Mitos lan Wujude Barong Banyuwangi (Bagian-1)
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 23 Desember 2019 19:27 WIB)
- Opini
Durung jelas kapan kawitane kesenian Barong ring Banyuwangi. Dhung nurut Pak Pi’i no ring tulisane Hasan Basri kauwot ring Nggesahaken Seni lan Sastra Banyuwangi (2014), Pak Pi’i Merawat Barong Merawat Kemiren, dijelasaken dhung Pak Pi’i ulih warisan Barong hang siji teka bapake hang aran Pak Tompo. Semono uga Pak Tompo ulih warisan baronge teka bapake hang aran Mbah Saminah. Teka kene keneng dhung dietung wis ana telung turunan wong Kemiren duwe barong. Kadhung telung turunan digawe rata seket taunan bisa dimupakati satus seket tahun kepungkur ring Kemiren wis ana barong. Mestine kadhung diantaraken ring taun Masehi kira-kira wis ana ring tahun 1866.
Pancen sing salah dung wong Kemiren uga wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang Barong. Dhemene soyo seru ring dina-dina iki. Saban ana wong duwe gawe utawa ewuh paceke saiki podho ngundang barong. Kesenian barong saiki mangkat rame maning. Umpamane bain Barong Kumbo teka Banje Rogojampi, saban ulane meh kundangan lebih ping pitu. Iku wis kelebu rame arane. Keneng disyukuri kadhung wong saiki magih bisa dhemen nyang kesenian tradisional kaya barong iki.
Kawitane barong iku sing dienggo hiburan koyo saiki iki. Bengen anane barong dienggo sarat utawa pelambang ring ritual desa lan kampung. Umpamane adat Bersih Desa, Tolak Balak, lan liyan-liyane. Mula iku sing dimohali kadhung kesenian Barong wis ana sakat bengene.
Seni Kedhok (Topeng)
Kesenian Barong wujude kaya kesenian kedhok (topeng). Hang umum ring masyarakat dhung seni kedhok (topeng) iku seni rupa hang ningguli peraenan. Naming dhung barong iku hang ditingguli sing mung peraenan bain naming sak kabehe awak. Kabeh awak sakat teko endhas sampek sikil ditingguli.
Kedhok (topeng) iku seni hang asale teka nirukaken paran hang ana ring alam dunya iki. Umpamane kedhok hang niru rupane kewan, rupane menungsa, ana uga hang niru rupane hang ana ring alam liyan. Kedhok (topeng) jim, setan gondoruwe lan kewan hang ana ring alam liyan iku uga bisa ditirukaken dienggo gawe kedhok.
Ring sejarah kesenian, wujud kesenian hang nirukaken barang liyan pancen salah sijine arupa kesenian hang wis ana sakat kuno-makuno. Ring istilah seni iki aran seni imitasi (tiruan). Barong iku mitasine (tiruane) bangsane kewan hang duwe kekuatan hang ngelebihi kekuatane menungso.
Tamateno bain wujude raine, raine berahi nganggo kelir hang cemeng mblenges apik tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong abang, rambute jibros cemeng, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna. Ana abang, putih, ijo lan kuning, ditambahi maning cemeng lan prodo (brom emas) ndadekaken barong tambah sagah lan medeni. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Iki ndadekaken barong bisa dadi tontonan hang ndemenaken masyarakat awam. Sing luput ya lare-lare cilik masio iyane podho wedi naming saktemene yo dhemen. Sing salah kadhung ring jaman saiki akeh memengan hang wujude barong di dol ring pasar-pasar kanggo memengane lare-lare cilik.
Macem-maceme Barong
1. Barong Ngraino lan Barong Mbengi
Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biasahe dimainaken wayah bengi sakmarine isyak kira-kira jam wolu sampek jam songoan.
Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan. Pemain dadi penonton penonton ugo dadi pemain koyo tetaer-teater tradisional liyane.
Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.
Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden umume pada tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur.
2. Barong Prejeng lan Barong Cokot
Barong Prejeng iki bisa diarani barong Banyuwangi asli. Ana rong bagian penting kanggono barong Prejeng, hang nomer siji endhas, lan hang nomer loro awak. Endhase barong prejeng arupo kewan antarane singo lan bantheng (kebo). Mulo iku endhase barong prejeng rodo pesagi moncong mengarep. Beda ambi barong Bali hang lebih parek nyang rupane singo utawa macan, sing moncong naming bunder. Ring endhase ana irah-irahan cilik hang wujude kembang merambat. Kupinge mangklang kincup mburi sing bedo ambi kupinge bantheng (kebo). Endhase Barong biso diangapaken lan dimingkemaken mergo ring mburine cangkem ana engsele. Kelire barong prejeng dasare cemeng lan abyang ring cangkeme. Siung putih mata abang mendelik. Barong prejeng duwe sungu cilik ring endhase pareke kuping, iki ngengetaken kadhung barong prejeng wujude kewan antarane singo (macan) lan bantheng (kebo). Brengose mangklang dowo rambute jibros cemeng.
Awake barong prejeng setengah tabung digawe teko gedheg hang dikepang. Mari gediku ring ndhuwure awake ana kuluk hang rupane kuluk makutho room. Kuluk hang biasa dienggo Menak jingo. Ring kiwo tengene ana rong pasang sirwi hang rupane sriwine koyo sriwine merak. Rong pasang sriwi iki hang ndadekaken barong prejeng barong has Banyuwangi. Teko ngisore awake bolong panggonane hang njugetaken mapakaken awake. Hang njugetaken barong prejeng iki yo mung wong siji, mulo iku jugetane barong Banyuwangi lebih kesit lan atraktif.
Kadhung barong cokot yaiku barong hang endhase dicokot ring hang njugetaken. Barong iki digawe rodo entheng mergo tangane hang njugetaken biso metu teko awake. Rupane barong cokot sing beda adoh ambi barong prejeng naming rodo digawe cilik makne sing kario abot.
Endhase barong cokot yo mung ditahan ring untune hang njuget. Mulo iku barong iki diarani barong cokot. Awake barong cokot mung rupo kelambi utawane kain hang dienggo nutupi awake penari. Kerana barong iki sing nduwe awake atraksine bisa sak karepe bisa ugo sampek jungkel walik lan salto-salto
(ana teruse maning).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Artikelku
Editor: Hasan Sentot