Belungatos, Teloratos

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Juni 2026 06:24 WIB)
- Esai



Titenana tah. Arane bendhungan utawa wadhuk iku apik-apik, gagah-gagah. Cocog nyang kahanan pisike, nyang awake hang gagah perkasa saumpama uwong. Ana aran Jatiluhur, Karangkates, Gajah Mungkur. Ring Sumatera hang kondang: Siguragura. Ring Banyuwangi sing kalah sagah, arane: Bajulmati.
   Bendhungan Siguragura banyune teka telaga, Danau Toba. Kadhung hang ring Jawa iku, termasuk Bajulmati, mbebeng banyu ahire dadi danau utawa telaga hang wera lan apik sawangane, 'pemandhangane'. Mugane akeh diparani wong endi-endi, tosene wayah pereian; dadi jujugane wong ngelencer.
   Bendhungan Gajah Mungkur, banyune ngelemaken pirang-pirangane desa. Mbangune leren mbedhol utawa mindhah desa-desa. Wadhuk Bajulmati panggone pas ring tengahe alas Baluran, sing sampek mindhah warga utawa desa, mung ngganti sakwerane alas hang keleleb, sekitare 30 hektar, makene alase sing suda jumlah werane.
   Isun ketepakan tau ulih tugas nong lokasi gantine ring Wongsorejo pinggir kulon dhewek, pinggire alas, arane Pal Petok. Arane meduraan kerana meh kabeh wong kono wong Medura.
   Wong Medura iku dhemen guyon lan ndhemenaken diejak guyon. Isun, ambi kanca, kadhangane kepaksa kudu nginep ring umahe 'tan-taretan' gedigi iki. Arep ndudug kadohan lan dalane sara.
    Ambi nginep, 'nik sekonik' kursus kilat cara 'inggeris timur'. Ajare ambi 'agejehan', ambi guyonan. Tau api-api hun koreksi 'pelajarane'. Usingane gedigi:
   "Kang, basane Rika iki ana hang sing cocog".
   "Kok bisa?"
   "Acake, Medurane 800 paran?"
   "Ya, belungatos."
    "Bener, cocog. Belung mula atos. Kadhung 300?"
   "Ya.....teloratos!"
   "Yaiki. Telore paran hang atos? Masa ana telor atos".
   "Abeeh.....bisa beih, empiyan!".

   Aja muring, aja sukeran, ya. Tulisan iki setemene dudu ceritane bendhungan. Celethek, ceritane 'telor'.
   Ceritane Saperan, embahisun. Isun gok nyeluki mbah Ran; wong ndesa, biyasah sarungan thok. Sarungan iku mula enak 'peraktis', ya icis. Arep paran-paran cepet. Masiya mules kelendiya sing gupuh othak-othak rangkepan celana, seluwar, cawet. Kari ngangkat bain. Kek.....!!
   Lan, wong desa iku sing sekabehe duwe 'mck'. Duweya jare magih asikan nyang banyu. Bengi iku mbah Ran arep nyang banyu, wetenge kerasa selemet-selemet. Lawange disereg aju serege digembol, dilebokaken bundhelan sarunge, temune melaku nyang banyu tangan bisa tayongan. Ring banyu, serta wis mari 'makani iwak', dienggo ngadeg sing nyeja serege cicir teka gulungan sarunge. Plung!
   Alak emaakk...! Kadhung sampek sing ketemu yara sing bisa melebu umah. Peteng-peteng ana bain yak. Edheng-edheng sikile dienggo nggerayangi ngisore banyu, ngiwa nengen, ngiwa nengen dibolan-baleni. Nagud temenan. Sing ketemu. Aju ganti tangane hang dienggo gerayang-gerayang gena lebih kerasa.....eh, iki atos-atos ya watu utawa kerikil, iki kerasa masir ya pasir, iki godhong, iki kethokane kayu keli. Woh...! Iki paran hang kecekel tangan rada embuk-embuk? Eh! Najis! Telor! Endhog! Endhoge sapa endane? Aja-aja endhogrika dhewek, mbah? Ambi nyungir, tangane digosok, dikorahi nganggo pasir.
   Mbah Ran ahire angkat tangan, nyerah. Serege sing ketemu. Timbangane sewengi nong banyu bangur mulih, aluk nyilih budhing enggo nyelongket lawang umahe, pikire gedigu. Arep kelendi maning?
   Diwarah, diwarah. Yara iya, mbah? Yong buktine sing atos 'pagun' bain jare, 'ya..... teloratos'!

(Iskak Basuki)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor