, Kabupaten Banyuwangi. Sampek saiki magih diugemi ambi masyarakate, kanggo ngungkapaken rasa sukur ambi berkah hang diuweni teka Gusti Allah, ngarepaken panen gedhi. Panen Gedhi duduk mung rasa kesenengan bain, naming ring walike iku ana regane urip lan penguripan. Kelendi sejatine hubungane menungsa ambi hang nggawe urip, kadhung disambung ambi cara hang bener bisa nyenengaken alam sak isine.
Iku hang dadi karep lan uneg-unege Yatimin, warga Desa kana hang saiki kuliah S-2 ring ISI Solo. Upacara Pethik Pari mau, aju didandani dari Karya Musik hang diweni judul Pamethuk. Mbukuse upacara adat iki mau, digarap nonjolaken Banyuwangine. Tabuhan kuntulan, Angklung Paglak minangka lemeke tabuhan rakyat tetanen. Kabeh mau didadekaken siji nyambung, dadi suwara hang endah lan enak dirungokaken. Nggarape cara sekolahan, rancak lan nganggo pola-pola anyar.
Weruh lan ndeleng karyane lare enom mau, para tani kana kaya kesengsem lan sing nyangka kadhung upacara adat mau bisa didandani dadi totonan hang enak dideleng lan sing ngilangi kahanan hang disakralaken. Malah regane urip bebarengan, kaya dideleng ring wayah mari nggelar Pametuk mau. Aran para tani lan lare-lare enom, padha rukung lan guyub beberangen tandang kanggo mujudaken acara mau.
Kembang-kebangane ring njabane acara mau, kaya penjor, spanduk, banner hang tetep nggatekaken unsur artistik (enak disawang lan nyeni), iku kabeh rekadayane masyarakat. Padahal sak durunge, upacara Pethik Pari asline wis arang-arang dianakaken. Dalihe macem-macem, mulai sing ana hang duwe kawigaten. Uga akeh hang lali kelendi carane nguripaken maning, uga nana hang gelem ngawiti.
Kanggone Yatim, lulusan S-1 STKW Surabaya iki, Upacara Pethik Pari iki seru apike kadhung diuripi maning. Mulane iku, iyane aju ngajak ngomong tokoh-tokoh ring Desa Sumbersari kana kanggo mujudaken angen-angene mau. Merga iyane jurusan musik, mangka tabuhan hang ditonjolaken. Aju dipilih Angklung Paglak hang parek seru ambi dunyane tetanen. Kuntulan uga dijuwut, kanggo narik karepe lare-lare enom mane bareng-bareng milu nduweni tradhisi hang meh mati mau. Mesisan uga, lare-lare enom weruh odote tradisine dhewek, timbang ngerteni tradhisine wong manca hang adoh-adohan ambi panggone urip saikine.
Yatimin, Bapak Emake uga anake wong tani ring desa kana, sing kangelan mujudaken karepe nggarap Upacara Adat dadi tontonan kanggo nyenengaken wong-wong tani. Masiya tah para tani akeh hang sambat regane saprodi, obat-obatan dan emese sawah. Ambi cara nguripaken adat tambah mecungkul karep megawe ring dunyane tetanen. Lare-lare enom pancen akeh hang milih pegawean liya, karepe kadhung tradisi upcara pethik pari diuripi maning. Nawi tah aju mecungkul karep nguri-nguri pegawean tani ambi cara modern.
Mengarep Yatimin kepingin Pemerintah Desa, Kecamatan lan uga Kabupaten, uga bisa duwe kawigaten hang gedhi nang dunyane tetanen. Bisa uga ndadekaken upacara Pethik Pari iki, dadi atraksi wisata hang digelar setahun sepisan. Ambi akehe wong-wong njaba teka nang desa mau, bisa uga nambahi penghasilane warga desa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.