NEGOR JAJANG ENOM (ÊBUNG)

Nur Holipah (dipublikasikan pada Kamis, 19 Maret 2020 09:18 WIB)
- Kuliner



Kadhung wis mangsa rendheng teka, kabeh pating merujuk, padha thukul. Pakis pating melungker enom-enom, dibelisak sengidan. Gelemane uga ana jamur ulan merujuk ring kalenan. Uga sing luput uwit siji iki hang kadhung wis diweladi bisa dadi kunduk sate (sujen), irig lan gedhek.

Jajang enom utawa hang kerep diarani êbung umume bisa diolah dadi jangan. Êbung miturut KBBI yaiku anak (bakal batang) buluh yang masih kecil dan masih muda, bisa disayur. Bonggole êbung bisa akeh ditemoni ana ring perengane jurang, barongane jajang. Êbung, masiya jare tuku ring welija ana, taping rasane ya bidha. Ring welija mula sing leren perongsodan nyang jurang. Ring welija mula sing kathik etheng-etheng gaman. Ring welija ya sing kathik kecemak wulune êbung hang marahi serit & gatel nyang tangan. Ring welija paceke wis pelastikan kari ngolah jangan.

Kadhung arep ngundhuh êbung, rika kudu nggawa gaman, budhing hang kudu dipastikaken landhep. Sing perlu belisak-belisak kaya wong golet pakis, merga êbung katon mata, pucuk bonggole mecungul ana ring lemah. Ngatasi makene sing kecemak wulune êbung, hang marahi serit lan gatel nyang kulit, rika bisa nganggo selodhong tangan utawa nyekeli pucuke bain. Kadhung sekirane wis dibudhing, êbung kari diongkek makene gelis rubuhe.

Bonggole êbung sing bisa langsung dipangan merga kudu dikenceti lan dikulub sulung. Ngencetine ya sing angel. Pokoke cukup ngilangi kulit njabane hang akeh wulune, lan sampek katon putih. Terus êbung bisa diirisi, kandel utawa tipise sak karepe hang arep olah-olah. Umume diiris sing kari kandel ya sing kari tipis. Aja lali sakdurunge dikulub, dikumbah sulung. Cepakaken banyu gemulak ana ring panci, êbung kari dilebokaken lan uwenana uyah sithik enggo ngilangi rasa paite. Antenana sampek dipites kerasa empuk. Mula sing usah kari ludhuh, gulakane lutrek ya sing enak. Dikulub tujuane mung ngembukaken daging bung-e bain. Kadhung wis matheng, kelir êbunge rada uwah sithik. Semu-semu abang kaya rada soklat, pink kadhung basane lare millenial. Nah, Êbung hang wis mari kuluban, kari dietus nyang irig terus bisa diolah lan dirageni. Bisa dipincuk, dioseng-oseng, utawa didadekaken campurane jangan santenan. Malah ya ana hang ngolah êbung kanggo isen-isene lumpia.

Kadhung jare akeh sumber ring internet, mangan êbung iki nduweni akeh paedah. Kaya tah ana karbohidrate lan proteine. Êbung uga duwe rolas asam amino hang diperlokaken awak. Jare uga bisa nyeren anane maneka penyakit, kaya kangker.

Ana paran kari angel leren juger-juger nyang perengane jurang?

Masiya bisa dituku ana ring welija lan peracangan, taping êbung iki rasane bidha, sing mambu pesing. Ya mula ring ring welija lan peracangan sing usah katik perongsodan nyang jurang, sing usah etheng-etheng budhing, sing usah kecemak wulune hang marahi serit & gatel nyang tangan. Ring welija paceke wis matengan, pelastikan rega telungewuan kari ngolah jangan. Taping paran-paran dhung ulihe golet kaya lebih nikmat ika, timbang ulihe tukon.

Kontributor belambangan.com - Giri

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dok. Pribadi

Editor: Nur Holipah