Mie Pangsit Legendaris, Pak Trimo Lateng
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 September 2021 09:24 WIB)
- Kuliner

Aran panganan lan jajanan ring Banyuwangi akeh hang mung sak majade, sederhana, taping akeh hang umure wis puluhan taun merga ajeg njaga rasa lan wis nduweni pelanggan dhewek.
Salah sijine tukang mie pangsit ring ngarepe Hotel Anda Lateng, ring pinggir dalan Basuki Rahmat Banyuwangi. Malah aran, brand merek, hang kanggone bisnis modheren saiki iki bisa dadi kebutuhan nomer siji bain, iyane hing duwe. Ring keber hang dienggo metengi rombonge bain mung ketulis: Sedia: Pangsit Mie Ayam. Nana aran, nana mereke. Paran hang diedol ya iku hang ketulis kanggo wong hang liwat ring ngarep warunge kono. Arane wong hang dodol dhewek ya hing ditulis nong kono, hing kaya wong dodolan liyane hang kesuwur aran hang dodol, kayata warung Mbak Har Gapangan utawa warung Mbok Wah Bakungan.
Pak Trimo hang dodol iki wis ngawiti mbukak dodolan sakat taun 1979. Dodolane mung sak macem mie pangsit iku, mie godhog, dicampuri sawen, aju didelehi pangsit goreng lan ring ndhuwure diendohi daging pitik rajangan hang wis dirageni, ambi ditambahi acar timun. Hang doyan bakso bisa njaluk tambahan penthol. Ring mejane kono, disuguhi pisan lobok litik ijo kanggone wong hang dhemen pedhes. Kanggo camilan tambahane, iyane mung nyedhiyani pangsit goreng hang wis dibungkusi pelastik gemelantung ring salah siji cagak rombonge.
Kadhung mangan ring kono merga dalanan hang rame, montor war-wer pating seliweran lan angine selamberan, kebere paceke kesurung-surung sampek keneng boyoke wong hang lungguh. Merga pak Trimo dodolan ring terotoar dalan. Bukak sakat jam 5 soren sampek sak enteke, kadhang jam 10, kadhang sampek jam 12 dalu.
"Sakat ana PPKM iku, payune suda seru. Hang biyasahe bisa sampek 40-60 mangkok saiki mung kari setengahe," sambatane pak Trimo. Iyane sing leren dodol masiya PPKM merga hing ana liyane hang bisa ditandangi. Dalu mbukak dagangan, raina nyiyapaken dagangan, merga mie-ne nggawe dhewek.
Kawitane bengen, pak Trimo mbukak rombonge ring sabrange Hotel Anda ring parek prakteke dr. A. Bakarman, ngampung ring tanahe uwong. Serta tambah taun, ana bangunan anyar, iyane ngalih nong ngarepe Hotel Anda rada mingser sithik ring terotoar, sak dheret ambi wong dodol sate laler hang uga wis dodolan taunan. Ring elore, ana pisan, kang Yit, hang dodolan kopi lan jajanan, uga sega bungkus, kanggone wong hang dhemen gesah ngalor ngidul nong warung.
Pak Trimo hing nduwe kekarepan gedhi. Pokoke mie-ne payu kaya sabene sedurunge PPKM, atine wis girang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.