Ngimpi Kecamatan Mbantu Wira Usaha Anyaran
S. Hadiyanto (dipublikasikan pada Rabu, 17 Maret 2021 07:09 WIB)
- Opini
Mandaneya Banyuwangi milu Bajuri (Bangkit Menuju Mandiri) pantese gancang dadi makmur.
Melorote ekonomi tepak mangsa pageblug pandemi Covid iki wis nyata kewela-wela dadi penyebabe pengangguran mbeludag. Nong kana kene akeh pengangguran hang bingung ngadhepi kahanan. Akeh usaha-usaha hang bangkrut, sakwetara peluang usaha magih hing katon jelas.
Ana telung pilihan kanggone para pengangguran lan wong hang dilereni teka pegaweyane, kelebu kebangkrutan usaha, yaiku:
1). Ngelamar dadi buruh, kelebu ngelamar dadi Aparat Sipil Negara.
2). Ngedegaken Usaha dhewek, bisa uga bareng ambi wong liyane.
3). Ngembangaken keahliane kelawan mandiri (dokter, tukang pijet, wong tani, dhukun, nelayan, makelar, pemusik, penyanyi lan liya-liyane).
Impenisun, dulur-dulur ring Banyuwangi padha mberejag nggawe usaha dhewek ana hang sak kancaan. Kabeh padha ubreg nawakaken asil produksine, jasane, warunge lan paran bain hang bisa dadi picis.
Kok bisa? Iku kabeh mergane wong-wong iku mari ulih silihan kredit kelawan bunga 0% teka pemerintah, ambi mbukak tabungane, gandheng renteng nggolet rejeki.
Sawetara, petugas kelurahan lan petugas kecamatan milu ubreg mbantu pemasarane, pembukuane, info bahan, kemasan hang apik nganggo komputer, internet hang ana ring kantore.
Herane nang ngimpi iku, kok ana hang anyar, yaiku "Apuwa kecamatan milu ubreg?"
Jare kadhung arep nong Dinas golet bantuwan kanggo nangani, sungkan lan dalane adoh.
Dadi kadhung nong Kecamatan hang mula duwe tugas pokok "memberdayakan masyarakat" ya hing ana salahe. Paran maning ngadhepi kahanan ekonomi hang saya sesehan iki.
Hun pikir, cara gedigenan iki anjrah dilakoni, nggendhong indhit bareng-bareng ngadhepi dhampak pandemi Iki.
Nawi tah, Banyuwangi hang saiki bupatine anyar, tepak ngadhepi mangsa normal anyaran iki wanen nyacak "Bajuri" iku mau ring taun 2021 iki.
Ngimpi iku arupa cita-cita padha ambi tujuwan, goal. Muga-muga bisa kelaksan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pribadi
Editor: Hani Z. Noor