Memengan Perang Mercon
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Mei 2021 08:44 WIB)
- Opini
Ring wayah puwasaan, lalare cilik hang mestine padha bain ring endi-endi padha nduweni kenangan saben-saben menganan ring wayah-wayah tertentu. Kaya dene wektu ulan Ramadan. Ring ulan iki, isun sak kancaan akeh kegiyatan menganan kanggo ngilangaken pikiran elom hang nggarai selak kepingin buka puwasa. Menganan hang sun lakoni ya akeh maceme taping hang seru lan bisa nggawa belahi yaiku menganan perang mercon.
Perang mercon dhewek kadhung sun artekaken yaiku mung uncal-uncalan mercon ring arah musuhe iku mauka. Mercon hang digawe perang kelebu jenis mercon murah kayata hang aran mercon litik, mercon tikus, mercon celorotan, mercon bantingan, tapi hang tuwuk digawe perang yaiku mercon litik. Mercon-mercon iku mula tetep bisa nggawe belahine lalare iku mauka tapi wis kelendi maning lare magih cilik ngartine mung seneng, umpama keneng kepeledhosan mercone ya magih tetep memengan mercon. Teka kana lalare ya tetep ana muyabe kerana mung dienggo seneng-senengan uga ya bisa njanggetaken tali sak kancaan ring antarane lalare.
Picis hang digawa sangu sing kerasa terus entek sak suwine ulan pasa sebab memengan perang mercon iku biyasahe mangkat tepak bakda solat magrib sampek ngarepaken solat isya. Panggonan hang biyasahe dienggo yaiku ring tanah lowong, tegalan utawa ring dalanan desa. Wong-wong hang weruh belahine keneng mercon biyasahe ya nguwel malah sampek muring temenan kanggo ngendhegaken perang mercon iku. Lalare hang diuwel ya ana bain hang wedi uga nurut. Tapi ana pisan hang tetep ladak nerusaken menganane mauka naming golet panggonan liya hang sepi uwong. Malah kadhang panggonan ring dalanan ngarep masjid dienggo perang tapi ya digu kadhung wis ketemon ambi pengurus masjid, lalare kadhang sampek diserewati sandhal, kayu utawa watu cilik ambi para pengurus masjid makene sing ngganggu wong hang ana ring masjid ambi suwara mercon iku.
Suwara hang bisa ngagetaken iku ya kadhang nggarai uwong bisa muring, ya ana hang ngarteni. Hang diwedeni iku nawi tepak ana uwong hang duwe penyakit jantung lemah uga hang duwe penyakit kagetan. Ring kondhisi iku mula bisa belahi gedhi hang kadhangane bisa digawa ring jalur hukum.
Arane bain lalare cilik. Tetep nerusaken menganan perang mercon iku ring panggonan liya. Anehe tepak wis wenak perang dicampur muyab ana bain hang kadhang sampek bangkel-bangkelan uga tukaran. Tapi iku mauka, hang uwis ya uwis. Pengalamanisun malah ana hang sampek nggawe bolonge kelambi, sarung, uga tatune tangan lan sikil. Hang seru nemene, ana hang sampek keneng mata. Wong tuwek endi hang lila nyang anake hang wis tau kebeledhosan mercon aju tetep nggeningaken anake memengan mercon maning. Kerana wis ana hang gedigu iku kadhang ana lalare cilik hang mandheg memengan mercon iku sebab wedi diuwel ambi wong tuweke.
Sampek ramene ring lurung akeh para wong tuwek uga lalare lancing perawan hang padha ndeleng. Malah ana hang sampek milu perang pisan serang serune mauka. Hang girang maning ya mesthine hang dodolan mercon, sampek bolak-balik pasar nyetoki mercon hang tuwuk dientekaken ambi lalare cilik kanggo perang.
Kegiyatan hang dianggep ambi lalare cilik wis rutin saben dinane ring ulan pasa. Kadhung mari buka pasa ring umahe, lalare sakkal menyang lurung taping uga nggawa sajadah, coret, ambi picis wis kanggo nyawisi arep perang mercon. Perange ya setemene dudu nggawe kesel. Mung sukur dicolok aju diuncalaken ring musuhe. Akeh-akehe meledhos ring dhuwuran lan hing sampek gadug ring lare musuhe. Sak akehe lalare cilik ya mesthi ana bain hang karepe muyab tapi malah temenan, kadhang nyeja diantemaken ring awake musuhe uga diuncalen ring sak kelambi uga kethu kanca-kancane. Hang gedigu iku ya ana bain tapi lalare cilik-cilik iku hing ana hang sampek nangis. Ana hang ngirane tetep muyab dadi ya ngerasa girang tapi ya ana hang malah ngambul mulih.
Mandhege perang kadhung wis lagaman ring masjid hang mertandhakaken waktu isak. Ring kana lalare hang biyasahe ning masjid ya mangkat melaku ring masjid utawa langgar ya padha bebarengan melaku. Ambi semayanan arep nerusaken maning engkisuke.
Preine lalare cilik hang memengan perang mercon mung wayah udan ambi dhung ana selametan. Tapi kadhung sing ana alangan paran-paran, lalare cilik tetep memengan perang mercon malah kadhang hang nggarai seru kadhung wis ana hang nakalan umpamane ana hang mara-mara ngedum rong kelompok. Rong kelompok iku kompak hang siji teka ngarep hang sijine nyerang teka mburi. Golongan hang kejebak ring tengah mauka kadhang bingung ambi gemuyu nyekakak, ana hang sing terima atine kerana sing ana perjanjian ring kawitan.
Paran maning kadhung mercon hang diserewataken mauka dirangkep lebih teka siji. Lalare hang keneng keserang malah kaget uga saya ngerasa diakali sebabe kaget meledhose kok anter ambi peledhosane gedhi.
Apike lalare cilik iku, kadhung wis ana wong hang arep melaku ring masjid utawa ana hang wira-wiri embuh iku melaku uga utawa ana hang nunggang sepidhah montor lan montor padha ngendhegaken memengane sedhilut kanggo nguweni kesempatan uwong-uwong iku liwat. Hang nggarai gemuyu kadhung wis ana uwong hang ngatonaken kadhung wedi mercon, salah siji lare hang ladak mesthi nggudha tambah nyoloki mercon kanggo ngagetaken uwong hang wedi mercon mauka. Kemekelen gemuyune lalare kadhung wis weruh reaksine utawa sampek njingkate uwong hang digudhani mau.
Hang apik maning teka lalare cilik iku, ambi kondhisi memengan perang mercon iku, para lalare bisa ngarteni kekompakan dan nyusun rencana. Paran maning ana lalare hang sugih dadi bisa tuku mercon wakeh tapi larene iku getap. Ana hang sak kelompoke ladak utawa wanenan ring kana lare hang ladak iku hang tugase nyerang. Dadi bisa diibarataken ana lare hang bagiyan ngewani mercon, uga ana hang bagiyan mancing musuh, uga ana hang nyerang. Ring kondhisi perang iku pisan lalare cilik ya sukure padha awehan ring kancane hang sing bisa tuku utawa sing duwe mercon kelawan ngedum mercon sak kancaan.
Ring taun 2021 iki, isun alhamdulillah magih nemoni perang mercon iku tapi arang hing kaya jamanisun cilik. Ya mula ana apike kadhung sing ana perang mercon tapi jare isun pokoke lalare cilik bisa ngati-ati ambi diawasi ambi wong tuwek ya magih bisa sunreken aman. Tapi hang nggarahi nelangsa yaiku lalare cilik saiki mung ketungkul ring HP-ne dhewek-dhewek. Ana hang dhemen youtuban, game, fb-an lan sepiturute.
Memenganan hang bisa ndadekaken lalare iku bisa guyub rukun ring kancane teka anane memengan perang mercon wis keganti ring menganan moderen yaiku HP. Tapi syukure magih ana masiya mung sedhilut, lalare cilik magih ana hang bisa ngerasakaken wenak lan serune memengan sakliyane HP utawa memenganan moderen liyane.
Hang bisa sunkarepaken lalare cilik iku bisa cerita ring kanca liyane ambi ngajak lalare hang sing tau memengan perang mercon milu perang. Taping kadhung bisa ya memengan pisan menganan tradhisional liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor