Mutiyara ring Lomba Cerita Cendhek Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 29 Desember 2020 07:20 WIB)
- Opini



Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ibarat wong panen mutiyara marek nyebar jala ring Lomba Nganggit Cerita Cendhek Using sakat tahun 2013 saben taune.
Penulis-penulis hang nganggit nganggo basa Using wis ngatonaken kemeromong bakate sakat ring Lomba iki.
Hang pungkasan, lare Kemiren putune wong hang dituwekaken ring Kemiren, Anang Serad, Vidya Dzurotun Nafisa.
Vidya hang sekolah ring SMPN Glagah iki ulih penghargaan Terbaik 1 lan 3 ring kategori SMP/SMA. Setemene SMP lan SMA iki kategorine dhewek-dhewek naming merga hang milu teka SMA mung loro lan SMP mung papat, kategori iki didadekaken siji. Mupakate, sak kategori bisa dilombakaken kadhung pesertane ana paling sithik limang lare.
Mula ring taun iki, jumlahe peserta paling sithik timbang taun-taun sedurunge. Paran maning keneng pageblug lalare padha prei sinau ring sekolahan. Masiya diunduraken pengumumane (biyasahe April-Juni taun iki dadi Desember) nganteni nawi bisa diumumaken ring iwuh Pengumuman Pemenang, cumpu pagebluge durung bisa diejak kompromi.
Ring kategori umum ya magih normal hang milu, antarane 20-30 saben taune. Kadhung tepak akeh, jumlah pesertane bisa sampek 60. Kanggo ngewani dalan peserta liyane, wong-wong hang wis tau menang ping telu hing ulih maning milu Lomba, naming diwani kesempatan nulis sak buku dhewek.
Balik nong Lomba taun iki, Anang Serad hang sampek umur tanggal 27 Desember sore tepak Pengumuman Pemenang mesthi milu girang ndeleng putune bisa ulih Terbaik 1 lan 3. Paran maning Vidya iki ya ulih Penghargaan Terbaik 1 ring Lomba Ndongeng Using SKB 2020 kategori SMP/SMA. Lan ponakan misane, Abdullah Azwar Anas Junior ulih Penghargaan Terbaik 2 kategori SD.
Perkara ulih hadhiyah Terbaik 1 lan 3 iki Vidya miloni dalane emboke, yaiku Ridzkiya Karimatus Soleha (Kiki) hang taun sore uga menang Terbaik 1 lan 3. Naming taun iki, milu kategori Umum merga wis lulus sekolah SMA, iyane hing ulih paran-paran. Kiki iki sakat magih sekolah ya wis bolak-balik menang, mangkane iyane diwani kesempatan nggawe dhewek antologi cerita cendhek hang muga-muga bisa diterbitaken taun ngarep.
Ring kategori lare sekolah, ana pisan aran Putri Nurul Azizah hang ulih Penghargaan Terbaik 2. Iyane iki ya patheng milu Lomba sakat SMP. Masiya wong tuweke keturunan Medura, mangkane cerita basa Usinge akeh pengaruh Jawane, kelawan bantuwan sekolahe hang kerjasama ambi SKB, bukune yaiku antologi cerita cendhek Basa Using hang nduweni judhul Sisik Melik wis diterbitaken tepak iyane magih kelas 3 SMP rong taun kepungkur. Putri iki mula dhemen nulis larene hing mung nong basa Using tapi uga basa Indonesia. Hang pungkasan taun 2020 iki, iyane menang juwara 1 ring penulisan esai kelawan tema "10 Tahun Banyuwangi Penuh Inovasi" hang digelar Pemkab ring kategori pelajar.
Salah siji penulis hang wis bolak-balik menang sakat taun 2013 yaiku Ahmad Muzakky. Lare Boyolangu iki pungkasane dipenging milu maning taping dikongkon nggawe antologi cerita cendheke lan wis terbit kelawan judhul Lancing Tanggung taun 2017.
Hang sulungan ana Nur Holipah hang menang Terbaik 1 kategori SMA ring Lomba kawitan taun 2013. Sedurunge iyane hing tau milu lomba nulis lan penghargaan teka SKB iku minangka hang kawitan. Kaya netese endhog,  marek iku sunare tambah mencorong merga macem-macem penghargaan kaya nekani lare Giri putune ruwahe Anang Ajin, tokoh angklung teka Bades.
Tau dadi Juara 3, Lomba Cerpen Nasional Pekan Budaya HMJ Sasindo UM (2016), Penghargaan 'Penulis Muda' Kab. Banyuwangi, dalam Islamic Expo Festival Ramadhan, Juara Harapan II, Kompetisi Penulisan Rubrik Majalah Komunikasi UM. Kategori Pustaka, Juara III, Kompetisi Penulisan Rubrik Majalah Komunikasi UM. Kategori Cerpen, Peraih 10 naskah Cerpen terbaik, Lomba Cerpen & Karya Ilmiah Popular se-Malang raya oleh MKU Universitas Brawijaya, Top 20, Sayembara menulis Cerpen Indonesia Punya Cerita batch II oleh Muda Sabudarta (2017), Juara 2 Cerpen, Writing Cimpetition & Photo Contest, HUT Gerakan Perpustakaan Anak Nusantara  (2018), Kontributor Antologi Crita Cekak dalam buku Sekaring Pasamuwan. Tau uga Juara 1, kategori Putri dalam Festival Gendhing Using, Desember 2017. Sakat dijaluk dadi anggota SKB, Holip iki wis hing milu lomba maning, malah sore dadi salah siji jurine. Iyane, bareng Moh. Syaiful, nerbitaken antologi cerita cendhek Jala Sutra.
Moh. Syaiful ya gedigu pisan. Marek tau ulih penghargaan ring Lomba SKB, ditarik dadi anggotane SKB. Iyane uga dadi salah siji juri ring Lomba sore, ambi Holip lan Satria Pujangga.
Guru SMPN1 Banyuwangi iki tambah moncer tepak novel dwi bahasa Using-Indonesia hang nduweni judhul Agul-Agul Belambangan ulih hadhiyah Rancage kanggo kategori novel basa Jawa ngalahaken novel lan karya sastra basa Jawa liyane hang akehe 20 judhul taun 2016. Hadhiyah Rancage iku diwakaken nyang karya sastra hang nganggo basa dhaerah yaiku Sunda, Jawa, Bali, Lampung, Batak lan Basa liyane, digagas ring ruwahe Pak Ajip Rosidi. Sak liyane aktip ring penulisan basa Using, iyane ya dadi instruktur ring Akademi Lalare Orkestra merga iyane ya ngurusi lalare anggota Sanggar Jingga Putih pimpinan ruwahe Pak Sumitro Hadi hang ngadhep ngalor ulan Desember iki.
Masiya kesandhung-sandhung ring jumlah pesertane, muga-muga Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using SKB iki mengarepe mituhu bisa nemokaken mutiyara-mutiyara liyane kanggo kemajuane basa Using lan Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor