Menganan Temeker (Bagiyan 1)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 21 April 2022 10:46 WIB)
- Opini



Temekeran yaiku salah siji menganan hang didhemeni lalare, kadhang ya hing ngereken umur. Memengan temekeran wis anjerah nong endi-endi taping carane ya hing kabeh padha. Isun ring kene mung nguweni sithik kaweruh lan pengalamanisun sakat magih memengan temekeran iki masiya ring taun 2021 iki wis jarang sun temoni lalare cilik hang padha memengan temekeran. Cara nguliyaken temeker wakeh carane, hang wenak iku biyasahe ulih warisan teka simpenane bapak, kadhung sing, ya tuku ring wong dodolan menganan. Sak engetisun bengen regane macem-macem ana hang sijine 200 rupiah, ana hang 100 rupiah, uga ana hang 50 rupiah.

Merga bengen sapa bain memengan temekeran, biyasahe kabeh padha guyub rukun bebarengan main. Taping kadhang ana bain hang nganggo cara nakalan ambi kanca sak memenganan. Ring desanisun bain yaiku Desa Benelanlor ambi tangga desa liyane nyeluk aran sakliyane temekeran uga ana yaiku “Pot-Potan”. Hang dimaksud pot iku setemene gambar coretan ring lemah (umpamane segitiga) hang ring garis pinggire didelehi temeker hang kudu dietokaken teka garis nganggo temeker gaco. Temeker iku dhuweni wujud bunder hang bahane teka kaca kaya hang dienggo nggawe gelas, kaca cendhela uga ya ana warna-warnane.

Memenganan pot biyasahe ring lemah hang rijig maksude sing ana sukete ambi hang sing papingan. Kadhang lokasine hang wenak yaiku lemah hang rijig hing ana pasire tapi ya kadhang masiya akeh pasire ya tetep dienggo memengan merga wis sing nemu panggonan maning. Hang utama panggonane iyup lan jarang diliwati kendharaan utawa uwong.

Modhele temeker macem-macem. Hang sun weruhi ring jamanisun bengen ana telung ukuran, yaiku:

(sumber: google.com)

Keterangan :

  1. ukuran paling cilik
  2. ukuran normal (hang biyasah dienggo)
  3. ukuran gedhi (ana hang ngarani geludhug)

Tapi ukuran paling cilik ambi hang ukuran gedhi akeh-akehe mung dienggo koleksi pribadi sebab ya nyang ukuran tangan kadhung tepak dienggo main ya hing enak. Paran maning sara goletane. Tapi ya ana tepak tuku utawa nemu ring dalanan kondhisi temeker ana bain hang mencong/mencos (pokok hing bunder seser) iku malah ambi lalare kadhang dijuwut bain kanggo duwen-duwenan.

Sak liyane modhele uga ana maceme temeker, yaiku:

Keterangan:

  1. Temeker biyasah iku ya temeker hang kaya umume duwe garis melengkot–melengkot uga warna hang macem macem ring njerone temeker iku.
  2. Temeker hang duwe garis nyigar tapi garis melengkote iku padha uga ya ngiteri ring njerone temekere.
  3. Temeker hang kabeh warna putih (sing tembus pandhang kaya biyasahe) tapi ya ana hang ana campurane warna liya tapi magih didhominasi ambi warna putih mauka.
  4. Temeker hang kaya jenis biyasah tapi warna ning garis melengkung-melengkunge iku mung nduweni sak warna (sing ana perpaduan warna).
  5. Temeker hang nduweni kelir mung sak warna uga ngebeki sak bundere temeker mauka.

Temeker iku kadhung wis lawas kakehan dienggo main uga hang kerep tampesan ambi temeker liyane iku suwi suwi ana hang sampek pethak diarani geropek. Malah tepak diantem ambi temeker lawan ana hang sampek pecah utawa ajur. Jare lalare jamanisun bengen serang wantere ngantem utawa sebutan liyane “ngetos”.

Nyekele temeker kadhung tepak main ring lemah utawa pelataran, ana macem-macem  dhung ngetos, yaiku:

Cara nyekele hang umum ya hang nomer 2, nawi iku hang paling gampang taping ya sak enake larene nganggo cara hang endi. 

(Ana sambungane ring bagiyan 2)

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor