Muludan, Sakat Pencakan Sampek Dhangdutan (1)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 18 November 2019 16:46 WIB)
- Laporan



Kadung wis melebu ulan Mulud ring penanggalan Jawa utawa ulan Rabi’ul Awal ring penanggalan Arab (Tahun Hijrah) masyarakat Banyuwangi pada kemerungsung anggone mapag ulan kang  diengeti iki. Ring ulan iki masyarakat Banyuwangi wis anjrah mbedhel celengane kanggo ngeramekaken lan nggedhekaken ulan kang dianggep istimewa iku.

Muludan durung jangkep kadhung durung ana arak-arakan, kembang endhog, lan geredhoan.

Oncor-oncoran

Beda desa beda cara anggone wong Banyuwangi ngengeti ulan Mulud, ulan kelairane Nabi Muhammad. Ring desa Kedaleman Rogojampi bengi sakdurunge serakalan ring Masjid, biyasahe wong Kedaleman arak-arakan. Hang diarak ya padha bain yaiku judhang hang isine kembang endhog. Kabeh wong tuwek enom melibengi kampung ambi nggawa oncor, jare lare-lare kana oncor-oncoran. Oncore digawe teka jajang hang diendohi sumbu teka gumbal, njerone bumbung diisi lenga gas. Serta mari disumpetaken lengane sumbu aju dicolok nganggo geni, murub wis.

Ring bengi iku desa Kedaleman katon padhang merga kabeh wong hang arak-arakan nggawa oncor. Lare nom-noman memengan pencak oncor. Oncore lare nom-noman iki rada beda ambi oncore lare cilik. Jajange kira-kira ana 2-3 meter. Kiwa tengene diendohi sumbu aju dicolok bareng. Geni hang ana ring kiwa tengene aju dienggo main pencak kaya wong hang nyekel tumbak geni. Sing lali ring mburine ana terbangan hang ngarak nguweni tabuhan pencak iku mau.

Tujuwane bengen saktemene ya sing adoh teka syiar iku. Oncor iku nggambaraken donyane hang wis padhang serta kelairane kanjeng Nabi. Melibengi kampung dikarepaken padhange donya hang digawa Kanjeng Nabi Muhammad mau nyerambaha nyang kabeh uwong hang ana ring alam donya. Mari arak-arakan wong-wong aju nyang Masjid ngerengga judhang dienggo paesan ring Masjid. Engkesuk isuk aju diangkati serakalan ring Masjid. 

  1. Geredowan

 Kadhung uwong sing weruh temenan kelendi geredhoan iku, mesti bain kudu muring. Mergane paran, wong ring ulan Mulud ulan hang diengeti kanggo kelairan Nabi gok padha geredhoan. Maksiyat geredhoan iku. Taping aja endak muring sulung kadhung durung weruh temenan. Ring desa Macanputih, desa Pengantigan, lan desa Gombolirang, adat iki mesthi dianakaken ring ulan Mulud.

 Akeh wong Banyuwangi hang percaya kadhung ulan Mulud ulan hang apik dienggo jejodhoan, mula iku adat geredhoan iki dianakaken dienggo panggonan golet jodho ring masyarakat Banyuwangi. Ring bengi sakdurunge serakalan engkesuk adat iki dianakaken. Ring bengi iku biyasahe wong-wong padha olah-olahan kanggo nggawe panganan ring dina kisuke. Ya ana hang olah jajan ana uga hang olah iwak-iwakan. Ring endi bain umah hang ana perawan mesti akeh diparani lancing hang arep geredhoan. Mula iku umah hang sing duwe anak perawan biyasahe ditekani sanak kadang hang magih perawan  teka desa liya.

Aja rika bayangaken terus lancing mau bisa geredhoan kaya lare-lare enom saiki, parek-parekan gesah-gesahan enak, terus cethut-cethutan, guthit-guthitan. Iku kabeh sing bisa dilakoni, merga geredhoan ring adat iki antarane lancing lan perawane dipisah ambi gedheg utawa tembok. Perawane ana ring pawon lancinge ana ring bale ngarep umah. Geredhoan ring kene bisane ya mung nyapa, nggudha, takon-takonan, basanan, lan wangsalan. Mula iku hang pinter basanan utawa wangsalan biyasahe umahe rumang ambi guyonan. Ring kene sun nyulik basanan hang ana ring geredhoan, kayata basanan ring ngisor iki:

Lancing: Nyang tembakon nyambang sawahe, Dhik..

Milu takon sapa arane, Dhik

Perawan: Nyang tembakon aja lali nyang tegalan,… Kang. Luru kweni kakang dikongkon emake

Kadhung takon kari temenanan. Kadhung wani, paranana nyang umahe

Lancing: Nong tembakon duwe tegalan. Wit nangka dienggo tanduran.

Isun takon pancen temenanan. Merga Isun dhemen temenan.

Perawan: Lonthong-lonthong Kang, ketane ring Srono

Ngomong-ngomong thok rika Kang, nyatane sing ana.

Kadhung wis mari geredhoan sakteruse wong ring Macanputih aju arak-arakan. Padha bain ambi desa-desa liya yaiku ngarak judhang hang isine kembang endhog. Naming arak-arakan ring desa iki saiki tambah rame, sampek-sampek meh kaya pawai budaya. Uwong-uwong hang pawai nganggo pacakan. Ana hang macak santri, ana hang macak wong Arab, ana uga hang macak buta. Sing kelalen oncor lan pencak obor ya ana ring kana, paran maning hang aran terbang mesti bain sing mung ana 2-3 grup, akeh pokoke. Ditambah maning saiki ring barisan pawai ngarep mau ana drumband. Judhange digawe paran bain sakanane. Ana hang masjid-masjidan, ana hang unta-untaan, ana uga hang ka’bah-ka’bahan. Keneng diarani Muludan ring desa Macan Putih iki Muludan hang paling rame ring Banyuwangi. Mari arak-arakan ya biyasahe kaya desa-desa liyane diterusaken ambi serakalan.

 Teka cerita muludan ring desa-desa iku mau kadhung ditamat-tamataken kabeh sing ninggal Serakalan. Paran bain acara ramen-ramene muludan, embuh iku terbangan keliling kampung, ngarak judhang keliling kampung, oncor-ocoran keliling kampung, pawai, lan liyan-liyan ring acara hang pokok ya mesti bain mau Serakalan. Kabeh kampung ring Banyuwangi kadhung ngengeti ulan Mulud mesti ana Serakalan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muludan, Sakat Pencakan sampek Dangdutan (1)

Editor: Antariksawan Jusuf