Ottolander lan Banyuwangi (bagiyan 3)

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Rabu, 29 Juli 2026 07:13 WIB)
- Tokoh



  Wis ping telu Ottolander ngupayakaken lan ndadekaken kawasan gunung dadi kawasan konservasi yaiku ring Bengkulu, ring gunung Pangrango lan ring gunung Ijen. 
   Iyane tau ulih tugas ring dhaerah Jawa Barat lan manggon ring Buitenzorg (Bogor) makene bisa parek ambi Dr. Koorders lan bisa gampang ulihe konsultasi bab perkumpulan lan rencana-rencana liyane kanggo konservasi. Ring Perkumpulan Perlindungan Alam Hindia Belanda, Dr. Koorders dadi ketuwane lan wakile Ottolander.
   Pegunungan Pangrango, Jawa Barat, hang seperono magih dadi alas gung liwang-liwung nduweni pirangane wit-witan langka kayata Wightia javanica lan siji-sijine wit gombol hang ana ring Hindia Belanda, yaiku Frachna griffithii.
    Hang ring Ijen, mergane iyane weruh gok kawasan iku kudu dilindhungi makene hing kabeh lemahe keseren merga didadekaken kebun.
   Aju kanggo ngurmati kiprahe, aran Ottolander dienggo aran Latin tanduran hang ana ring Dataran Tinggi Ijen, panggonan hang iyane welasi temenan. Aran ilmiyah tanduran iku Wightia ottolanderi Koord.
    Kesuwure arane T. Ottolander, naming ring Tamansari Licin, iyane diceluk Tuan Pancur (Pantjoer) dijuwut teka aran kebonan Pancur hang iyane garap ditanduri kopi.
   Masiya dadi wong Landa lan tuwan kebun Landa jaman kolonial bengen, Ottolander uwonge apikan lan parek ambi masarakat kono. Beda umpamane ambi Couvreur, tuwan kebun ring Dampit, kulone Ijen (saiki melebu wilayah Bondowoso) hang lakune mula kaya ndara tuwan nang buruhe.
    Lawang umahe hing tau nutup dienggo sapa bain kelebu wong-wong hang megawe ring kebonane. Iyane ngewani penggaweyan nang masarakat. Akeh-akehe wong-wong teka Kabat, Glagah lan Licin. Iyane ngewani pegaweyan tetep lan digaji ulanan kanggo 90 wong lan 400 wong minangka buruh lepas arian. 
   Naming akibate, akeh wong hang ninggalaken sawahe merga megawe ring panggonane. Mangkane iyane uga ngewani pelatihan pertanian lan nyurung masarakat kono supaya bisa ningkataken tanduran pari lan kopine. Iyane uga milu mbangun sarane pengairan ring Tamansari.
    Wigatine nang masarakat lan pegawene, diceritakaken wartawan teka Landa redaktur koran Amsterdamsche Handelsblad, Elouf, taun 1929 hang wis ping pindho nang Tamansari. Tepak merono, listrik tenaga air hang dienggo nguripi lampu ring umahe hing murup. Ditakoni sebabe, Ottolander semaur ring mangsa ketiga iki iyane milih banyune kanggo wong-wong hang mbutuhaken timbang nguripi lampu umahe.
   Sak suwine kebun Tamansari iyane hang nyekel, perodhuksi kopine munggah terus.
   Naming ya melakune dudu tanpa alangan. Tau ana sengketa merga tanah adat melebu pagere perkebunan. Taping bisa dimarekaken liwat pengadhilan (landraad) lan masarakat diwani ganti rugi.
    Iyane dipercaya masarakat Tamansari lan merga jerune ilmune iyane dadi jujugan para pejabat hang ana ring Banyuwangi lan sak ubengane.
   Seliyane iku, pentinge kebun karet lan kopi ring Tamansari, sampek dibangunaken erile lori kanggo nggawa asile kebun nyang setasiyun Kabat, kaya hang disebut ring koran taun 1918. Cathetan lelang taun 1919, ana 1.200 pikul kopi asile teka kebun Tamansari. Malah ana pisan peta taun 1938 hang magih nduduhaken anane dalan lori iki teka Tamansari nang setasiyun Kabat.
   
(Ana terusane: asal-usule, kiprahe ring Tamansari, kiprahe ring budaya Using, lan kontribusine ring gandrung)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Umahe Ottolander ring Tamansari (Bataviaasche nieuwsblad)

Editor: Antariksawan Jusuf