Mitos lan Wujude Barong Banyuwangi (Bagian-3. Tamat)
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 25 Desember 2019 20:17 WIB)
- Opini
Filosofine Barong
Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming nggambaraken kewan utawa mahluk teka alam alus. Iki dudu arep muja lan nyembah bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, kayata menungso, kewan, tanduran ugo paran bain barang hang katon ring mata menungso. Rehdene alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Umpamane jim, setan, lan mahluk gaib liyane.
Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, lan jasad aluse antarne yo kang aran jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa lan alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji dadi siji. Mula iku wong bengen nganggep penting ngerumat larase (harmoni) nong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.
Sing salah kadhung barong Banyuwangi beda ambi barong Bali. Barong Banyuwangi gambaraken larase (harmoni) urip ana ring dunyo. Bedane hang paling nyoto yaiku anane sriwi (suwiwi). Sriwine barong dienggo gambaraken hubungan antarane menungso nyang pengeran yaiku Gusti hang gawe alam dunyo lan alam langit. Mulo iku nggambaraken sak akhir-akhire menungso iku bakal balik mendhuwur nganggo suwiwi nyang pengerane hang manggon ana ring keraton langit. Kadhung awak, sikil, endhas lan liyan-liyane nggo nggambaraken hubungane menungso nyang makhluk liyane.
Tabuh lan Jugete Barong
Kadhung ana barong mesti bain ana jugetane. Arane bain kesenian Barong, mesti bain kudu bisa dijugetaken makne bisa nggawe dhemen nyang hang nyawang. Jugetane barong iki biasae diarani sampak. Yaiku jugetan jangkah nyiji, lan ring perapatane kadhung wis diweni koda kendhang aju nyirig ngiwo nengen lan dipungkasi ambi sak unyengan aju nyedhit njinjit. Mari gediku mlaku nyiji maning ambi kedrangan awake.
Gendhinge gendhing Barongan petang perapatan nganggo gong lan kempul. Tempalan kethuk hang dadi cirine tabuhan barong sing sampek ditinggalaken. Kendhang Banyuwangi yaiku kendhang keplak hang dileboni timpal kendhang jong (kendhang kayu) dadi kemrungsunge tabuhan iki. Ada-adane kendhang nganggo ada-ada kreasi kendangan Bayuwangi. Tabuh barong kidulan bida ambi Barong Banyuwangi eloran. Tabuhan kecrek ring tabuhan Barong nambahi kemrincinge lakune barong. Iki dikarepaken makne bisa nambahi rame maning. Merga suarane kecrek hang digawe teka wesi utawane kuningan kadhung ring arak-arakan panceno ya bisa anter lan kemeratak teko kadohan.
Kadhung tabuhane sing beda ambi tabuhan barong liyane. Tabuhan barong antarane nganggo Gong, ketuk papat, kendhang, lan kecrek. Naming kadhung tabuhane Naga barong kecrek diganti ambi terbang. Jangkepe tabuhane Naga Barong ring ngisor iki (tamat).
|
NO |
ARANE TABUHAN |
JANGKEPE |
PEMAIN |
|
1. |
Pantus sepuluh wilah Saron utawa Slenthem wilahan wesi laras slendro |
|
1 uwong |
|
2 |
Kethuk |
4 |
2 uwong |
|
3 |
Kempul |
1 |
1 uwong |
|
4 |
Gong |
1 |
1 uwong |
|
5. |
Kendhang keplak |
1 |
1 uwong |
|
6. |
Kendhang jong |
1 |
1 uwong |
|
7. |
Kecrek |
1 |
1 uwong |
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Artikelku
Editor: Hasan Sentot