Ngilur Ndeleng Locok Uni

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 Februari 2022 10:52 WIB)
- Kuliner



Cilikanisun bengen nong dhaerah Wadung utawa aran Desane Tulungrejo, aju tepak wis bisa memengan utawa ngarepaken sekolah TK isun manggon ring Desa Benelanlor. Ring kana isun suwe-suwene kenal nyang tingkah polah memenganane lalare Using lan kebiyasaan hang wis diwarisi ambi para wong tuwek bengen.

Salah siji kuliner tradhisional hang bisa didadekaken cemilanisun ambi lalare cilik bengen yaiku ngelocok woh uni. Isun nyang wujude woh uni ring wektu iku durung tau weruh. Ahire ambi kanca-kanca diejak mara nyang umahe wong hang duwe wit uni yaiku arane mbah Tariyah. Ring kana wong hang duwe apikan seru, isun lan kanca-kancanisun tuku mung rongewu rupiyah taping wis dilayani, langsung dijuwutaken ring uwite ulih kira-kira sak pelastik.

Hun enget-enget riwayat bengen, uwite dhuwur meh meraji kaya dene uwite manggis taping empange cilik-cilik uga godhonge pisan. Dhung kepingin njuwut ya hing bisa dipenek wektu iku. Wonge hang duwe uwite bain dhung ana hang tuku leren nyengget nganggo sengget jajang hang wis ana sigaran kaya dene cangkem.

Uwohe Uni kaya meraji emeh padha ambi bumbu merica. Uga wujude rentengan dawa kaya anggur naming arang-arang nyelonjor. Wernane hing rata sak renteng cilik iku. ana hang wis cemeng, abang, kuning, uga ana hang magih ijo. Dhung wis cemeng biyasahe uwohe gampang rompol dhung kesemplok sithik.

Ring kana kadhang isun diajari ambi lalare mangan uni langsung, hang dipangan paling using hang wis werna abang. Masiya jare hang mateng iku wernane cemeng dhung wis ditiliki ya kanggonisun isun ya magih ana kecute bain.

Kerana hing betah mangani, isun langsung dijak ambi lalare ngelocok uni. Isun ya magih takon-takon nong njero ati nyang ngelocok uni iku. ahire isun milu ning umahe kancanisun hang padha dipiloni ambi lalare liyane. Sak engetisun bengen nong umahe Pikri hang magih dulur teka anang. Isun diduduhi carane nggawe Locok Uni ambi emake Pikri hang aran uwak Iklimah isun nyeluke. Ring kana prosese gedigi:

  1. Kawitan disiyapaken wadhah gelas utawa aseline nganggo jajang hang dibentuk kaya kenthongan naming ukurane cilik lan cendhek uga hing dibolongi tengah taping hang dibolongi ring ndhuwure.
  2. Aju diweni uni mauka hang wis dirompol teka gagange. Uwoh hang dilebokaken nyang wadhah mauka ya hing dipilihi menurut wernane naming ya langsung kabeh.
  3. Aju dicampuri gula pasir utawa bisa diganti ambi gula abang sak cukupe utawa sak karepe ati.
  4. Sakmarine iku diweni banyu sithik bain utawa sak cukupe.
  5. Hang pungkasan aju digejah nganggo sendhok utawa jajang hang wis disigar lan digawe gepeng ring pucuke kaya sendhok.

Nggejahe jare Wak Iklimah aja kari anter lan tuwuk, pokok dhung arep dipangan digejah sulung. Proses nggejah sakdurunge dipangan hang diarani ngelocok. Aju jarene maning dhung magih kurang manis magih bisa ditambahi gula maning.

Isun langsung nyacak lan kadhang tepak iling ambi lalare, sakkal menyang dhusun Gumuksari nyang umahe Bik Sari maning tuku uni iku mauka. Ale hang dirasakaken ya magih ana kecute kerana mung bisa dienggo emut-emutan bain lan wijine langsung dilepeh dhung wis entek ring cangkem.

Ring kana kenangan iku Alhamdulillah magih jangget sampek saiki. Naming isun sakat munggah SMP wis hing tau ngerasakaken ngelocok uni. Uga ya ring sak ubenge kanca-kancanisun memengan wektu iku ya hing ana hang ngelocok pisan. Dadi paling isun ring jaman SMP iku hing juwari dhung arep ngelocok utawa ajak-ajak dhung hing ana hang ngawiti teka liyane.

Malah isun dhewek hing tau weruh maning nyang mbah Tariyah, magih uriptah ndane, mugi bain tetepa seger waras. Munggane isun nak jaluk unine bain makene bisa ngerasakaken Locok Uni kayadene isun magih cilik bengen. Locok Uni wis bisa ngganteni camilan hang nong toko uga dhung wis dipangan jak akehan ya wenak seru ambi gesah lan muyab bareng lalare.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf