Mula Kawitane Kesenian Pacul Gowang

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 29 Oktober 2019 13:42 WIB)
- Laporan



Mula kawitane Kesenian Pacul Gowang iku teka tradhisi Macaan, Jawa Macapat, Medura Mamacah. Saktemene “Macapat” noring sastra Jawa iku salah sijine wujud tembang hang angger sak bait isine diarani “gatra”. Noring ‘gatra’mau kudu ngemu aran “guru wilangan” (akehe ujar) ambi “guru lagu"(padane uni angger pungkasan ukara).

Naming ring Banyuwangi sing patiya dijelasaken Macaan iku mau, ngertine kadhing wong Maca Lontar Yusuf iku Macaan. Angger-angger tembang hang padha ambi sipate iku diarani PUPUH. Pancen emeh padha arane Pupuh Macapat Jawa ambi Using. Sekar Macapat. Guru gatra. Guru wilangan. Guru lagu.

Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i ,u

Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u ,a ,i, a

Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a

Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i

Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a

Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i

Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i

Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a, a Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a

Jurudhemung 7 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, u, u, a, u, a, u

Wirangrong 6 8, 8, 10, 6, 7, 8 i, o, u, i, a, a

Balabak 6 12, 3, 12, 3, 12, 3 a, e, a, e, u, e

Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o

Megatruh 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o

Girisa 8 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, a, a, a, a, a, a

Sumber: Wikipedia

Kadhung pupuh Jawa katone lengkap, kadhung hang sun weruhi teka embah buyut bengen sing kabeh ana pupuh iku ring Macaan Using . Tapi ana uga hang beda aran, kaya Asramandana. Kadhung Pak Uwekisun iku ngarane “rum-rum”, yaiku nang njerone Lontar Yusuf tepak nyeritakaken Siti Zulaikha (jare wong Using Siti Julihok),  njala sutera Nabi Yusuf. Biyasahe iku digawaken ñngarepaken subuh, padha ambi noring pentas Gandrung arane “Seblang Subuh”. Wong hang nonton bisa mberebes mili ngurungaken “rum-rum” mau, kadung enak hang maca. Iki aseline Mocoan.

Naming miloni lakune jaman, kesenian Mocoan Banyuwangi mau sithik akeh mulai ana uwah-uwahan sithik. Aran “Paculan” iku goyonan ring selingane pupuh-pupuh hang diwacakaken mau, jare Kakikisun bengen, tujuane mani sing ngantuk. Aju hang tukang maca mau pada ‘dol-tuku” basanan hang diarani “Pacul Gowang”. Merga isine basanan mau akeh-akehe sindiran kanggo penonton, hang duwe umah lan kerawat desa, merga arane ‘pacul gowang’, karepe hang kesindir (keneng pacul) sing patiya lara. Kerana pacule gowang mau. Sing mandek sak mono, jamane ruwahe Man Aljin aju ditambahi pedhotan cerita (pragmen) panguripan sedina-dina.

Sak liyane iku uga tembang gendhing-gendhing Banyuwangian, tujuwane padha, wong hang ngerungokaken Macaan karepe mane sing ngantuk lan nutug sampek isuk.

   Teka endi? Kadhung rika pancen kepingin nguri-nguri Kesenian Pacul Gowang mau, kudu ngawiti golet wong hang tukang maca sulung. Kadhung wis ana wong hang tukang maca, buru aju ajar basanan lanngsalan, uga kesenian njogedi, drama (teater) kanggo ngisi tengah-tengahe Mocoan mau. Bengen isun tahu ngomong nang kanca RKPD (saiki Blambangan FM) tahun 1990-an, supaya Radio duwene Pemda Banyuwangi iku nganakaken Lomba Macaan has Banyuwangian. Tujuwane, nggolet bibit tukang maca hang duwe cengkok utawa laik-laik has Banyuwangi. Kaya dene ruwahe Bik Onah lan Man Sapii. Saiki kadhung arep meguru nawi bisa nang Kedunen, utawa nang Man Sanan anake ruwahe man Sapi’i hang saiki magih ana ring Dusun Genting, Desa Sraten, Kecamatan Cluring.

Kadung gelem metani maning, mestinya akeh cara Macaan Using Kidulan ambi cara Kemirenan hang magih lestari sampek saiki. Naming kadhung weruh Burdahe wong Mondoluko, kayane sing adoh beda laik-laike mau. Kadung rika wis nemu tukang Maca, arep nggarap liyane kayane entheng. Taping aja meleset nang Campur Sari. Iki bedha temenan. Unsur Macaane kudu tetep ana, hang tukang teges utawa ngartikaken kaya Man Aljin ya kudu ana. Mergane kadhung pupuh-pupuh tembang Macan teka ring Kita Lontar Yusuf mau, magih nganggo Basa Kawi, utawa Jawa Kuno. Sing kabeh wong Using ngerteni paran hang dikarepaken nang isine mocoan mau.

Alhamdulillah, saiki wis ana komunitas Mocoal Milenial. Isine lare-lare enom lanang wadon hang padha gelem ginau maca Lontar Yusuf, serta lontar mau ditulis maning ambi Mbok Wiwin lan diartekaken pisang nang Basa Indonesia. Muga terus lestari Mocoan Using.

Keterangan Foto: Cortessy by "Lintang Lontar" OmpRock

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf