Menganan Temeker (Bagiyan 2)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Selasa, 26 April 2022 09:22 WIB)
- Opini



Nerusaken hang sabene, memengan temeker akeh maceme.  Macem-macem memengane ana hang ring lapangan (bisa ring pelatarane umah utawa ring lemah endi bain. Temekere dienggo saranane memengan) ambi hang temekerane mung dienggo udhu. 

Hang ring lapangan:

Ngawiti Main, mesthi ana garis kanggo nguncalaken temeker nyang lokasi hang dituju. Biyasahe peraturane iku hang nentokaken sapa hang mangkat kawitan.

Gambar hang ana ring lemah uga rong macem: ana hang segitiga (arane pot, mangkane diarani pot-potan, ring Benelan disebut Wajikan), ana hang arupa garis lurus hang paling pucuk disebut endhas. Hang iki maine terotosan. Sapa hang bisa nguncalaken temeker lan keneng endhase yaiku hang bisa nyaup kabeh temekere.

Kadhung pot-potan, marek nguncalaken temeker, sapa hang paling parek nyang pote yaiku hang bisa ngawiti nyothok temeker hang ana ring pot. Diantemi siji-siji, kadhung luput gentenan kancane hang nomer loro paling parek teka pot. Lan seteruse sampek temekere hang ana ring pot entek. 

Bisa Mateni Musuh, saben hang wis ngulihaken temeker minimal siji iyane bisa mateni gacone kanca liyane. Pemain hang temeker gacone dipateni hing ulih maning main. 

Kadhung leng-lengan, sulung-sulungan sapa hang bisa ngelebokaken temekere ring njerone leng (jelekongan ring lemah). Sedurunge main bisa janjian sulung pirang poin hang kudu dikejer. Bisa main dhewek-dhewek bisa sak kancaan. Kadhung main sak kancaan, tambah rame merga kancane bisa ngatem temeker musuh hang wis parek nang eleng. Biyasahe leng-lengan iki dudu menang-menangan ulih temeker teka musuhe naming akeh-akehe mung dienggo latihan titis-titisan lan nggoleti hang kalah. Aju tangane hang kalah dikongkon nekepi leng lan ditembluki temeker teka ndhuwur ambi hang menang. Upahe hang kalah tangane kelaran keneng temblukan temeker.

Akehe Pemain, hang bisa milu tergantung kesepakatan hang main dadi sing ana watese. Sapa bain, wong pira hing ana watese. 

  1. HANG RING LAPANGAN:

Keterangan :

  1. garis cemeng               : iku mula garis hang digawe kanggo tandha (hing ulih dibusek)
  2. bunder kuning             : temekere utawa pot

A.1. Leng-Lengan:

pengertian

leng-lengan iku memenganan temekeran hang kudu nggawe jelekongan lemah hang ukurane bisa dikira-kira sesuai kesepakatan hang main.

(jelekongan lemah mauka dhung wis dadi diarani “LENG”)

Cara memengan

  • Biyasahe kadhung leng-lengan mung dinggo permainan biyasah dudu hang sampek totohan pot. Uga ana hang nganggep memengan cara iki dinggo latihan memengan pot uga ngelatih titise ngantem.
  • Cara memengane bisa individual uga kancaan lan cara menangaken menganan iku nganggo total itungan. Biyasahe sampek ngulihaken poin 25, ana hang 50, uga sak karepe ulihe perjanjian ring para pemain.
  • Ngulihaken poin iku dhung bisa ngelebokaken pot ring leng uga bisa ngantem musuh. Poine padha padha ulih siji. Tapi syarat makene bisa ngantem pote musuh kudu ngelebokaken nyang leng sulung buru bisa ngantem musuh. Umpama wis bisa ngantem pote musuh uga arep ngantem maning ya kudu dilebokaken nyang leng maning sulung pote iku mauka.

Jumlah temeker

Hang dienggo ya saben siji lare ya mung siji pot (tos utawa gaco).

 

A.2. Wajikan/Pot-potan

pengertian

Biyasahe modhele segitiga, cukup nggawe garis hang ukuran segitiga maridigu pote ditap nyang garis garis mauka.

Cara memengan

Wajikan/Pot-potan iki memenganan hang sering dienggo ambi lalare kerana ring kene teknik ngetos diunggulaken. Teknik hang dimaksud yaiku:

  • ngetos ngepang (saben ngetos temeker hang dikarepaken bisa melayu rong arah yaiku kadhung posisi temeker hang siji ana ring kidule uga ana temeker kepindho ana ring elore, tepak iku dhung ngetos temeker hang kesiji pot hang dimainaken mau (tos utawa gaco) bisa ngenengaken temeker hang kepisan lan pentalane tose mauka ngantem pot kepindho).
  • Ngetos mundur (ngetos mundur iku ya saben tos utawa gaco iku mari ngantem tapi melayune malah memburi utawa mundur).
  • Ngetos tetep (ngetos pot hang posisi gacone tetep ana ring panggonan awal tepak mari ngetos utawa mari ngantem).

Permainan iki hang disulungaken kudu ngulihaken minimal siji temeker hang kudune metu teka garise pot, iku bisa dianggep wis ngulihaken. Permainan bisa mari kadhung temeker hang ana ring njero garis wajik mauka entek masiya tos utawa gacone para pemain lain magih ana (durung dipateni).

Jumlah temeker

Hang dienggo ya sesuai perjanjian hang main, kadhang ya ana minimale misale ya sijian, ana hang sampek sak ihlase hang main, uga ana hang tataan sakduwene antar pemain (bisa disebut: “entek-entekan”).

 

A.3. Bunderan:

pengertian

Meh meraji ambi wajikan yaiku mung nggawe garis bunder aju pot hang dienggo totohan dideleh ring njerone garis. Kadhung ring wajikan magih ana pot hang dideleh utawa ditap nyang garise.

Cara memengan

Hang dadi andhalan ring cara memenganane dudu teknik kaya wajikan tapi malah hang dienggo yaiku cara ngetos hang supaya kelendi carane bisa ulih akeh pot (ngetokaken pot ring njero bunderan menjaba) hang ana ring njero bunderan ambi hang diandhalaken yaiku wantere ngetos. Dhung bisa nggabungaken antarane wantere ngantem ambi golet cara ngantem ring posisi endi, iku bisa ngulihaken akeh pot. Permainan bisa mari kadhung pot hang ana ring njero bunderan mauka entek masiya temeker tos utawa gacone para pemain lain magih ana (durung dipateni).

Jumlah pot

Hang dienggo ya sesuai perjanjian hang main, kadhang ya ana minimale misale ya sijian, ana hang sampek sak ihklase hang main, uga ana hang totohan sakduwene antar pemain (bisa disebut: “entek-entekan”).

 

A.4. Endhas-Endasan:

pengertian

Permainan hang iki modhele macem-macem teka endhas, awak, uga ya genthonge ndeleng ambi akehe temeker hang dienggo totohan. Antarane:

  • Modhel endhas: garise mesthi bentuke wajik (segitiga)
  • Modhel awak: ana hang mung garis lurus thok uga ana hang diweni garis maning (bentuke kaya andha)

(cara ngetap temeker ana hang ning garis tengah thok ambi ana hang diweni sak garis horisontale pisan)

  • Modhel buntute: ana hang mung garis kenceng thok uga ana hang diweni bunderan (biyasahe dhung magih akeh temekere ya diweni garis bunderan.

Cara memengan

Hang diandhalaken ring Endas-endasan iki akeh akeh titis-titisan ring saben pemain. Dadi keahliyan titis iku mauka dienggo ngantem endhase kerana kadhung wis bisa ngulihaken pot hang ana ring pucuke garis endhas iku permainan langsung mari uga kabeh pot dadi hake hang bisa ngantem endhas mauka. 

Jumlah pot

Hang dienggo ya sesuai perjanjian hang main, kadhang ya ana minimale antara misale sijian, ana hang sampek sak ihlase hang main, uga ana hang totohan sakduwene antar pemain (bisa disebut: “entek-entekan”).

Keterangan :

  1. garis cemeng               : iku mula garis hang digawe kanggo tandha (hing ulih dibusek)
  2. bunder kuning             : temekere utawa pot
  1. Temeker dienggo Udhu

B.1. Sanggongan:

  • Permainan iki nganggo kartu remi hang kudune ana bandar hang bagian ngucut, ngedum, uga pimpinan permainan.
  • Saben pemain ngawiti ulih dum-duman 3 kartu hang maksimal juwut 3 kartu. Kadhung wis oleh 6 kartu hang ana ring tangan tapi yakin magih bisa ulih angka jumlah ring  ngisore angka 30 iku bisa ngombe kartu hang ke 7. Masiya jumlah total hing 30 tapi totale sak ngisore 30 iku bisa ulih dhobel teka totohan awal sebab diarani “NUTUP”.
  • Tujuan utama bisa ngulihaken total kartu yaiku 30 (hang diarani “SANGGONG”) kadhung hang sanggong iku bandar utawa jumlah angka teka kabeh hang main lebih gedhi anune bandar, permainan mari temeker hang dienggo udhu ring saben pemain hang milu dadi hake bandar. Tapi kadhung hang sanggong iku pemain, bisa oleh pindho teka jumlah hang dienggo totohan pemain iku.
  • Kadhung kartu J-Q-K iku angkane 10
  • Kartu AS iku angkane 1
  • Kartu JOKER iku angkane 5

B.2. Kiyu-Kiyu:

  • Padha ambi sanggongan yaiku nganggo kartu remi tapi biyasahe ana hang nganggo kartu domino.
  • Tapi kadhung kiyu-kiyu angka hang dadi target yaiku 9. Uga ya kaya kartu JOKER, J, Q, K, AS padha angkane ambi sanggongan muka.
  • Kartu ya mung diweni 3 lan sing ana ombenan.

C.3. Ketheman:

  • Yaiku permainan hang nuntut saben pemain bisa ngira-ngira total temeker teka saben kethemane tangan ring antarane pemain.
  • Kadhung ana hang bener ya iku wis dadi hake hang bener ulihe ngira-ngira mauka.
  • Hang dadi paktor utama yaiku nasib apik ambi bisa ngira-ngira.

Pengangen-angenisun muga bain memengan iki terusa lestari kerana ring anane memengan temekeran iki mau bisa nggugah rasa ring awake dhewek-dhewek hang aran gati, jujur, sabar, kekompakan (guyub), nahan rasa elek (iri, bangkel, sombong), ambi nyingsetaken tali sak kancaan masiya tah hang sun weruhi ring mbah google dhung memenganan iki temekaken asale teka Negara Perancis hang digawa ambi wong bengen melebu ring Indonesia tepak jaman penjajahan. Sun sing nulih nyang asal memenganan iku tapi manpaate kanggo isun uga kenanganisun bengen hang melebu ring salah siji warna kuwunge uripisun ring jaman magih lare.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor