Melabot, Carane Wong Using Ngadhepi Inplasi

Dian Pratama (dipublikasikan pada Jumat, 03 Januari 2025 11:01 WIB)
- Opini



Gendhinge penganten anyar eman

Pikire using serantan

Lungguh kuwadhe umek sing karuwan

Mung ngenget bengi kawitan

Lamat-lamat suwarane tip melebu ring umahisun. Lawange pawon kang digawe teka seng gembar-gembor sing karuwan. Kuwuk-kuwuke lare cilik nggerecek sing karuwan. Isun hang nong umah aju melencat gancang-gancang metu, serang kepingine ndeleng arak-arakan penganten. Teka njabane terob sun deleng, pengantene apik seru nganggo kelambi mupus berahen, hase penganten Banyuwangi. Ambi nyawang penganten kang arep munggah kuwadhe, isun ndeleng ana keluwarga besan kang teka ampyak-ampyakan ambi nggawa jajan werna pirangane macem.

Sing mung keluwargane besan, ring kana sun deleng ya akeh wong kang melabot. Dhayohe wong tuweke penganten, uga ana dhayohe penganten. Kabeh padha nulihi penganten loro kang arep dikalani ambi Pak Mudin. Isun lamat-lamat rungu donga kang dicampur basa Arab ambi basa Using. Sakuwise dikalani, isun muluh. Sing sepira suwi gadug nyang umah. Aju siyap-siyap arep sembayang magerib, aju arep melabot nyang umahe penganten mau.

Gadug nyang panggongane penganten, isun aju salaman ambi tuan rumah, aju lungguh nong kursi pelastik. Ambi mangan sega kang wis diateraken ambi wong kang laden, isun weruh kancan-kancane penganten padha munggah, aju ngajak poto bareng, lan salaman ngampelopi penganten. Teka kene isun mikir, tibane adat melabot iki ana kaitane ambi ekonomi, yaiku njaga nilai teka picis iku mau.

Kelendi, paran maksude njaga nilai picis?

Gedigi kira-kira penjelasane, nilai (regane) picis iku ring ilmu keuangan diarani time value of money. Konsep iki njelasaken kadhung picis kang rika duweni saiki, nduweni rega kang lebih akeh, timbangane picis kang akehe padha ring dina mburi. Umpamane, jaman tahun 2000, sega ning sekolahan magih ulih limangatus kenthing, tapi saiki regane sega iku wis antarane telung ewu sampek limang ewu.

Semono uga adat melabot. Setemene, iki budaya kanggo gotong royong, makene kang nduwe gawe bisa ketulung bandha teka dulur lan tangga teparone. Tapi ya sing bisa dipungkiri gok melabot iku nurut pikiranisun, sing liya ya carane wong Using kanggo njaga regane picis lan ngadhepi inflasi. Paran iku inplasi? Yaiku mau regane barang munggah. Utawa picis hang maune limangatus kenthing bisa kanggo tuku sega ning sekolahan, saiki ya mung ulih permen.

Dadine, ring penganggepanisun, melabot iku njaga regane picis iku mau. Mulane wong repot iku biyasahe ana bukune, enggo paran? Nawi kadhung sijine dina, dhayoh kang melabot iku mau nduwe gawe, bisa nyiluri nganggo barang hang padha. Umpama ana kang nggawa beras rong kilo, lan sepuluh tahun engkas dhayohe mau nduwe gawe, ya uwonge melabot rong kilo beras. Semono uga kadhung ana dhayoh tahun 2008 ngampelopi sepuluh ewu, ya kadhung tahun 2025 iki kira-kira diukur ambi picis saiki bisa dadi selawe sampek telung puluh ewu.

Heh, kari mata walangen yah!” abane kancanisun mbuyaraken lamunan. Eh, cumpune isun kejeron kadhung mikiraken pelabotane dhayoh kang teka ring umahe penganten iki mau.

Nagud, temakaken mbah buyutisun wis kepikiran yuh, kelendi carane anak putune sing bingung kanggo mbandhani iwuh gedhe kang ragate akeh iki," abanisun nong jero ati.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Artikel Pribadi

Editor: Hani Z. Noor