Ngersula Dheket Dhedhegan ring Pesisir Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 24 Januari 2023 07:50 WIB)
- Opini
Kaya adate wong kelenceran nong Banyuwangi, isun ngampiri pirangane panggonan utamane pesisire, sakat teka Watu Dodol, Bulusan, Cacalan, Boom sampek Pantai Cemara ring Pakis.
Nawi merga tepak sing ana iwuh paran-paran, kahanan pesisire rada nggarahi wong ngelus dhadha. Dhekete sakdawane pesisir, macem-macem, ana kayu-kayu, jajang, godhong wit-witan, dheket sisa teka umah, pelastik bungkuse panganan lan bungkus sabun lan sabun wuwung (shampoo). Lebih ngenes maning, tepak nyemplung nang banyune, dheket plastik ya seliweran ring njerone banyu kono.
Setemene, pemkab Banyuwangi hing kurang-kurang ngabragi wargane supaya urip rijigan, hing mbuwang dheket ring banyu. Umpamane kelawan nganakaken Festival Kali Bersih hang digelar bareng-bareng ring pirangane kecamatan. Paran maning ana "gerakan menuju sungai yang bebas sampah."
Seliyane nganggo cara langsung kaya Kali Bersih iku mau, uga tau nggawe Festival Ciblungan. Endi ana wong gelem nyemplung kali ciblungan kadhung banyune akeh dhekete. Ana pisan Dinas Perikanan hang ngeculaken iwak lan ngejak masarakate ngerawati iwak. Program iki hing bisa kelaksan kadhung banyune kothor lan getuh. Iwake ya keneng dijuwut lan dikonsumsi warga. Program hang kaya gedigu ana pisan Festival Oling River Food ring kali Dam Limo, desa/Kecamatan Tegaldlimo.
"Rijige banyu kudu dilakoni kelawan ajeg dadine masarakat kudu milu nggendhong indhit njaga rijige banyu," abane Bupati Ipuk Fiestiandani ulan Juni kepungkur.
Aju Dinas PU Pengairan Banyuwangi mbecikaken dam-dam kali lan moles dadi panggonan hang bisa ditekani masarakat kanggo kelenceran. Masarakate ya wis diejak kanggo nyuksesaken program iki. Paran maning disedhiyani panggonan wong dodolan kanggo nyukupi butuhe wong hang ngelencer. Utamane panganan hang disuguhaken yaiku uling hang dadi dhemenane wong Banyuwangi umume. Sakliyane dipangan dhewek, Banyuwangi ya kesuwur minangka panggonan hang ngekspor uling nyang negara manca. Ring kono uga digelar Lomba Dayung.
Kelawan anane program-program iku mau, akeh hang kesemplok: kuwalitas banyune dadi apik, ekosistem kali lan lingkungan irigasi kejaga uga uripe masarakat saya sehat, jare Bu Ipuk.
Pemkab uga wis nggandheng organisasi swasta hang perduli ambi banyu kayata
Sungai Watch. Programe kekebu ngerijigi kali hang ana ring Alas Purwo.
Ana pisan program Sekolah Rawat Daerah Aliran Sungai (Sekardadu) hang diluncuraken ulan Maret kepungkur. Program iki ngewani edukasi kanggo sekolah-sekolah teka SD sampek SMA, lan perguruan tinggi kanggo njaga banyu.
Malah ana organisasi Lingkungan Hidup Dunia, Systemiq hang pusate ring Jerman lan Inggris kepingin milu mberesaken bab dheket gang ana ring Pelabuhan Muncar, Kabupaten Banyuwangi.
Aju nong endi lupute kok segara lan pesisire magih akeh dhekete? Masiya kabeh cara supaya kali rijig hing nganyutaken dheket nang segara, taping ya aja lali gok pesisir iki kudu ajeg dirijigi pisan. Kudune ana pasukan khusus hang njaga rijige pantai, paling using hang dadi jujugan wong kelenceran. Makene pesisir panggonan wong kelenceran bisa dadi jujugan hang enak lan hing nggarahi wong ngersula lan bangkel.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.