Motip Ukir Selimped Njuwut Teka Labirin?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 Februari 2023 08:33 WIB)
- Opini



Ana ukiran hang kerep ditemoni ring umah-umah tikel Banyuwangi hang diarani motip: selimped. Apuwa diarani selimped lan apuwa diwujudaken arupa gambar kaya iku? Motip iku ngengetaken ambi Labirin, dalan hang nuju ring siji tujuwan naming nuju merana akeh dalan pilihane. Pilihan hang bener mung siji hang liyane mung kaya jebakan. Katone kaya ana dalan cumpu pepet. Bener tah selimped padha ambi labirin? Kayane iya, sangking sing ana utawa arang hang weruh.
   Pisan pindho mesthine rika tau rungu cerita ana wong bingung muter-muter ring sewijine panggonan, bisa ring panggonan umum bisa uga ring njero alas utawa pinggirane. Lan uwonge biyasahe sing langsung sadhar. Ana malah cerita hang sadhare nganteni sampek ana hang nulung nyadharaken.
   Isun ya tau rungu cerita tunggale iku, hususe hang bingung kepaling utawa kesasar nong tengahe alas. Ketepakan isun ambi kanca-kanca bengen magih jaman sekolah tau ngalami ring alas Meru Betiri. Kok bisa? Ya arane alas gedhi, wit-witane ya gedhi-gedhi, dhuwur-dhuwur, rapet, sing ana dalan, tosene sing nggawa alat-alat, mesthi bain akeh bingunge ring kono. Akeh-akehe kedadeyane murni kesasar gedigu iku. Wajar. Logis.
   Ana sebagiyan hang sing wajar, sing logis. Hing masuk akal taping nyatane tau kedadeyan. Yaiki hang ana hubungane ambi 'selimped'. Ucape emeh padha ambi serimpet. Artine rekene ya emeh padha, padha-padha nyangkut lakune menungsa. Wong melaku sikil kadhung keneng serimpet (keserimpet) bisa tiba; kadhung keneng selimped, uwong bisa bingung sing weruh elor kidul!
   Anjerahe, barang hang nyerimpeti mesthi kasat, katon mata, kaya tali misale, utawa odod hang nyelolor ring alas. Mangkane ana unen-unen 'Kaya kembang sulur, nong ngarep metengi nong mburi nyerimpedi'. Hang 'nyelimpedi' sing katon kecuali nganggo mata batin. Paran iku? Yaiku hang diarani selimped.
   Arang wong hang weruh arane selimped, paran maning ambi barange. Isun dhewek pahame serta emeh tuwek iki, kecaruk lan aju raket ambi 'doktor-doktor' ilmu non-rasional. Kanggone para rasionalis, hang gedigu-gedigu iku kelebu kelenik, tahayul, gugon tuhon. Isun dhewek setuju, mula digonan iku sing masuk akal, kerana mula dudu gathuke dilebokaken akal. Isine donya yara sing sekabehe bisa dinalar. Sing sekabehe sipate material. Hang sipate material bain nyatane sing kabeh bisa disawang. Jangkepe akal mesthi ngakoni gok ilmu iku ana hang rasional, bisa melebu utek - masuk akal, ana hang irasional. Isun maune ya mung ngugemi hang rasional-rasional bain, taping munggane 'audio' suwarane donya kok 'mono'? Sing 'stereo'. Sing enak. Sing bisa using, ahire kudu nerima gok ana hang sing nyata taping nyata-nyata ana. Hang irasional iku mula ana. Kudu digabung taping ya kudu paham setelane, proporsine.
   Temune cerita-ceritane wong hang kebelinger ring alas, sebagiyan ana hang ketepakan keneng pamore selimped ring liwatane iku. Mesthi ana selimpede ring kono, ana odote wit-witan ring kono hang modhel serogote pelunthengan sing anjerah. Gedigu jare pakare. Isun tau diduduhi digonan ambi salah sijine 'doktor' bidang iku.
   Wis pendheke, selimped iku padha ambi 'labirinth'. Ndeleng gambare yara wis bedhu, rekene. Nawi arep nyacak, nong endi ana labirin cacaken melebuwa. Engko yara mulek, kipek-kipek, muter-muter ring kono bain, sing nemu dalane metu. Bingung, kebelinger. Ya gedigu iku pengalamane wong keneng selimped.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf