Mitoni Lintas Etnis Nusantara
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 12 Januari 2026 07:17 WIB)
- Laporan
Mitoni Lintas Etnis Nusantara
Ana hang nggawe kaju ring acara mitoni
teka pasangan hafidz Muhammad Haidar Rosyid lan Fani Faizah Hurriyatul Alawiyah Hasan.
Mitoni utawane Tingkeban iki anjrahe ditemoni ring adat Jawa. Naming iwuh hang digelar tanggal 6 Januari ring Rogojampi iku lintas etnis nusantara.
Rosyid aseli wong Using lan rabine, Fani, wong Medura, Mitonine dipimpin ring Bu Mumun hang wong Sunda, lan pemandhu acarane yaiku Aguk Darsono minangka pengurus Forum Pembauran Kebangsaan Kabupaten Banyuwangi makili teka unsur Jawa. Lan ring antarane undangan hang milu megiyet antarane ana wong Minang.
Mitoni minangka ritual adat teradhisional ngewani penandha ring pitung ulan wong wadon ulihe meteng. Ring iwuh iku dikawiti kelawan maca Al Fatihah minangka surah hang disebut Ummul Kitab. Seteruse calon emak mauka njaluk sepura lan uga restu nyang wong tuweke keloron. Diterusaken rong keluwarga uga tokoh agama lan masarakat nublek banyu teka pitung sumber nyang wadhah hang disedhiyakaken. Salah siji ring antarane pitung sumber mauka ulih tepak Rosyid jiarah wali sakat teka makam pengasuh Pondok Salafiyah Sukorejo Asembagus sampek makam auliya ring Medura.
Sukorejo dhewek minangka panggonane Rosyid ngangsu ilmu tepak SMA sampek sarjana lan apal Quran 30 juz.
Seteruse ring wadhah mauka dileboni kembang setaman ambi emake Rosyid lan emboke Fani Lisa Zakiyah. Ngemu maksud acara mitoni minangka kerenteg hajat kanggo selamete lan sejahterane anak mantu uga gangsar laire putu hang kawitan. Fani dhewek minangka hafidzah ring Ponpes Yogyakarta.
Seteruse miloni adat, ana kain putih hang dibelebetaken ring calon emak aju ana ndeleh endhog, nggendhong cengkir gadhing hang wis digambari tokoh wayang
Arjuna lan Srikandi, lan nyoplok puketan janur.
Hing mandheg semono, aju ana siraman teka calon embahe teka pihak wadon H. Hasan Basori, guru agama lan ketua Asosiasi BPD sak Wongsorejo. Aju teka keluwarga lanang yaiku emake, Asmiyati.
Hang pungkasan Rosyid nyiram rabine ambi banyu kendhi, aju kendhine diciciraken sampek pecah dadi pirangane kereweng. Kereweng iki hang dadi rebutan wong mergane dadi "picis" kanggo tuku dhawet lan rujak gobet hang diedol bapak emake calon bayi.
Ana maning ritual nyocogaken kain batik. Bu Mumun nyacakaken kain batik hang motipe gajah uling, karapan, potre koneng, sido mukti, pageran lan sembruk cacing. Enem motip iku dianggep hing pesadu, aju dianggonaken kain parang parung hang ngemu arti nggawa wibawa, aju bapak emake calon bayi dodolan dhawet lan rujak mauka.
(Laporan nganggo Basa Indonesia ditulis ring Yeti Chotimah)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.