Mie Gendhut lan Sega Goreng Abang Pak Eko
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 03 Juli 2021 14:44 WIB)
- Kuliner
Wong hang dhemen panganan mie, mesthi nengeri gok nong Banyuwangi ana mie gedhi-gedhi. Ana hang ngarani mie gendhut, mie abuh, ana hang nyebut mie tektek. Salah sijine hang ana ring Warung Pak Eko, kidule pangklang sepur (dalan melebu nong Karangrejo) hang teka Taman Belambangan, sebelah kiwa dalan.
Pak Eko dhewek wis dodol ring kono suwene 25 taun sakat anak penggarepe magih cilik.
"Kadhung mie tektek iki nggawe dhewek. Hang mie kuning biyasah iki mie gawenan pabrik ring Sidoarjo," jare pak Eko.
Merga mie-ne nggawe dhewek lan hing nganggo pengawet, kadhung jam 12 dalu wis gancang dilebokaken ring kulkas makene hing mambu.
Bukake mulai jam 18.30 sampek jam 12 dalu. Kadhung bengen magih bisa sampek jam 01.00, saiki tenagane wis hing kuwat.
Kaya anjerahe, mie tek-tek ana hang goreng ana hang godhog, enake dipangan ambi ngelethus lobok ijo hang wis disedhiyani ring ndhuwur meja.
Taping setemene, panganan hang paling garus nong kono iku dudu mie-ne naming sega goreng.
"Hang akeh dipesen iku sega goreng iwak asin utawa mie asin lan sega goreng abang hang nganggo caos abang," jare pak Eko.
Sak liyane mie kuning biyasah lan mie tektek, sega goreng pete, sega goreng abang lan sega goreng putih, menu liyane ya ana capcay lan fuyunghay.
Bengene, wong asal Kabat iki pindhah ring Singotrunan dodol bakso nong rombong keliling kampung. Suwi-suwi kerasa kesel, aju njaluk tulung nong budhene hang duwe panggonan parek pangklang sepur iku. Kawitane dikongkon nyewa ambi budhene, saiki wis duwene dhewek. Marek ganti teka dodol bakso, pak Eko ngaku resepe nabrak-nabrak bain sampek ketemu dhewek.
Saiki manggon ring Bakungan. "Sukur wis masiya panggonane dodol iki cilik digi taping hing diuber-uber satpol pp."
Teka asile dodolan, pak Eko wis munggah haji bareng rabine taun 2016 kepungkur. "Paran maning hang digoleti," jare pak Eko.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.