Pak Mustafa: Tukang Sulap-Dodol Obat Legendaris Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 Juni 2026 07:09 WIB)
- Tokoh
Jaman sekolah ring SD Tegalloji 2 ring elore Taman Blambangan, tepak sekolah tau ulih giliran melebu bedhug merga sekolahane dibecikaken.
Mari asar serngenge wis emeh surub, mulih sekolah hing bisa using mesthi mandheg ring perapatan nuju Jl. Sayuwiwit (bengen arane Jl. Surati). Bengen sak dawane dalan Sayuwiwit iki panggonane pasar soren.
Ambekaneya wis diwekasi emak kadhung mulih sekolah kongkon gancang mulih, arane lare ndeleng wong nggelar sulapan mesthi kepincut. Lali ambi wekase emak lan masiya wis diweden-wedeni kadhung ndeleng wong sulapan peringsilane ilang siji, ya hing makan.
Tukang sulape arane Pak Mustafa. Hang paling hebat kanggonisun, seliyane ngilangaken peringsilan mau, Pak Mustafa iki bisa nyiwing lare teka kadohan.
Ana lare hang milu ndeleng sulapane, ngogrok ring antarane penonton. Aju diceluk ambi Pak Mustafa dikongkon maju ring kalangan. Larene hing gelem malah melayu ngadoh. Pak Mustafa aju nyiwing kupinge dhewek, lare hang melayu mau sakkal mara ambi nyekeli kupinge merga kelaran.
Lare Banyuwangi hang urip taun 1970-80an mesthi weruh bab sulapan iku. Saben-saben dibolan-baleni ya tetep bain nggarai gemuyu.
Isun gancang mulih tepak Pak Mustafa ngongkon penonton mundur, hing marek seru kadhung using peringsilane bisa ilang siji.
Pak Mustafa tukang sulap lan tukang dodol obat iku mau cumpu kakang kuwalone ruwahe Pak Hasan Ali, bapake ruwahe Mbok Emilia Contessa lan penyanyi Virgie Hasan.
Ceritane Virgie, embahe hang diceluk Atuk Lanang, asal Pakistan kawin ulih embah wadon hang teka Medura, setatuse pudhot ambi randha padha-padha nggawa anak telu.
Atuk lanang hang aran jangkepe Muhammad Ali Munsyi (jare bengene tentara bayaran Gurkha taping jare Virgie, putune, hang diceritani bapake, iyane sukur wong dagang) nggawa anak: Pak Mustafa, Bu Nur ambi Bu Jamilah (hang ninggal donya magih enom). Embah adone, Bu Khadijah, hang manggon ring Kampung Melayu nggawa anak telu: Muhammad (Pak Mad), Marfu'ah (Bu Puk) lan Mujenah (Bu Nyek).
Serta Atuk Lanang ambi embah adon iki kawin, duwe anak mung siji yaiku Pak Hasan Ali.
Dadi Pak Mustafa iku kakang kuwalone (beda emak) Pak Hasan Ali hang ring mburi-burian tau dadi anggota DPRD lan Ketua Dewan Kesenian Blambangan hang uga kesuwur minangka tokoh hang nyusun kamus Using-Indonesia.
Cerita sulapan legendaris Pak Mustafa iku minangka kedadeyan kelendi donya hiburan kecaruk ambi donya kebutuhan medis jaman Banyuwangi bengen, jare kang Munawir teka BTD.
Ring antarane sulapan lan ateraksi liyane kaya nyekel ula, Pak Mustafa mangkat ngenalaken obat. Hing mung sukur dodolan obat, naming iyane uga ngewani "edukasi kesehatan".
Ceritane keponakan hang dadi anak pupone, aran Pak Abdul Ghofur (anake Bu Nur) hang uga marisi pegaweyan bapake dodol obat ambi sulapan, ring sela-selane wektune kadhung nong umah, Pak Mustafa hing tau maca koran, hang ana nderes Quran ambi main bahola, gendhing-gendhing gandrung.
Sedurunge dodol obat keliling, enom-nomane Pak Mustafa tau dadi awak kapal perang Indonesia pimpinane Laksamana Soedomo, tokoh Orde Baru hang tau dadi menkopolkam lan kesuwur.
Ilmu sulap lan obat hang diduweni Pak Mustafa hing teka dhewek. Iyane sinau teka dawak, ahli obat teka India hang arane Jalim Sadugar. Ilmu iku hang aju dikembangaken dadi ateraksi hang nggawe wong sak Banyuwangi kaju.
Wong desa mesthi weruh montor Chevrolet duwene Pak Mustafa hang dadi ikon jaman semono. Montor iku dadi "panggung melaku" tepak iyane melibeng teka desa siji nyang desa liyane.
Kadhung ring kutha, panggonane bukak dhasaran ya ring bucu Taman Blambangan ngarepe Gedung Juang, utawa ring Taman Sritanjung, kadhung using ya ring Jl. Sayuwiwit mauka.
Pak Mustafa dikancani asistene, Pak Arifin. Wong loro iki wis dadi sak paket. Ateraksi sulape seliyane nyiwing lan peringsilan ilang siji mau uga ana Macan Terbang, nyulap koran dadi picis, endhog mentak dadi mateng lan ilmu sakti hing makan dibacuk.
Kadhung dipikir-pikir, ring jaman semono, durung ana tipi, durung ana internet, durung akeh wong dodol obat kaya saiki, Pak Mustafa nduwe peran sosial gedhe.
Taun 50-an, pasilitas kesehatan ring Banyuwangi magih durung akeh. Wong golet tamba, biyasahe tamba teradhisional. Klinik mung ana ring tingkat kawedanan, dene nang kecamatan sasate hing ana.
Pak Mustafa teka ngenalaken obat modheren nang wong desa. Iyane dadi sasak antarane obat teradhisional lan donya medis, kelawan cara hang bisa diterima wong cilik yaiku hiburan hang bengen ya durung patiya akeh lan durung gampang ditemoni.
Kawin ambi ningrat Banyuwangi Bu Sayu Selo, Pak Mustafa duwe anak siji arane Kang Khalid, hang tau mboro suwi sedurunge balik nang Banyuwangi taun 2016, sampek ninggal donya. Uga ana Pak Abdul Ghofur, keponakan hang dipupu sakat cilik lan nerusaken ilmu sulape.
Pak Mustafa hing mung sukur tukang sulap lan wong dodol obat. Iyane iku penghibur, pengembara, lan perintis dagang kaki lima nang Indonesia. Arane tetep urip ring kenangane wong Banyuwangi, teka Rogojampi, Muncar, Benculuk, Genteng, sampek ring desa-desa.
Tukang hiburan hang cocog ring jamane.
Taun 2009, Pak Mustafa nemoni pesthine hing kathik ngerasakaken lara sedurunge. Mari olahraga, iyane njaluk dikelumpukaken anak-anake, penjalukane kongkon nggolet randha tuwek macaaken Surah Yasin naming hing ulih ngawang kudu maca.
Ninggal donya ring umahe ponakane, Bu Maryam, ring kawasan PKBR. Sedurunge iyane ngewani wekas, kaya hang diceritakaken Pak Ghofur: "Aja repot-repot, engko barete Isun wis wayahe mulih, nang paga iku wis ana lawon, (picis) dienggo selametan lan payung cilik."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.