Mie Ayam Parek Perpustakaan Daerah Banyuwangi

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 03 April 2021 06:18 WIB)
- Kuliner



 

 

 

Isun ambi kancanisun hang aran Rijal padha-padha dhemen golet mangan ring njaba kampus kadhung wayah elom uga wayah ngaso. Kampusisun ana ring Universitas Airlangga Banyuwangi hang manggon ring mburine SMAN 1 Giri dalan arep nyang GOR Tawang Alun Banyuwangi. Sakat jam kuliah iku saya kebek ring semester tuwek, isun hang biyasahe mulih kadhung arep mangan, kerana iku sing bisa mulih ketepakan kancanisun Rijal iku ngejaki golet mangan ring njaba kampus. Saben kuliyah, isun duwe inisiatip ngejak Rijal golet mangane pindhah-pindhah teka panggonan siji nang liyane kang sekirane murah regane.

Teka nyacak niliki kana-kene, isun ambi Rijal nemu salah siji panggonan hang nurutisun ambi Rijal wenak dudu teka rasa panganane thok tapi ya teka panggonane pisan. Warung hang sun maksud yaiku warung mie ayam lan pangsit hang panggonane gandheng ambi Perpustakaan Daerah Banyuwangi ring ngarepe Stadion Diponegoro. Jare kancanisun Rijal, iyane iku diceritani ambi emake kadhung mie ayam iku wis ngadeg sakat bengen.

Kawitan ngerasakaken, sun cacak kokohe sulung. Cumpu wenak seru rasane kadhung sun bandhingaken ambi mie ayam liyane hang sakat bengen sun pangan. Buru bain isun niliki mie-ne, serta ngintep ane Rijal hing wis kari kokohe thok. Serta sun takoni temekaken bain Rijal iku wis elom sakat magih melebu ring njero kelas mauka. Jarenhun serang wenake mie-ne kok mara-mara kari gelis kadhung madhang. Ring kana mie lan kokoh hang wis sun tiliki, mari digu sun campur ambi kecap, sambel, ambi caose pisan, sun uled dadi siji sampek kaya bakso werna kokohe. Serta sun cacak ya wenak bain magih rasane, ambi kaju lan serang wenake, sun suwek-suwekaken mangane sampek Rijal iku nggupuhi isun ngongkon gancang. Hing kari suwi ring kana, isun ambi Rijal gesah sithik perkara mie iku muka aju isun ngejaki Rijal kadhung liya dina kudu merene maning sebab sun akoni teka rasane, rega, lan ulihe.

Sakliyane rasa, rega hang murah uga ulihe bain emeh sak jembung kurang sithik. Kadhung tepak nguled kecap lan liyane kudu ati-ati, sebab kadhung sing bisa ceceran ring meja. Ulihe hang akeh sak porsi iku cukup kanggo ngewaregaken weteng paran maning ana kancane yaiku kerupuk hang biyasahe dideleh nong pinggir jembung tapi ya digu sampek lali mangan kerupuke merga fokus nyang mie ayame.

Ana seminggu sakat kawitan merana, isun ambi Rijal balik maning nyang warung mie ayam iku. Hun tanggo mbukak terus cumpu ketepakan warunge tutup. Getunisun ambi Rijal sing dadi paran sebab ring pikiran magih keselip ana dina kesuk hang muga bain bukak.

Setahun lawase isun ambi Rijal ya wis tuwuk bolak balik nyang warung iku. Serang tuwuke wong hang dodol sampek nenger nong isun uga Rijal lan sampek ana pikiran kadhung isun ambi Rijal nak ngajak lalare kampus hang kepingin mangan mie. Tapi ya aran ilate menungsa iku bida-bida paran maning kadhung wis cocog nyang warung A ya wis dhemene ning warung A, kadhung wis cocog nyang rasane warung B ya tukune mesthi ning warung B. Dadi semono uga isun ambi Rijal hang cocog ring warung iku ya sing maksa kadhung kanca-kancanisun padha hing gelem marung merana.

Preiyan wis teka, uga ditambah ana kegiyatan kuliah hang sing bisa ditinggal, dadi mie hang dadi kenanganisun hing sempat sun sambang. Serta wis mari kegiyatane hang sun karepaken ya kadhung wayah mangkat kuliah melebu maning isun nak ngejak Rijal mangan merana, tapi wis takdir gara-gara ana korona hang ndadekaken isun ambi Rijal hing sempat tuku maning sampek seperene.

Kangen nyang rasa mie kadhang nggarai isun ngewanekaken tuku maning masiya tah sun belani nganggo protokol kesehatan kaya dene masker uga jaga jarak. Iku mauka nurutisun warung mie ayam hang wenak rasane uga murah lan akeh ulihe. Ring kana uga nyedhiyani ombenan hang biyasah sun pesen ambi Rijal yaiku es teh. Es teh-e bain ya jarehun wenak, manise pas uga ya ulihe sak gelas tanggung paran maning regane ya murah.

Muga bain warung mie ayam iku tetepa ngadeg uga hang dodol diweni kesehatan, dawa umure makene isun magih bisa tuku merana masiyatah mbesuk wis lulus kuliyah tapi magih bisa sun sambang kadhung isun wis megawe. Paran maning anane warung mie ayam iku nggawe kenangan ambi Rijal, kadhung ana wayah-wayah supek pikiran teka kampus kadhang tambane ya mangan mie ayam iku. Embuh kerana wis dhemen nyang rasane ya embuh maning, isun sampek sing bisa njelasaken paran-paran maning.

Embuh rika, kadhung ilatisun mula cocoge ring warung mie ayam parek Perpustakaan Daerah iku. Kadhung dhemenanrika mie ayam hang endi bain ya?

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor