Muludan, Sakat Pencakan Sampek Dhangdhutan (2-tamat)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 19 November 2019 18:02 WIB)
- Opini



Ancak-ancakan

Sakmarine serakalan diterusaken ambi walimahan, mangan ancak bareng ring masjid utawa langgar. Sedina sakdurunge masyarakat biyasahe wis nggawe ancak sulung. Ancak aju digawa nyang Masjid utawa langgar ring wayah dinane teka. Sakteruse ancak dikembul bareng sak marine maca selawatan.           

Ancak iku panganan arupa sega, iwak, lan jangane pisan hang diwadhahi pesagen teka gedebog dipangklang ambi sigarane jajang, aju dibungkus godhong digawa nyang masjid utawa langgar kanggo mangan bareng sakmarine serakalan. Ring dhuwure ancak biyasahe ditancepaken kembang endhog.

Ring njero masjid/langgar wis ana judhang hang mari diarak mau. Judhange ditancepi kembang endhog. Akehe judhang biyasahe nurut kemampuane kampung. Mergane kembang endhog mau ulihe teka warga masyarakat hang nggawa nyang masjid/langgar, mari gediku terus diencepaken nyang judhang. Mari serakalan sakdurunge walimahan biyasahe kembang endhog didumaken nyang lare-lare cilik hang milu serakalan. Kadhung kembang endhog magih lebih aju diedum nyang wong tuwek-tuwek hang milu serakalan.

 Naming ring wayah iku lare-lare cilik biyasahe sing serantan diedumi. Sing serantane mau terus njuwut dhewek nyang judhang ya aju rebutan kembang endhog. Rebutan iki mau hang dadi dhemene lare-lare cilik. Jare ujare bengen iki minangka dadi siare agama, makene lare-lare cilik hang dadi generasi penerus dhemen nyang masjid/langgar, dhemen nyang muludan sakteruse dhemen nyang Kanjeng Nabi lan bisa niru nyang tingkah polahe Nabi.

Kembang Endhog

Sakliyane ancak-ancakan Muludan biyasahe sing lali Ngarak Kembang Endhog mubengi kampung.  Kembang endhog iku digawe teka kuluban endhog kang disunduk ring jajang kang dawane rong kilan aju direnggo ambi kembang kertas. Kembang endhog iku dudu memengan lan dudu mung rerenggan. Kembang endhog duwe perlambang kang jeru. Endhog ngelambangaken kelahirane Nabi Muhammad, jajang (garing) ngelambangaken garinge iman, kembang kertas ngelambangaken indahe iman. Dadi kembang endhog iku nduweni maksud, kahanan garinge iman ring Mekah jaman semono, serta Nabi Muhammad lair, edheng-edhengan ring Mekah kembang-kembang iman mekar semebar.

Ring jaman saiki wujude kembang endhog wis rupa-rupa dudu mung wujud kembang bain tapi  macem-macem, ana kang wujud barong-barongan, kapal-kapalan, ula-ulawan. Iku merga salah sijine kreasine wong Banyuwangi, makene seni tradhisi tetep bisa berkembang ring jaman saiki. Hang penting macem-maceme iku mau hang penting bisa nggawe dhemen wong hang nyawang utamane lare cilik. Mergane nyenengaken wong liya iku kelebu Sunnah Nabi. Paran maning yaiku nyenengaken lare-lare cilik ring ulan kelairane nabi

Terbangan Ngarak Endhog-endhogan        

Nalika arak-arakan, kembang endhog dipajang ring gedebog. Sakdurunge gedebog direnggo sulung ambi kertas kelar-kelir. Mari gediku kembang endhog ditancepaken jejer mendhuwur sampek gedebog bek ambi kembang endhog. Gedeboge gedhang mau ditancepi kembang endhog kang diarani judhang.  Judhang-judhang mau diarak ana kang diwot montor ana uga kang diwot becak lan dhongkar.  Iki asale bengen minangka kanggo siar Islam dadine saiki dadi adat lan tradhisi kang diwarisi masyarakat Banyuwangi.

 Jejeran endhog sundukan ring gedebog iku diarak ambi kesenian Terbangan. Terbang iki biyasahe nganggo terbang kang akehe paling sithik 7 jangkepe kudune ya 9, aju ditambah Jidhor (meh kaya bedhug gedhe) ditambah Pantus (bedhug tanggung), Lencangan (bedhug cilik), kempul (gong cilik), Kethuk (kaya bonang cilik) lan ditambahi orgen cilik dinggo nggawa gendhinge. Gendhing kang digawa biyasahe gendhing Sholawatan Nabi utawa gendhing-gendhing islami liyane.

Salah sijine gendhing terbangan hang digawa ring arak-arakan terbang kaya ring ngisor iki:

            Bulan maulud ..bulan yang utama

            Bulan lahirnya gusti nabi kita

            Tanggal duabelas..isnain harinya

            Waktu fajar sodiq ..itulah lahirnya,….dst)

             Iku asal  bengene arak-arakan terbang ring ulan mulud. Naming saiki wis macem-macem kesenian hang dienggo ngarak. Ana hang ngarak ambi Barong, ana ugo kang ngarak ambi Drumband. Gendhinge ya wis macem-macem, Gendhing Banyuwangian, Kendhang Kempulan, ana uga maning kang Gendhing Dhangdutan lan lagu Pop saiki.

Pancene jaman ya terus munyer sing ana mandege. Nulak lakune jaman ya kayane sing bisa gampang kaya ngendegaken montor. Hang penting kudune tetep njaga lan ngelestarikaken kesenian iku. Serakalan, Kembang Endhog. Oncor-oncoran, Geredhoan, Ancak-ancakan, Terbangan, Drumbenan, Dhangdutan iku kabeh bisa dienggo nduduhaken bungah lan dhemene wong Banyuwangi nyang kelahirane Nabi Muhammad SAW. Naming ya kudu dikencengaken maning endi hang adat kang apik lan cocog ring anane Muludan lan endi adat hang mung diencep-encepaken ring dina mburi iki hang saktemene sing duwe dasar lan sing ana hubungane ambi adat Muludan.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muludan, Sakat Pencakan sampek Dangdutan (2-tamat)

Editor: Antariksawan Jusuf