Nguri-uri Basa Using Adoh Aturane

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 14 Januari 2021 08:30 WIB)
- Opini



Isun tau diceritani ruwahe Pak Hasan Ali, penyusun Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia lan buku liyane, tepak ana wong takon nong iyane. "Apuwa kari nggenteng mbelani nasibe basa Using mangka nong bumi Blambangan iki hing mung ana basa Using, magih ana basa Jawa lan Medura?"
Pak Hasan Ali semaur: "Urip matine basa Jawa wis ana hang nggatekaken yaiku pemda ring Jawa Tengah lan Yogya kana. Basa Medura wis dijaga pemda Medura. Lhah...basa Using sapa hang nguri-uri kadhung dudu wong Banyuwangi?"
Naming emeh 20 taun sakuwise kamus iku terbit lan ana Perda Pengajaran Bahasa Using taun 2007, basa Using magih ngadhepi persoalan hang padha.
Peraturan dhaerah hang nyokong uripe basa Using ring sekolahan hing ana hang ngereken. Kahanan iki dadi kawitan sekabehane pengembangan basa Using. Kadhung sing ana peraturan ulih endi picis APBD-ne? Pungkasane hing bisa nggawe rencana Pengembangan Basa (limang taun, seket taun taun mengarep basa Using arep kelendi kekarepane)? Kelendi arep nggawe pelatihan kanggo nguwataken kompetensi guru (hing kabeh pengajar, wong Using tah dudu, nduwe kemampuan nerangaken nang lalare ilmu basane lan kanggo ngembangaken basane)? Kelendi arep nggawe materi ajare? Kelendi arep nggawe materi penunjange kaya karya sastrane?
Sakuwise Dewan Kesenian Blambangan nerbitaken Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia, buku Tata Ejaan, buku Tata Bahasa Baku Bahasa Using, buku pelajaran kanggo lare sekolah SD kelas 4,5,6 lan kanggo lare SMP kelas 1,2,3 emeh 20 taun kepungkur, wis hing ana maning usaha kanggo nguri-uri basa Using hang terstruktur. Hing ana aturan anyare, hing ana perencanaan basane, lan pelaksanaane.
Mula setemene pilihan nguri-uri basa dhaerah iku hing gampang merga wis ana basa nasional. Lan utamane basa Using, kebutuhane hing sampek dienggo ring ranah formal. Istilahe hing bisa basa Using lare Banyuwangi magih bisa nerusaken uripe kelawan aman. Beda ambi ketrampilan basa Indonesia, kadhung hing nguwasai basa Indonesia, bisa hing lulus sekolah. Paran maning saiki kabeh nganggo ukuran picis, kabeh dibalekaken ring pitakonan: dadi picis pira? Ulih picis pira?
Dadi kelendi carane nyurung supaya basa Using bisa "urip maning" paling using ring sekolah-sekolah?
Ring telatah aturan, mesthine anggota Dewan milu nyurung nang pihak Eksekutip makene nggawe aturan, keputusan, instruksi tah paran ring bupati makene Perda No. 5 taun 2007 bisa ana unine kanggo pelaksanaane. Kadhung wis ana unine, bisa digoletaken picis teka APBD. Semono uga materi dienggo cekelan guru, latihan lalare, lan karya sastrane kudu cemepak makene mengarepe bisa digawekaken rancangan Perencanaan Basane.
Tinggalane Pak Hasan Ali wis jangkep setemene, ana kamus, buku Tata Ejaan lan Tata Bahasa, kari nggawe sempurnane. Umpamane nambahi ucap-ucap hang durung melebu nong kamus, njelentrehaken aturan ring tata bahasane. Masalah ejaan hang durung jejeg? Ejaane wis ana, kadhung sing gelem, acake kongkon nggawe aturane hang kelendi taping kelawan nganggo ilmu basa. Aja mung nganggo ilmu pokoke. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor