Nggawa Jogedan Gandrung ring Tengah Sawah
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 26 September 2019 10:26 WIB)
- Laporan
Gandrung iku kesenian asil olah dayane wong tani, malah dadi bagiyan teka upacara adat wong tani kanggo ngurmati Dewi Sri hang dianggep lambange Dewi Kesuburan. Naming noring mulur mekroke kesenian Gandrung mau, wis arang ditemoni lan ditanggap ring panggon kebukak tanpa terob, kaya sawah lan kebonan. Ale panggonan iku mau, kelebu punjere Gandrung mula kawitane.
“Isun kepingin ngengetaken nyang masyarakat Banyuwangi, utamane seniman hususe, kadhung Gandrung iku aja sampek pisah teka tradisi aseline, yaiku sawahan. Saiki kesenian wis melesat adoh, sing terima teka terob nyang terob wong duwe gawe. Malah nyang istana lan panggonan mulya liyane, mangkane kudu diengetaken balik nang mula kawitane," gedigu jare Wowok Meiriyanto, hang duwe Waroeng Kemarang, Tamansuruh, Glagah lan hang duwe penemu nganakaken Jejer Gandrung Tengah Sawah.
Pentas Gandrung Tengah Sawah mula ancer kerungune, merga wis arang-arang ana hang gelem nanggap Gandrung utawa upacara adat kelawan nanggap Gandrung. Sing maido, wayah dianakaken Jejer Gandrung ring sawah akeh hang alok lan mangluh. Ana hang nganggep kaya sing ana panggonan maning, akeh uga hang kuwatir gandrung kepeleset utawa temebluk nyang kedhokan.
“Kabeh mau wis dipikir lan dipitung njelimet. Sakat teka werane galengan hang dienggo njuged, sampek solah awake hang njuged Gandrung mau uga diwatesi aja sampek keliwat kaya ring genjot. Isun wis suwi megawe bareng ambi guru-guru tari ring Banyuwangi, mangkane sing kangelan wayah duwe karep mau aju sun omongaken. Pilihan Tari Jejer Gandrung uga ngemu karep, kadhung tarian iku wis akeh diapal ambi lare-lare sekolah. Latihan mung rong minggu, ambi nepakaken nang panggonan wis cukup.” ujare Kang Wowok.
Samsul, salah sijine guru tari hang milu cawe-cawe nang kegiyatan iku ngomong, kadhung lare-lare sing kangelan njuged Gandrung masiya nong galengan. Kadhung ana hang alok, gok Gandrung nganggo ‘manset’ lan seweke kombor kaya lenong. Jare Samsul, iku mula madhakaken ambi kahanan hang ana (situasional).
“Kadhung nganggo sewek hang nyapret kaya Gandrung terob, pantese sara melakune lan bisa keserimped temebluk nang sawahan. Mangkane aju dipilih sewek kombor kaya sarung utawa erok, kaya hang akeh ditemoni ring jugedan gandrung moderen saiki. Kadhung ‘manset’ iki tujuwane makene hang njuged gandrung sing kepanasan, merga njugede tepak panas kenthang-kenthang. Naming mengarepe, engko terus diapiki lan ditata maning," jare Samsul, lulusan STKW Surabaya iki.
Cara sekabehane, Gandrung Tengah Sawah iki wis nggawe hiburan anyar lan nyenengaken. Buktine, dhayoh lan turis akeh hang teka ngubengi sawah panggonane Gandrung njuged. Malah sing sithik hang rebutan potrek nganggo latar mburine gandrung njuged, aju dikirim nang media sosial. Paran maning serta acara wis bubar, Gandrung hang arepe ngepos malah dienggo rebutan diajak potrek bareng.
“Isun girang, merga iki terobosan anyar. Masiya ana modernisasi ring njerone penganggon, yaiku ‘manset, tapi magih katon wajar kerana kelire padha ambi wernane kulit. Isun paling suker, ana Gandrung nganggo ‘manset’ kelire macem-macem kaya kelambi. Iki paran bedane ambi kuntulan?” gedigu ujare S. Yadi K, pelukis senior Banyuwangi hang ditemoni tepak ndeleng sak keluwargane ring Waroeng Kemarang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






