Muhammad Iswan, Teka Tukang Batu Sampek Desain Interior
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 31 Juli 2020 09:35 WIB)
- Tokoh

Lakon uripe Muhammad Iswan, lare teka Desa Bangosere Kecamatan Bangorejo, sing mulus kaya angen-angene. Melebu Sekolah Teknik Mesin (STM) Negeri Banyuwangi, njuwut jurusan Bangunan. Lulus taun 1996, Iswan hang sing gelem ngerepoti wong tuweke, aju nggolet pegaweyan sampek gadug ring Surabaya.
“Isun lulus STM langsung megawe ring Surabaya, dadi Pengawas salah sijine PT (Perseroan Terbatas–Red). Merga krisis moneter taun semono, Isun langsung mutusaken mboro megawe ring Riau, Pekanbaru. Abot entheng lan sabar, kerase urip, kabeh wis Sun lakoni ring kene. Tau dadi tukang batu, sales, milu mbalak kayu ambi kanca-kanca merga sara ulih pegaweyan”, jare Iswan hang alumni SMP Katolik Jajag.
Mohammad Iswan hang lair tahun 1977, saiki umah-umah ulih lare Medan keturunan Jawa hang aran Agus Riyanti. Bapake lare telu - Muhammad Wildan Salamud Shod, Muhammad Nizar Al Akrom lan Mohammad Fatih Al Kautsar - iki, dhemen serawung ambi sapa bain. “Isun megawe paran bain gelem, kaya hang dipeseni emak ring umah. Sukur aja mandhek ring sak macem pegaweyan. Kadhung sampek dadi tukang nggawe sumur, naming bisa dadi bose tukang ngedhuk sumur mau. Iku umpamane hang diujaraken wong tuwek”, ucap Iswan hang lair ring Banyuwangi, magih cilik tau manggon ring Singojuruh sedurunge melebu sekolah ring SDN 004 Bangorejo.
Ring Pekanbaru, Iswan suwi dadi Pengawas Kontraktor, masiya gedigu kerep golet pengasilan tambahan dadi tukang pasang gipsum wayah bengi, utawa sak uwise mulih teka pegaweyan. Malah jaman semono, Iswan wis ajar mborong pegaweyan bangunan sampek taun 2000.
“Serta wis enak dari pemborong, Isun agage mutusaken metu teka pegaweyan dadi pengawas. Aju nikah taun 2004, saiki malah rabinisun uga sing gelem meneng nganggur ring umah. Aju Sun gawekaken usaha warung penyetan Pecel Lele 'Tiga Putra Using Deles' Alhamdulillah bisa melaku, keneng dienggo pengasilan tambahan nyawisi kanggo biyaya anak sekolah”, tambahe Iswan.
Dadi wong Using hang urip ring boroan, jare Iswan kawitane ya abot. Naming serta dilakoni temenan, bisa nemu asile. Kadhung kangen nyang wong tuwek, dulur lan tanah kelairan, iyane bisa video call ambi dulure. “Kadhung kangen tanah kelairan, hiburan ya nyetel gendhing-gendhing Using hang saiki akeh ditemokaken ring channel Youtube. Gendhing Using iku obat hang ampuh, kanggo nambani kangen nyang tanah kelairan,” jare Iswan.
Saiki angen-angene Iswan dadi Arsitek wis mulai kasembadan, ana pira asil gambar interior umah dikirim nyang belambangan.com. Saiki jare wis akeh hang pesen gambar desaine Iswan. Iku bisa dienggo bunci mapag dina ngarep kanggo mujudaken angen-angene sakat cilik.
“Isun saiki ya aktif ring Ikawangi Sumatera Group, kanggo nyambung seduluran ambi dulur-dulur sak tanah kelairan. Kerep mengkorog rasane jithok, serta kecaruk dulur-dulur ambi ngomong cara Using. Malah sing kerasa kadhung ana ring kadohan, kaya-kaya Isun manggon ring Banyuwangi”, pungkase Iswan ambi rasa girang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.