Nilai Sosial ring Basanan (4)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 21 Oktober 2024 08:07 WIB)
- Opini
-18365.jpg)
3.2.2 Nilai Sosial ring Basanan (4)
Ditulis ring Syuhadak
Ucap sosial asale teka basa Latin socio hang artine ndadekaken kanca (Prent ring Suwondo, 1994:127). Nilai sosial iku tata cara hubungan antarane menungsa. Nilai sosial iku uga norma hang ngatur hubungan menungsa ring urip bebarengan. Menungsa minangka mahluk sosial seru mbutuhaken anane wong liya ring uripe. Dadi, bisa dingerteni gok nilai sosial iku minangka pandom kanggo nemtoaken arah laku kanggo urip bareng ring masarakat.
Saben masarakat nduwe standar kanggo nanting saben jangkah lakune menungsa. Nilai iku dienggo ngukur saben laku ring urip lan ndadekaken lemek ngelakoni megiyete urip ring masarakat. Nilai sosial sakteruse dienggo ngerumusaken tujuwan kanggo ngontrol gerakan lan arah lakune urip. Standar nilai hang dienggo ring masarakat iku ana hang sipate umum bisa dienggo menungsa sapa bain ana hang husus mung dienggo kelompok sosial iku bain (Back ring Amir, 1986:43). Dene nilai sosial hang ana ring basanan Using Banyuwangi kelebu netepi semaya, tanggung jawab, rukun, setiya, bekti nang wong tuwek, muliyakaken wong liya, sopan santun, pating ndonga, pating nyepura, pating ngengetaken, dhemen nulung lan welas asih.
1. Netepi Semaya
Netepi semaya lan hing sulaya iku laku hang apik. Netepi semaya uga minangka sikap lan laku hang nduduhaken rasa netepi paran hang wis disetujoni nang awak dhewek lan nang wong liya (Tim Penyusun Master PPKN, 2002:19). Sikap iki diduduhaken ring laku hang sak dalan ambi paran hang diomongaken liwat ucap, niyat lan itikad. Laku iki bisa diwujudaken kelawan hubungan ambi awake dhewek, wong liya, keluwarga, masarakat utawa bangsa. Ring tulisan iki dijelentrehaken sikap netepi semaya hang diwujudaken lan hubungane ambi wong liya. Dene kadhung wis ana paran hang wis disepakati jak loron, kabeh kudu netepi semayane lan bisa mujudaken kahanan hang enak, hing nggarahi sumpek ring ati. Sakwalike, kadhung ana semaya hang disulayani ndadekaken kisruh hang ngerusak paran hang dimupakati bareng. Iki datane:
(1) Ana lintang ya ana serngenge
Kupu cedhung ya layang-layangan
Ketang-ketang sing gadug merene Janji kadhung ya wis semayanan
Basanan (1) ngemu sindhiran nang uwong kanggo netepi semayane. Tuturan (1) ngemu maksud apuwa hing netepi semaya ale wis nggawe semaya utawa janji sedurunge.
Frasa sing gadug merene ring tuturan iku nduwe arti konotasi, dudu denotasi. Kadhung arti denotasi maksude "hing nggadug merene" taping kadhung arti konotasine "hing netepi semayane. Dene semayanan kanggo nduduhaken gok "setemene wong loro wis mupakat sedurunge."
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Sastra, Seni, Santet
Editor: Hani Z. Noor