Nggandrungi GANDRUNG

Slamet Hariyadi (dipublikasikan pada Kamis, 10 November 2022 08:45 WIB)
- Opini




Ulan kepungkur Banyuwangi nganakaken iwuh Festival Gandrung Sewu (FGS) ring Pesisir Boom Banyuwangi. Masarakat hang ana ring endi bain padha tumplek bleg kerana wis ngerandhu rong taun hing bisa kelaksan iwuh iki kelawan sempurna merga pageblug. Gandrung hang dadi ikon-e kutha Banyuwangi, wis kesuwur sak Nuswantara. Paran maning ditayangaken ring tipi lan Youtube kelawan penyawangan latar mburi Selat Bali, nambahi katon agung lan endah seni hang wis sakat jaman bengen dadi aten-atenane masarakat Banyuwangi.
   Penulis nduweni penemu hang wis tau kaucap nong Kepala Dinas Pariwisata Banyuwangi Kang Bramuda,  tepak ring acara Opini dan Aspirasi ring Radio RRI Jember. Ide nganakaken FGS ring Key Point seliyane Pesisir Boom. Polae wis sakat taun 2012 FGS paceke digelar ring pesisir Banyuwangi kana. Ale magih akeh panggon liyane hang perlu dipameraken liwat pentas FGS iki, kayata Geopark Gunung Ijen lan G-Land Alas Purwa. Tantangane mula abot, polae rong panggonan iki mau papane ring alas lan gunung. Rada sara kanggo mobilisasi pemain lan penonton. Kelebu pisan resiko kahanan alam kana hang sing sembarangan kaya pesisir. Tapi hing ana salahe dirembug ambi para begawan gandrung lan event organizer kawakan. Apatah ditandem ambi hang ring pesisir, padha wektune, beda panggonane. Nawi bain hang ring Alas Purwa utawa G-Land mung sithik bain, sekitar wong seketan, sisane tetep noring pesisir Boom. Kerana kadhung pertunjukan ring rong panggonan bisa kelaksan, bisa nguweni kesan extraordinary ring Gandrung Banyuwangi.

PATUNG GANDRUNG
Ring Banyuwangi akeh patung Gandrung ring endi-endi. Ring lawang korine Perumahan, ring pesisir Watu Dodol, ring perapatan, lan liya-liyane. Tapi penulis nduweni penemu hang rada spektakuler, yaiku mbangun patung Gandrung hang guedhi sak Lamdahur. Panggonane ring sekitar Watu Dodol, dhuwure patung bisa katon teka Pelabuhan Gilimanuk. Kadhung patung Gandrung hang saiki ana ring parek situs Watu Dodol mung sakderma patung penandha bain. Kurang nguweni kesan spektakuler. Dadi kadhung nduweni patung sak padha dhuwure Monas, bisa dadi ikon hang moncer kanggo kebudayaan Banyuwangi. Paran maning bisa katon kelip-kelip teka Bali, tambah dhemen turis hang arep mara. Bisa-bisa kaya modhel Monas, pengunjung bisa melebu lift, munggah mendhuwur liwat njerone patung, aju bisa ndileng panorama laut lan pemandangan Bali teka omproge patung Gandrung. Tambah dhemen wong hang antri kepingin munggah. Perkara karcis bisa digawe pirang macem, dewasa, anak-anak, manula lan pelajar.


PEDHOMAN SENI PERTUNJUKAN GANDRUNG
Kerana kesuwure pertunjukan Gandrung, akeh diaspora Banyuwangi ring Nusantara hang nguri-uri kesenian iki. Pemerintah Banyuwangi perlu nerbitaken Pedoman Pertunjukan Seni Gandrung mulai standar kostum, ritual meras gandrung sampek pertunjukan pentas. Uga bisa ditambah sejarah gandrung mulai jaman Gandrung Marsan sampek seperene. Hang penting maning nguweni pedhoman kelendi hang aran Gandrung kontemporer. Masiya wis digawe modheren, tapi hing nganggo cara sak karepe dhewek. Kudu nganggo pakem hang wis dadi kesepakatane para leluhur. Kadhung using, bisa hing kakaruwan, ndileng kostum gandrung-gandrung noring diaspora. Sering kecampur ambi kesenian lokal kono. Diuwah-uwah sak anane kostum, kerana hing ana pedhoman iku mau.
    Utawa maning, Dinas Pariwisata (Dispar) nggawe patung mini gandrung kaya modhel souvenir, hang kabeh penganggone sak pengadeg ambi omproge miloni pakem. Para Pengurus Ikawangi sak Nusantara kari dikirimi conto souvenir iku bain kanggo pakem busana Gandrung Banyuwangi.
    Kanggo wujud dhukungan ring UMKM Banyuwangi, Dispar uga bisa megawe bareng kanggo prodhuksi busana Gandrung setandar sak omproge. Ukurane digawe macem-macem, ukuran lalare, nom-noman lan dhewasa. Kuwalitase uga macem-macem, hang kuwalitas siji, kuwalitas loro lan seteruse. Kanggo hang kepingin super lengkap, bisa sak sampur kerlap-kerlip ambi busana Paju Gandrunge..


MUATAN LOKAL GANDRUNG
Minangka wujud Gandrung hang dadi ikon Banyuwangi, pemerintah liwat Dinas Pendidikan dan Kebudayaan nyusun kurikulum muatan lokal Kesenian Gandrung.     Saben sekolahan ring Banyuwangi diwajibaken ana pelajaran Tari Gandrung. Sak using-usinge dadi kegiyatan ekstrakurikuler. Gayut ambi idhe nyusun pedhoman ring ndhuwur mauka, kurikulum muatan lokal Gandrung bisa ngugemi paran-paran hang wis dadi pakeme seni pertunjukan Gandrung. Pelajaran Gandrung bisa dikawiti sakat kelas 1 SD sampek kelas 3 SMA.
    Kanggo ndhukung peningkatan performa Gandrung, Pemkab bisa nganakaken Lomba Meras Gandrung, Lomba Paju Gandrung, Lomba Njuged Gandrung, kelebu Cerdas-Cermat soal Gandrung. Hing ketinggalan pisan, muatan lokal iki didhukung ambi mata pelajaran Prakarya, nggawe mozaik Gandrung, lukisan Gandrung, perca Gandrung, flasmob Gandrung, lan kabeh seni modheren hang ndhukung seni pertunjukkan Gandrung. Insya Allah... akeh uwong sak donya bakal bisa padha nggandrungi Gandrung.  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf