Mitos lan Wujude Barong Banyuwangi (Bagian-2) 2)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 24 Desember 2019 18:36 WIB)
- Opini



Mitos Barong Sumur

Ring jaman bengen, Barong hang paling kalok anane mesti bain barong Singojuruh lan Barong Sumur. Sampek-sampek ana gendhing hang aran “Gendhing Barong Sumur”. Gendhing hang milu ngedhekaken aran Barong teko desa Sumur ring pareke Songgon. Gendhinge kira-kira gediki:

Barong Sumur iku tariane

Para menungso hang akeh gudhane

Gudha gedhe akeh belahine

Gudha cilik munggah derajate

Para santri ayo kerja bakti

Megawea hang padha ngerteni

Mbangun negarane hang sampurno

Ugo agamane hang utomo

 

Kadhung nurut ceritane wong-wong hang ana ring daerah kono pancene bengen Barong iku asale teko Alas Jajangan pareke Songgon. Kira-kira gediki ceritane:

Ring jaman bengen,  jaman pemerintahane Prabu Airlangga, telatah Belambangan digegeraken ambi ontran-ontran ring alas Jajangan. Masyarakat Belambangan hang duwe pegawean mlebu alas sak perlu ngundhuh jajang kannggo keperluan saban sedinane, padha sing ana hang bisa balik maning nyang umahe.  Alas jajang iki saiki tambah wingit merga sapa bain hang wani melebu alas Jajangan bakal mati ilang sing karu-karuan pecake.

Kabeh masyarakat ring sakubenge alas Jajangan mau padha ubret nggesahaken kedadean iku. Sing luput gesahe masyarakat mau rungu gadug nyang Nyai Genitri , yaiku Biksuni hang ayu lan sakti. Sakteruse Nyai Genitri rumongso sekaken nyang masyarakate hang sing bisa megawe melebu nyang alas. Mula iku Nyai Genitri melebu  nyang Alas Jajangan ambi masyarakat sak perlu nggoleti paran hang dadi sebabe iku mau.

Ring njero alas Nyai Genitri nemoni pecake sikile Singo hang gedhe. Nyai Genitri aju semedi njaluk nyang pengeran  makne dieruhi sikile kewan paran saktemene iku. Sakmareke Semedi nyai Genitri diduduhaken panggonan hang dienggo sengidan bangsane kewan Singo hang gedhe mau. Panggonan kewan siluman mau nyatane ana ring barongan jajang  nggerowong sampek wujude koyo sumur. 

Weruh ana barongan hang wujude koyo sumur mau Nyai genitri melebu merono. Ring kana akeh belung pecake menungso ugo akeh pecake pathake menungso hang wis sing ana danginge. Sing serantan Nyai Genitri ngetokaken suarane dilebokaken nyang sumur gerowongan mau. Suarane hang koyo geludhuk ndadekaken sapa bain sing kuat nahan paran maning hang ana ring gerowongan sumur. Sing suwe piro-piro kewan siluman mau metu teka panggonane sengidan.  Kewan mau wujude Koyo Singo  nganggo jamang , siunge dowo lan rambute gimbyal medeni, matane mendelik sampek koyo nak metu.

Kewan mau sing nerimakaken merga panggonan sengidane wis dijamah menungso. Kewan siluman ngamuk nguber nyandak Nyai Genitiri. Naming Nyai Genitri bisa ales aju mbales kelawan ilmune hang sakti. Wong keloron tarung nono hang menang lan nono hang kalah, sampek panggonan hang sak maune alas jajang dadi tegalan mergo diiles-iles Nyai Genitri tarung.

Pungkase cerito. Nyai Genitri nyekel tekene hang wujud kayu.  kayu mau aju di sampataken nyang Kewan  Singo siluman mau. Sonder mbales,  singo mau mberik melung ngerasakaken larane.  Sikile saiki sing keneng dilakokaken , lumpuh, saiki mung kari suarane bain hang  mbaung sambat ngakoni kalah nyang Nyai genitri.  Singo mau aju ngaku kalah lan gelem netepi sumpah arep ngabdi nyang Nyai Genitri. Serto barong mau wes kalah Rakyat Belambangan hang ndileng Tarunge mau padha nyekel pentongan lan tempalan Ngetutaken Lakune Barong lan Nyai Genitri. Nyang padepokane Nyai genitri. 

Wujude Singo  hang manggon ana ring Barongan alas Jajangan mau sakteruse diarani Barong Sumur mergo asale manggon ana ring Barongan sumur njero alas Jajangan.  Saiki pangonan iku kabeh magih lan dadi tetengere panggonan saiki. Koyoto Jajangan hang nana ring kidule Songgon. Ugo Sumur hang ana ring pareke daerah Songgon. Sakat iku barongan diarak lan ditabuhi nggo ring acara-acara adat lan ritual hang ana ring Banyuwangi.

Mitos Barong Jakripah

Ana ugo cerita mitos liya  bab barong hang ana ring desa Kemiren hang diarani Barong-Jakripah. Ceritane ring alas gung lewang-lewung ana kewan Singo Barong hang sakti. Jakripah wong wadon hang sakti biso nyaruki Singo Barong. Wong sakloron aju perang tandhing adu kesakten naming sing ana hang menang lan sing ana hang kalah. Rehne sing ana hang bisa ngalahaken wong sakloron aju mupakatan rukun lan dadi sak koncoan. Sakteruse Singo barong dadi rawatane Jakripah. Ring ndi ana jakripah ring kono ugo ana Singo Barong. Sak wayah-wayah Jakripah nemabang Singo Barong milu njuget ring iringane Jakripah.

Ring panggonan liya Paman Iris hang pegaweane gawe gulo nganggo aren rodo bangkel mergo banyu arene ring dhuwuran sing tau ana isine. Paman Iris kerasa go kana kewan hang nyolong banyu arene. Paman Iris aju meleng jontrot ring dhuwuran wit welirange. Sing suwe piro ana kewan kupu hang kejontrot. Serto di candhak wujud kupu mau dadi wujud Barong rawatane Jakripah.

Jakripah hang rumongso kelangan rawatane aju bingung nggoleti baronge, naming sing ana ketemu. Mulo iku Jakripah gawe sayemboro sopo wonge hang biso nemokaken Baronge kadhung lanang arep didadekaken rabine. Paman Iris hang nemokaken Singo barong aju nagih janji nyang Jakripah. Naming jakripah suloyo, sing gelem dirabi Iris. Paman Iris ngamuk aju perang ambi Jakripah. Jakripah bisa menang ngelawan Paman Iris. Sak durunge mati Paman Iris ngomong kadhung atine saiki wis dicantholaken nyang atine Jakripah lan ragane saiki wis didadekno siji nyang baronge. Kadhung wis gediki masio Paman Iris wis sing ana maning wujude ring dunyo naming magih bisa terus gendheng runtung ambi Jakripah (Ana candhake maning)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Artikelku

Editor: Hasan Sentot