Memengan “Long” (Bom-boman) Tepak Puwasaan

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 13 April 2022 09:46 WIB)
- Opini



Sakat cilik isun wis biyasah rungu suwara hang jemedhor ngagetaken teka kebonan kidule umah. Biyasahe njumbule tepak puwasaan. Rasa kepingin weruh lan diejak kanca, Isun diduduhi memengan hang bisa ngasilaken suwara jemedhor gedigu iku kaya dene meriyeme wong perang.

Long jajang

Isun diajak nggolet jajang nong alas ambi lalare jak akehan ambi nggawa budhing. Sak dawane dalan ya sak dawane iku pisan isun takon-takon nyang kanca-kancanisun. Mesthi ngajaki kanca hang lebih tuwek teka golonganisun makene aman melaku lan mulihe. Ring kana bahane temekaken teka jajang hang tuwek lan hang dijuwut mung bongkote. Biyasahe kancanhun iku njuwute kira-kira 3-4 ros, dene jenise bebas jajang paran bain. Naming lalare kadhang nggolet hang jajang ori kerana jare lebih kuwat lan awet, dhung teka jajang biyasah hang kerep ditemoni nong alas lan kebonan iku gampang pecah lan bisa nggawe belahi.

Sak marine ulih jajang aju dirijigi teka carang lan welade, aju tengahe ros disogrok nganggo linggis utawa kayu hang lincip pucuke. Mung ros hang paling bongkot digeningaken. Hang ngarep (pucuk) kudu bolong merga suwarane metu teka kono. Dhung wis mari, kira-kira 5-8 cm teka pucuk ngingsor, dibolongi sak deriji. Bolongane mung cukup siji bain. Ambi kancanisun diduduhi pisan bagiyan penting teka Long yaiku kudu nggolet cuthik cilik bain kanggo nyolok longe, uga nggolet bonggole gedhang hang wis bosok aju dijuwut gedeboke hang kaya belethok taping kempel. Iku kanggo tutupe bolongan longe hang cilik.

Mari digu lalare padha urunan tuku karbit, sak engetisun bengen mung terima picis limangewu wis ulih kebek karbite hang mula langsung diweni sak lenga gase masiyatah mung sithik. Serta wis siyap kabeh, lalare ngajak isun nong kebonan kidule desa. Umume panggonan nyolok long jajang iki kudu adoh teka panggon rame makene hing ngganggu uwong. Ring kana long dipapakaken nong tumpukan rejeng hang wis mula ana ring lemah hang wis merupa gumuk nong kebonan iku. Pokok madhepe rada mendhuwur kira-kira 20 derajat.

Isun magih hing tutug dhung takon lan nulihi kanca-kanca memenganan long. Isun diwarah ambi kanca-kanca kadhung tepak nyolok long, aja sampek ndeleh kuping nong ngarepe bolongan long hang ana ring ngarep. Serta wis siyap kabeh, long diisi banyu secukupe kira-kira rong gelas biyasah takerane. Sak marine iku karbit ulihe tuku digetesi duhung ana hang wungkul gedhi-gedhi. Dhung nggetesi pokok digawe seukuran watu kerikil. Kapan wis mari karbite hang digetesi mauka dilebokaken nong wadhah cilik. Kadhang lalare nganggo wadhahe banyu gelas, ring kana karbit hang sak kerikil- kerikil mauka ya dicampur ambi lenga gase. Karbite mauka dilebokaken nong longe taping sakcukupe bain kira kira 3-4 iji.

Bolongan cilike iku wis ditap sakat kawitan dideleh madhep mendhuwur lan dijejeli gedebok bosok mau. Dianteni kira-kira sak menitan, kadhung dirungokaken wis kemerengseng lan gemulak, aju disumet kelawan mbukak bolongan cilike mau nganggo cuthik cilik hang wis diwani lenga gas lan murup.  Sukur ditutulaken bain genine ring bolongane aju jemedhor.

Taping isun tau nemoni, kadhang tepak dicolok unine beda lan hing kaya biyasahe, kemplut.

Iku mergane kesusu-susu karbite durung ngetokaken gas hang cukup wis dicolok. Kadhang merga gupuhe lan serange nak kepingin nyolok. Mangkane saben ngerungokaken gemulake banyu kudu bisa nengeri nong gemulake wis sempurna tah durung.

Long pelastik lan omplong

Isun saya suwi bisa nggawe dhewek, wis angger nggawe lan memengan long jajang. Ulih pirang taun teka jaman iku ana hang ngenalaken nyang isun "long pelastik" nyeluke. Long iku digawe teka pecake gelas banyu hang teka pelastik hang dibolongi nong ngingsor gelase. Mari digu golet tutupe ombenan kaya sprite utawa fanta hang teka gelas utawa tutup botol liyane. Tutup botol iku mauka diweni banyu sithik hing ngebeki nong tutup botole aju ya dicemplungi karbit. Kadhung wis kemerengseng disumet. Hang enakan maning nganggo omplonge susu. Dhung wis dicolok ya kaya unine long jajang, bisa jemedhor anter seru lan pelastike utawa omplong susune bisa melencat dhuwur.

Suwi-suwi kadhung karbite wis entek diiseni karbit anyar maning. Kadhung banyu ring njero long wis buthek seru kudu disiluri banyu anyar. Gedigu terus sampek karbite entek.

Long sepiritus

Tepak Isun wis rada gedhi, Isun nemoni pisan long pelastik hang nggawe sepiritus. Lalare cilik ana hang memengan bom-boman taping longe digawe teka ndhuwurane botol banyu mineral hang tutupe wis dibolongi. uga bolongane mauka cukup kanggo dileboni ambi sekakele coret cethetan. Ring kana botol mauka mung dijuwut kubahe thok sak tutupe, hing kathik ngingsore. Dene lengen meriyeme, nganggo omplong susu hang wis dijuwut tutup ngingsor lan ndhuwure, kari pinggirane. Aju ring pinggirane diwani sekakele coret. Omplonge disusun kira-kira ana 4-6 omplong hang disambung nganggo solasi cemeng. Long sepiritus iki malah bisa dicolok ambi melaku-melaku utawa lirih-lirih kerana serang entheng lan gampange dhung nyolok.

Cara  ngunekaken mung terima botol hang wis diisi banyu sepiritus hang tutupe dimodipikasi ambi semprotan. Iku mauka kari disemprotaken kira kira 3-4 semprotan teka bagiyan bolongan ngarep. Aju digoyang kaya dene wong nggelintir rokok mbako. Dhung wis sekirane cukup langsung dicethetaken tombol sekakel corete. Muni wis.

Telung macem long iku terus ana sampek seperene lan ilmu carane nggawe wis disinauni ring lalare cilik-cilik sak ngisorisun. Malah dhung kepingin nemoni unine kadhang ana ring arak-arakan lare sunat. Biyasahe long jajang ambi long spiritus muntup nong barisan pungkasan. Hang nggawa lalare cilik-cilik hang diperintah ambi lalare hang lebih tuwek. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor