Muhammad Ikwan, Keluncing lan Guru Ekskul Paling Garus
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 20 November 2020 07:34 WIB)
- Tokoh
Kadhung ana suwarane laikan gandrung hang paling temancep noring ati kanggone wong Banyuwangi katone magih wong siji iki. Cak Wan gediku biyasae iyane diceluk. Cak Wan iki wis dadi tukang keluncing gandrung sakat iyane tamat SMA ulih warisan teka seniman sakdurunge yaiku ruwahe Pak Nasuhi.
"Wong miku kesenian iku kanggonisun golet dulur. Kadhung dulure akeh Insyaallah rejekine gangsar," gedigu jare Cak Wan, tepak ditakoni dhasare urip ana ring kesenian. Hing maido sanggare diarani sanggar Golet Dulur.
Pancen ya sing sithik uwong hang bisa ngeluncing naming kadhung urusan ngudang gandrung wong hang dilairaken ana ring Dusun Banje desa Bubuk Kecamatan Rogojampi iki pancene wis duwe suwara hang cocog kanggone ngudang gandrung ring kupinge masarakat Banyuwangi iki.
Muhammad Ikwan iki kegolong pengudang gandrung utawa keluncing kesuwur sakat tahun 90-an. Kadhung ana ring CD pidio tarian Jejer Jaran Dhawuk utawa Jejer Gandrung utawa teka tarian liya produksine Sanggar Jingga Putih Rogojampi mesti bain kudangane wong iki hang hang paling dianteni penontone.
Keluncing kesuwur ring Banyuwangi iki nyatane uga tau ngangsu ilmu ngeluncing nyang Pak Marwi Gambiran. Pak Marwi kegolong pengudang gandrung hang cocog anggone iyane. Mangkane sithik akeh iyane uga ngangsu kaweruh nyang Pak Marwi.
Muhammad Ikwan hang lair ring Banyuwangi, 26 Agustus 1972 iki sakteruse belajar gendhing lan tabuhan nyang Sanggar Jingga Putih pimpinane Pak Mitro sampek bisa nggawe sanggar dhewek. Muhammad Ikwan ngopeni sanggar tari lan tabuh bareng ambi anak penggarepe hang aran Ligia Silva Parandita hang saiki magih kuliyah ring Poliwangi Banyuwangi.
Sakliyane ngajar ring sanggare ring dusun Banje Desa Bubuk Rogojampi iki, iyane uga ngajar privat nyang umah-umah lan ekskul (ekstra kurikuler) tabuhan lan gendhing ana ring sekolahan-sekolahan sak Banyuwangi. Umpamane noring SDN Lemahbangdewo 1, SMPN 2 Rogojampi, SDN Karangrejo 1, SMP PGRI Cluring, lan uga ana ring SMPN2 Banyuwangi.
Bareng ambi Sanggar Jingga Putih Aliyan Rogojampi, Muhammad Ikwan wis akeh ulih penghargaan dadi penata musik, sakat Penata Musik Iringan FKT tingkat Banyuwangi sampek penata musik iringan tingkat Jawa Timur lan Nasional.
Teka bakat tabuhan lan gendhingan iku Muhammad Ikwan uga wis tau njelajah manca negara sampek nyang Finlandia, Malaysia, Jepang lan Arab Saudi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf