Nalika Pulpen Ketekep Tasemake Jaran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 02 Juli 2026 06:28 WIB)
- Opini
Ditulis ring Elvin Hendratha
Sastera setuhune iku kompase ati, piranti kang luhur panggonane kejujuran diungkal, empati dirawat lan kemanusiaan diunekaken.
Naming, sejarah kerep nyathet kedadeyan hang nggawe umet: nalikake sasterawan, nganggo derijine hang ngobahaken emosi sithik, nyacak melencat ring panggung keritik politik sonder ngarteni hang ana ring jero temenanan.
Hang metu aju dudu renungan filsafat hang jeru, naming sukur oret-oretan cethek — diskursus "kulit njaba" hang lair teka bucu sawang tasemake jaran.
Ning panggung peradaban, ana wates hang katon kewela-wela antarane keritik sosial hang murni ambi carane wong hang sing ngarti tata negara.
Kerep ana oknum sasterawan hang kebelebed pikiran cendhek iki dhemen nyedherhanakaken masalah gedhe hang ruwed dadi cerita sebab-akibat hang naif.
Politik, ekonomi lan dinamika setruktur bangsa digawe cilik kaya-kaya mung diaruh-aruhi sak variabel thok ring ndhuwur podium.
Iki wujude ngapusi logika hang dibuntel endahe rima; sombonge wong pinter hang rumangsa ngarti kabeh, ale mung sukur njuged ndhuwure kecipakan banyu sonder weruh njerone jurang ring ngingsore.
Nalika seniman kelangan nalar keritis lan jerune ilmu, setemene iyane tepak nyiluri kelambi intelektuale ambi kelambine tukang kauk.
Iyane ndhikte kahanan teka panggon andulan hang ciyut, nampik anane fakta multidimensi merga kepingin ngedhem-edhemi perasaane dhewek utawa pesenane golongan tertentu.
"Bahayane sastera hang kelangan jerune ilmu hing mung ambrole nilai estetika, naming tepune awake dhewek hang gampang seru dadi sepeker kebencian sonder roh."
Lebih jeru maning, pantese awake dhewek mikir pitakonan hang perih: ring mburi cetheke bucu sawang hang dipaksakaken iku, ana tah pikiran hang merdheka?
Utawa ring bait-bait hang ngaku-ngaku makili rakyat iku setemene mung sukur asile peroses cuci otak?
Nalika karya kerasa mekanis, nyerang sonder dhasar ilmu hang kuwat lan mung miloni narasi hang mecah belah lan ngerusak, ambune kebelongohan wis hing bisa disengidakaken.
Metu rasa curiga hang masuk akal kadhung pulpen iku wis hing bisa ngobahaken idealisme maning, naming teka dhalang ring buri selambu — aperuwa agenda titipan hang kepingin nggawe buthek kahanan utawa mung sukur nuruti napsu politik wong hang nggawe ciyute bucu sawang.
Sastera kudune mbebasaken pikiran lan ngemes uripe bangsa, dudu malah ngujaraken kebencian hang keseron.
Nganggo aran gedhi para pejuwang kemanusiaan jaman bengen dadi tameng kanggo mbeneraken keritik hang cethek iku wujud lunture moralitas sastera.
Pungkasane, karya hang lair teka panggon suwung hang kurang ilmu bakale gelis ilang kabur kabeh diterak angin.
Gedigonan iku sing kira dicathet dadi damare sejarah, naming mung sukur dadi cathetan sikil hang ngenes ati bab wayah sastera kelangan uteke merga kegudha abrak-abrak belarake politik praktis hang royak naming suwung.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.