Menu Tawon Kanggo Wong Pindhah Umah

Widie (dipublikasikan pada Sabtu, 09 Januari 2021 07:03 WIB)
- Kuliner



Kaya wis dadi adate saben wong pindhah panggonan, utamane pindhah umah, dikawiti ambi selametan sak perlu golet selamete hang manggoni. Prosesi rituale biyasahe ana maca donga, silaturahim ngundang tangga-tangga lan mesthi bain ana mangan bareng-bareng.

Ring desa Papring Kalipuro, urusan mangan iki, wong-wonge nduwe menu husus hang hing tau kelalen yaiku tawon. Nawi merga kewan cilik iki kerep nggawe umah lan kuwasane Pengeran umahe dadi lan apike. Jangan Tawon/Kokoh Tawon, Tajin abang lan Tajin putih, sega cengkaruk lan Jajan Gennak utawa macem-macem jajanan, hang kudu disedhiyani. Kadhung ana lebihe, miloni kemampuan sak kuwate hang duwe umah. 

Jare tokoh adat masarakat Papring, Munahju, 73 taun, menu kokoh tawon minangka simbol lan ngemu pelajaran kanggo guyub, nata pikir lan kesejahteraan.

"Menu hang nduwe pilosopi seru jerune, tawon iku minangka simbol wong hang patheng, ulet lan rukun. Sak liyane nduwe kandhungan protein hang dhuwur, lan apik kanggo kesehatan awak," jare pak Munahju.

Iyane ngomong gok menu tawon minangka menu utama utawa hang wajib ana kanggo selametan persiyapan pindhah panggonan ring Kampung Papring. Nawi nong panggonan liya ya ana, emeh padha utawa beda iku minangka wohe budaya nusantara hang sugih macem-macem adat.

Kanggo jenis tawon, hang ring Papring diarani 'Nyarowan" iki tawon hang wis biyasah ana, dudu hang gedhi utawa dudu jenis kelanceng. 

Beda ambi tradhisi hang ana kaitane ambi tawon ring Papring lan ring Jepang kono. Ring desa Gifu, Jepang, kerep dianakaken pestival tawon paling gedhi hang disebut  Kushiharo Hebo Matsuri (Festival Kushiharo Hebo).
Hebo iku kanggo nyebut aran tawon cemeng gedhi hang sing patiya agresip, kerana iku gampang ditangkep. Sak kilo tholo tawon iki diregani 9.000 yen utawa kira-kira Rp1,3 juta. Tholo hang ana setaun mung sepisan iki bisa dipangan wutuhan langsung hing kathik diolah sulung.

Setemene olahan bothok tholo tawon, hang akeh tholo tawon madu taping hang digoleti wong hang dhemen iku tawon endhas, ring Banyuwangi wis biyasah naming dadi menu husus tepak pindhahan iku hang istimewa ring Papring.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor