Ottolander lan Banyuwangi (bagiyan 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 Juli 2026 06:23 WIB)
- Tokoh



  Ring tulisan sedurunge, diceritakaken gok Ottolander hang ngusulaken nang pemerintah Landa kanggo ndadekaken wilayah Ijen minangka kawasan konservasi, sing ulih diuthik-uthik.
   Sedurunge iyane uga wis nggawe laku hang padha, yaiku panggonan merujuke Rafflesia arnoldii, kembang hang paling gedhi sak donya, ring Bengkulu. Rafflesia arnoldii iku aran kembang parasit hang urip nang epange tanduran rambat liya hang nyelolor ring lemah. Teka sekabehe tanduran iku, hang katon mung kembange, merga diameter utawa garis tengahe bisa sampek lebih semeter. Edheng?
   Kembang hang nggawe kaju wong sak donya iku ditemokaken ulan Mei 1818 ring Dr. J. Arnold tepak iyane milu ekspedisi Sir Raffles hang seperono madeg dadi gubernur Sumatera. Mangkane ning Inggris, kembang buta iki aju diarani njuwut teka arane wong loro iki: Rafles lan Arnold, Rafflesia arnoldii.
   Sasate emeh sak abad sakuwise ditemokaken Sir Raffles lan Dr. Arnold, ring ulan Desember 1911, Ottolander nemokaken maning kembang buta iku ring dhaerah Kaba, Bengkulu. Naming merga emeh kabeh alas wis dibabati lan lemahe dibukak kanggo nandur tetanen, dikira-kira kembang iki bisa muspra kadhung sing ana perlindhungan.      
    Merga upayane Ottolander, kawasan hang ana antarane Kepahiang lan Taba Penanjung, ring ngingsore Gunung Kaba lan Suban Ayam, kanggo sawetara wektu dilindhungi. Aju ulan Pebruari 1919, telung kawasan panggonan merujuke Rafflesia arnoldii resmi ditetepaken dadi wilayah konservasi alam.
   Sakuwise pindhah nang Tamansari taun 1909, mula dhasare wong hang ndeleng gok kayane kebonan hang dikembangaken Landa iki suwi-suwi mula nguwatiri kadhung dideleng teka bucu sawang konservasi.
   Ring wayah tepak meleciraken tulisane Dr. Koorders "Pendirian sebuah Perkumpulan Hindia Belanda untuk Pelestarian Alam" (Surabaya 1912), hang diterbitaken nyang Ned. Indische Landbouwsyndicaat (Serikat Pertanian Hindia Belanda), Ottolander nulis samudanane. Ring njerone iyane negesaken gok  kepentingan pertanian lan pelestarian alam kayane melakune sewang-sewangan, lan mangka iku penjalukan kanggo nyokong usaha Perkumpulan anyar iki hing luput kadhung njumbule teka Serikat Pertanian.
   Iyane nulis wong-wong  kebun ring Hindia (Belanda-red) mesthi bain sing gelem gok tanahe kabeh didadekaken lemah kanggo budidaya lan kabeh sak Hindia mung didadekaken "kebonan hang mbosenaken lan nggawe ati kelayung. Para pekebun Hindia uga nduweni rasa welas nang kaendahan lan ilmu alam, nang lestarine wit-witan lan hewan langka."
    Ottolander kaya makili wisik atine wong-wong kebun supaya perkebunan bisa melaku bareng ambi konservasi kanggo milu ngelindhungi tanah penguripane.
   Hing maido hang diusulaken yaiku kawasan gunung Ijen dadi kawasan konservasi alam.

(Ana terusane: asal-usule, kiprahe ring Tamansari, kiprahe ring budaya Using, lan kontribusine ring gandrung)


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Wightia ottolanderi Koord

Editor: Hani Z. Noor